Danièl 11:1-45

  • Raja-rajané Pèrsia lan Yunani (1-4)

  • Raja kidul lan raja lor (5-45)

    • Penagih pajeg (20)

    • Pemimpin perjanjian bakal disingkirké (22)

    • Déwané bèntèng-bèntèng diluhurké (38)

    • Raja lor bakal perang karo raja kidul (40)

    • Laporan saka wétan lan lor sing nggawé kuwatir (44)

11  ”Ing taun pertama pamréntahané Darius+ wong Média, aku nguwatké Mikhaèl* lan nglindhungi dhèwèké.*  Sing arep tak sampèkké marang kowé iki bener: ”Bakal ana raja telu manèh sing nguwasani* Pèrsia. Terus, raja sing kepapat bakal éntuk kekayaan sing luwih akèh timbang raja-raja liyané. Sakwisé dadi kuwat merga kekayaané mau, dhèwèké bakal nglumpukké apa waé bèn isa nyerang kerajaan Yunani.+  ”Bar kuwi, bakal ana raja sing kuwat sing nguwasani lan mréntah dhaérah sing amba banget.+ Dhèwèké bakal tumindak sak karepé dhéwé.  Ning, pas jaya-jayané, kerajaané bakal pecah lan kebagi ing patang arah.*+ Ora ana keturunané sing bakal mréntah nggantèni dhèwèké, merga kerajaan kuwi bakal berakhir lan diwènèhké marang wong-wong liya. Ning, kuwasané kerajaan-kerajaan kuwi ora padha kaya pas dhèwèké mréntah.  ”Salah siji pemimpiné bakal dadi kuwat. Pemimpin kuwi raja kidul. Ning, ana sing bakal dadi luwih kuwat timbang raja iki lan bakal ngalahké raja iki. Dhèwèké nduwé kuwasa sing gedhé lan mréntah dhaérah sing amba banget.  ”Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, raja-raja iki bakal nggawé kesepakatan. Putri raja kidul bakal nemoni* raja lor kanggo nggawé perjanjian. Ning, lengené putri kuwi bakal ilang kekuwatané. Raja kuwi bakal ilang kekuasaané. Putri kuwi, wong-wong sing ngeterké dhèwèké, bapaké, lan wong sing ndhukung dhèwèké bakal dikalahké.  Salah siji anggota keluargané* putri kuwi bakal nggantèni raja kuwi.* Dhèwèké bakal marani pasukan tentara, nyerbu bèntèngé raja lor, terus nyerang lan ngalahké wong-wong kuwi.  Dhèwèké bakal nggawa déwa-déwané, patung logamé,* barang-barangé sing berharga saka pérak lan emas, lan para tawanan menyang Mesir. Terus, pirang-pirang taun suwéné dhèwèké ora ngganggu raja lor.  Raja lor bakal nyerang raja kidul, ning bakal mundur lan bali manèh menyang negarané.* 10  ”Anak-anaké* bakal siap-siap perang lan nglumpukké pasukan sing akèh banget. Dhèwèké bakal nyerang kabèh wilayah ing negara kuwi kaya banjir. Ning, dhèwèké bakal bali lan terus perang ing sepanjang perjalanan menyang bèntèngé. 11  ”Raja kidul bakal dadi nesu, terus mangkat perang nglawan raja lor. Dhèwèké bakal nglumpukké wong akèh banget, ning kabèh wong kuwi bakal diserahké marang raja kuwi.* 12  Kabèh wong kuwi bakal digawa lunga. Dhèwèké* bakal dadi sombong lan matèni wong puluhan èwu, ning kemenangané kuwi ora dimanfaatké. 13  ”Raja lor bakal mulih lan nglumpukké pasukan sing luwih akèh timbang sing pertama. Sakwisé pirang-pirang taun, dhèwèké bakal mara karo pasukan sing akèh banget sing senjatané lengkap. 14  Wektu kuwi, akèh sing bakal nglawan raja kidul. ”Wong-wong sing kejem* saka bangsamu bakal dipengaruhi bèn ana wahyu sing kelakon, ning wong-wong kuwi bakal gagal.* 15  ”Raja lor bakal teka, terus mbangun kubu pengepungan lan ngrebut kutha sing ana bèntèngé. Pasukané raja kidul, termasuk pasukan pilihan, ora bakal isa ngadhepi. Kabèh wong kuwi ora nduwé kekuwatan kanggo nglawan. 16  Raja sing bakal teka kuwi bakal nglawan raja kidul lan tumindak sak karepé dhéwé. Ora ana sing isa ngadhepi dhèwèké. Dhèwèké bakal ngadeg ing Negara sing Apik+ lan bakal nduwé kekuwatan kanggo nyingkirké mungsuh-mungsuhé. 