Langsung mlebu

APA IKI DIRANCANG?

Air Susu Ibu

Air Susu Ibu

 Menurut salah siji buku, ora ana susu formula sing isa padha persis kaya Air Susu Ibu (ASI). ASI kuwi sing paling apik kanggo bayi merga kandungan nutrisiné isa berubah sesuai karo kebutuhané bayi.

 Misalé saben nyusoni, ASI sing pertama kali metu kuwi luwih akèh mengandung protéin, vitamin, mineral, karo banyu. Lagi bar kuwi luwih akèh lemaké, lan kuwi sing nggawé bayi dadi wareg. Terus, kandungan nutrisi ing ASI ya isa berubah bergantung karo umur bayiné lan kapan nyusoniné.

 Nèk nyusoniné bengi, hormon melatonin sing ana ing ASI kuwi jumlahé luwih akèh timbang nèk nyusoniné awan. Hormon kuwi sing marakké bayiné ngantuk. Nah pas awan, hormon-hormon sing marakké aktif jumlahé luwih akèh. Perubahan hormon sing ana ing ASI iki mbantu bayi bèn isa ngerti kapan wektuné turu lan tangi.

 Beberapa hari sakwisé nglairké, ASI kuwi wernané kekuningan lan disebut kolostrum. Kolostrum kuwi akèh nutrisiné lan gampang dicerna karo bayi sing lagi waé lair. Nah, ing kolostrum ya ana akèh zat-zat sing isa nglindhungi bayi saka penyakit lan infèksi. Terus, kolostrum ya nggawé pencernaané bayi luwih lancar. Dadi, zat-zat sing berbahaya isa kebuwang. Makané, kolostrum kuwi cocog banget kanggo bayi sing lagi waé lair.

 ASI sing dihasilké ibu mesthi bakal sesuai karo sing dibutuhké bayiné. Misalé nèk bayiné kembar, ASI-né bakal luwih akèh.

 Piyé menurut njenengan? Apa ASI sing kandungan nutrisiné apik kanggo bayi kuwi hasil évolusi? Utawa, apa iki dirancang?