17  Raja iki bakal nduwé tékad arep teka karo kabèh kekuwatan kerajaané, lan bakal ana perjanjian sing digawé karo raja kuwi. Dhèwèké bakal tumindak lan berhasil. Dhèwèké diijinké matèni anak wédok. Anak wédok kuwi ora bakal isa ngadhepi lan ora bakal terus dadi duwèké raja kuwi. 18  Raja kuwi bakal nduwé tékad arep nyerang dhaérah pesisir lan ngrebut akèh dhaérah. Ana komandan sing bakal nggawé raja kuwi ora ngrèmèhké dhèwèké manèh, lan hinaan kuwi bakal berakhir. Komandan mau bakal mbales hinaan kuwi. 19  Terus, dhèwèké* bakal bali menyang bèntèng-bèntèng ing negarané dhéwé. Dhèwèké bakal kesandhung lan tiba, terus ora ana manèh. 20  ”Bar kuwi, bakal ana sing mréntah nggantèni dhèwèké. Wong kuwi bakal ngongkon penagih pajeg* ngubengi kabèh wilayah ing kerajaan sing luar biasa kuwi. Ning sakwisé pirang-pirang dina, wong kuwi bakal mati, dudu merga dipatèni utawa mati pas perang. 21  ”Terus, bakal ana wong sing dirèmèhké sing mréntah nggantèni wong kuwi. Wong sing dirèmèhké kuwi ora bakal éntuk kehormatan kerajaan. Dhèwèké bakal teka pas wong-wong rumangsa aman* lan ngrebut kerajaan kuwi nganggo cara sing licik. 22  Dhèwèké bakal ngalahké pasukan sing tekané kaya banjir. Pasukan kuwi bakal disingkirké, termasuk Pemimpin+ perjanjian.+ 23  Merga ana sing sekongkol karo dhèwèké, dhèwèké bakal terus ngapusi. Dhèwèké bakal dadi kuwat merga dibantu bangsa sing cilik. 24  Pas wong-wong rumangsa aman,* dhèwèké bakal mlebu ing wilayah sing paling makmur ing provinsi kuwi lan nindakké apa sing durung tau ditindakké nènèk moyangé. Rampasan, jarahan, lan barang-barang bakal dibagi-bagi marang rakyat. Dhèwèké ya nggawé siasat arep nyerang panggonan-panggonan sing ana bèntèngé, ning mung sementara. 25  ”Dhèwèké bakal dadi kendel lan nggunakké kekuwatané kanggo nyerang raja kidul lan pasukané sing gedhé. Raja kidul bareng karo pasukané sing gedhé lan kuwat bakal siap-siap perang. Wong-wong kuwi bakal nggawé siasat kanggo nyerang dhèwèké,* mula dhèwèké ora bakal isa ngadhepi. 26  Wong-wong sing mangan panganané sing énak-énak bakal nggawé dhèwèké tiba. ”Pasukané bakal disingkirké, lan akèh sing bakal dipatèni. 27  ”Raja loro kuwi bakal lungguh sak méja kanggo omong-omongan, ning raja loro kuwi padha-padha nduwé niat jahat. Raja loro kuwi padha-padha ngapusi lan siasaté ora bakal berhasil merga akhir raja loro kuwi bakal kelakon ing wektu sing wis ditentokké.+ 28  ”Raja lor kuwi bakal bali menyang negarané karo nggawa harta sing akèh banget. Dhèwèké nduwé tékad arep nentang perjanjian suci. Dhèwèké bakal tumindak lan berhasil, terus bali menyang negarané. 29  ”Ing wektu sing wis ditentokké, dhèwèké bakal nyerang negara kidul. Ning, sing saiki bakal ora padha kaya sing sakdurungé, 30  sebab kapal-kapal Kitim+ bakal nglawan dhèwèké, lan dhèwèké bakal dadi wedi. ”Dhèwèké bakal nduduhké nèk nesu banget lan nentang perjanjian suci.+ Dhèwèké bakal tumindak lan berhasil. Dhèwèké bakal bali lan nggatèkké wong-wong sing ninggalké perjanjian suci. 31  Pasukan-pasukané* bakal mangkat, terus nggawé panggonan suci+ lan bèntèng dadi najis. Pasukan-pasukan kuwi ya ngendhegké persembahan sing diwènèhké saben dina.+ ”Pasukan-pasukan kuwi bakal ndèlèhké perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran.+ 32  ”Wong-wong jahat sing nglanggar perjanjian kuwi bakal dadi murtad merga omongan licik sing diucapké raja lor. Ning, umat sing kenal Gusti Allahé bakal menang. Wong-wong kuwi bakal tumindak lan berhasil. 33  Ing antarané wong-wong kuwi, wong sing nduwé pemahaman+ bakal nggawé akèh wong dadi paham. Sakwisé pirang-pirang dina, wong-wong kuwi bakal dianiaya. Wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang lan geni, lan sing liyané ana sing ditawan lan dijarah. 34  Ning pas dianiaya, wong-wong kuwi bakal éntuk bantuan sementara. Akèh wong bakal gabung karo wong-wong kuwi, ning sakjané ora tulus. 35  Ana wong-wong sing nduwé pemahaman sing bakal dianiaya supaya dadi murni, resik, lan suci+ nganti akhir jaman, merga wektu sing ditentokké durung teka. 36  ”Raja lor bakal tumindak sak karepé dhéwé, rumangsa hébat, lan rumangsa luwih unggul timbang allah-allah. Nganggo omongané sing sombong, dhèwèké ngrèmèhké Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané.+ Dhèwèké ora bakal ngalami apa-apa nganti Gusti Allah rampung nduduhké nesuné. Apa sing wis ditentokké mesthi bakal kelakon. 37  Dhèwèké ora ngajèni Gusti Allahé nènèk moyangé. Dhèwèké ngrèmèhké kepénginané wong-wong wédok lan ngrèmèhké allah liyané. Dhèwèké bakal rumangsa luwih unggul timbang kabèh wong. 38  Dhèwèké malah ngluhurké déwa sing dihormati ing bèntèng-bèntèng, sing ora dikenal nènèk moyangé. Dhèwèké mènèhké emas, pérak, watu-watu sing berharga, lan barang-barang sing berharga marang déwa kuwi. 39  Merga dibantu allah-allah liyané iki, dhèwèké bakal berhasil nyerang bèntèng-bèntèng sing paling kuwat. Sapa waé sing ndhukung dhèwèké* bakal diwènèhi penghormatan. Dhèwèké bakal nggawé wong-wong kuwi mréntah akèh wong. Dhèwèké bakal mbagi-mbagi tanah nèk bayarané cocog. 40  ”Ing akhir jaman, raja lor bakal perang* karo raja kidul. Kaya badai, raja lor bakal nyerang nganggo kréta perang, pasukan sing numpak jaran, lan kapal-kapal. Kaya banjir, dhèwèké bakal mlebu ing akèh negara lan nglelebké negara-negara kuwi. 41  Dhèwèké ya bakal mlebu ing Negara sing Apik,+ lan akèh negara bakal dikalahké. Ning ana sing lolos, yaiku Édom, Moab, lan bagéan penting saka bangsa Ammon. 42  Dhèwèké ya bakal terus nyerang akèh negara, lan Mesir ora bakal lolos. 43  Dhèwèké bakal nguwasani harta karun, yaiku emas, pérak, lan kabèh barang berharga duwèké Mesir. Wong Libia lan Étiopia ya bakal ngetutké dhèwèké. 44  ”Ning, laporan-laporan saka wétan* lan lor bakal nggawé dhèwèké kuwatir. Karo nesu banget, dhèwèké bakal maju kanggo matèni lan nyingkirké akèh wong. 45  Dhèwèké bakal ngedegké kémahé sing megah ing antarané laut sing gedhé lan gunung suci ing Negara sing Apik.+ Bar kuwi, dhèwèké bakal disingkirké lan ora ana sing nulungi.

Katrangan Tambahan

Utawa ”lan dadi bèntèngé”.
Lit.: ”dhèwèké”.
Lit.: ”ngadeg ing”.
Lit.: ”ing angin papat saka langit”.
Utawa ”nikah karo”.
Lit.: ”Salah siji tunas saka akaré”.
Mungkin maksudé raja kidul.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Lit.: ”kerajaané”.
Mungkin maksudé anak-anaké raja lor.
Mungkin maksudé raja kidul.
Mungkin maksudé raja kidul.
Utawa ”Para perampok”.
Lit.: ”kesandhung”.
Mungkin maksudé raja lor.
Mungkin iki maksudé wong sing ndaftar wong-wong dadi tentara.
Utawa mungkin ”teka ujug-ujug”.
Utawa mungkin ”Ujug-ujug”.
Mungkin maksudé raja lor.
Lit.: ”Lengen-lengené”.
Utawa mungkin ”Sapa waé sing dhèwèké dhukung”.
Utawa ”bakal srudug-srudugan”.
Utawa ”arah matahari terbit”.