Danièl 4:1-37

  • Raja Nébukhadnézar ngakoni nèk Gusti Allah kuwi raja (1-3)

  • Mimpiné Raja soal wit (4-18)

    • Bonggolé wit kuwi bakal diejarké pitung taun (16)

    • Gusti Allah kuwi Penguasané manungsa (17)

  • Danièl njelaské arti mimpi kuwi (19-27)

  • Mimpi kuwi pertama-tama kelakon marang Raja (28-36)

    • Raja bakal dadi édan pitung taun suwéné (32, 33)

  • Raja muji Gusti Allah sing nguwasani swarga (37)

4  ”Saka Raja Nébukhadnézar marang wong-wong saka kabèh bangsa lan basa sing manggon ing bumi: Salam!  Aku péngin nyritakké soal mukjijat* lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah sing Mahaluhur marang aku.  Mukjijaté* hébat banget lan tumindaké luar biasa. Kerajaané kuwi kerajaan sing langgeng, lan Dhèwèké mréntah nganti turun-temurun.+  ”Aku, Nébukhadnézar, manggon nyaman ing omahku lan urip makmur ing istanaku.  Aku ngimpi sing marahi aku wedi. Pas turu, aku ngimpi lan ndelok wahyu sing medèni.+  Mula, aku ngundang* kabèh wong wicaksana ing Babilon bèn njelaské artiné mimpi kuwi.+  ”Wektu kuwi, para ahli ilmu gaib, para peramal, wong Khaldéa,* lan para ahli ilmu bintang+ padha ngadhep aku. Aku nyritakké mimpiku marang wong-wong kuwi, ning padha ora isa njelaské artiné.+  Akhiré, Danièl sing dijenengi Bèltesyazar,+ kaya jenengé déwaku,+ ngadhep aku. Dhèwèké nduwé kuwasa saka para déwa sing suci.+ Aku nyritakké mimpiku marang dhèwèké. Aku kandha,  ”’Hé Bèltesyazar, kepalané para ahli ilmu gaib,+ aku ngerti tenan nèk kowé nduwé kuwasa saka para déwa sing suci,+ lan kowé ngerti kabèh rahasia.+ Mula, jelasna artiné wahyu sing tak delok ing mimpiku. 10  ”’Pas turu, aku éntuk wahyu. Ing wahyu kuwi, aku ndelok ana wit+ sing dhuwur banget ing tengah-tengah bumi.+ 11  Wit kuwi saya gedhé lan kuwat. Pucuké nganti tekan langit, lan wit kuwi isa didelok saka ujung-ujung bumi. 12  Godhong lan buahé akèh banget. Kabèh isa éntuk panganan saka wit kuwi. Kéwan-kéwan ing padhang ngéyub ing ngisoré, manuk-manuk ing langit nggawé susuh ing cabang-cabangé, lan kabèh ciptaan isa mangan buahé. 13  ”’Ing wahyu kuwi, aku ya ndelok utusan* sing suci mudhun saka swarga.+ 14  Dhèwèké mbengok, ”Tegoren wit kuwi,+ kethoken cabang-cabangé, rontokna godhong-godhongé, lan sebaren buahé. Bèn waé kéwan-kéwan ing ngisoré padha mlayu lan manuk-manuk ing cabangé padha mabur. 15  Ning, bonggolé lan akaré bèn waé tetep ana ing lemah. Talènana bonggol kuwi nganggo wesi lan tembaga, lan ejarna bonggol kuwi ana ing padhang rumput. Bèn waé kuwi teles merga embun saka langit lan ana ing antarané kéwan lan tanduran ing bumi.+ 16  Bèn waé atiné berubah saka ati manungsa dadi ati kéwan pitung taun*+ suwéné.+ 17  Kuwi keputusan sing disampèkké para utusan*+ lan diumumké para malaékat sing suci.* Kuwi kelakon bèn kabèh wong sing urip ngerti nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa+ lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini, termasuk marang wong sing paling rendhah.” 18  ”’Aku, Raja Nébukhadnézar, ndelok kuwi ing mimpiku. Saiki, hé kowé Bèltesyazar, jelasna artiné mimpi kuwi merga ora ana wong wicaksana ing kerajaanku sing isa njelaské artiné.+ Ning kowé mesthi isa, merga kowé nduwé kuwasa saka para déwa sing suci.’ 19  ”Wektu kuwi, Danièl sing dijenengi Bèltesyazar+ dadi wedi lan meneng sedhéla. ”Terus Raja kandha, ’Hé Bèltesyazar, aja nganti mimpi kuwi lan artiné nggawé kowé wedi.’ ”Bèltesyazar njawab, ’Oh Raja, muga-muga mimpi kuwi lan artiné kelakon marang mungsuh lan wong-wong sing sengit karo njenengan. 20  ”’Wit sing njenengan delok kuwi, sing saya gedhé lan kuwat, sing pucuké nganti tekan langit, sing isa didelok saka ujung-ujung bumi,+ 21  sing godhong lan buahé akèh banget, sing isa mènèhi panganan kanggo kabèh, sing isa dienggo ngéyub kéwan ing padhang, lan sing cabang-cabangé dienggo nggawé susuh manuk-manuk,+ 22  wit kuwi nggambarké njenengan, oh Raja. Kuwi merga njenengan saya agung lan kuwat. Njenengan ya saya mulya+ lan mréntah nganti ujung-ujung bumi.+ 23  ”’Terus, njenengan ndelok utusan* sing suci+ mudhun saka swarga, sing kandha, ”Tegoren lan hancurna wit kuwi. Ning, bonggolé lan akaré bèn waé tetep ana ing lemah. Talènana bonggol kuwi nganggo wesi lan tembaga, lan ejarna bonggol kuwi ana ing padhang rumput. Bèn waé kuwi teles merga embun saka langit lan ana ing antarané kéwan ing padhang pitung taun* suwéné.”+ 24  Oh Raja, iki artiné. Gusti Allah sing Mahaluhur wis mutuské nèk iki bakal njenengan alami. 25  Njenengan bakal diusir saka antarané manungsa lan manggon bareng karo kéwan ing padhang. Pitung taun*+ suwéné njenengan bakal mangan suket kaya sapi.+ Embun saka langit+ bakal nelesi njenengan nganti njenengan sadhar nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini.+ 26  ”’Ning, merga mau disebutké nèk bonggol lan akaré wit kuwi kudu diejarké,+ njenengan bakal dadi raja manèh sakwisé njenengan sadhar nèk Gusti Allah kuwi mréntah ing swarga. 27  Mula Raja, muga-muga njenengan gelem ngrungokké naséhatku iki. Aja nindakké dosa manèh, ning tindakna apa sing bener. Aja nindakké sing jahat manèh, ning nduwéa rasa mesakké marang wong mlarat. Muga-muga uripé njenengan makmur.’”+ 28  Kuwi kabèh kelakon marang Raja Nébukhadnézar. 29  Rolas sasi sakwisé mimpi kuwi, pas lagi mlaku-mlaku ing atap istana Babilon, 30  Raja Nébukhadnézar kandha, ”Luar biasa tenan Babilon sing tak bangun iki. Kuwi tak bangun nganggo kekuwatan lan kuwasaku dhéwé bèn dadi istanaku lan bèn padha ngerti nèk aku iki mulya lan hébat.” 31  Pas Raja isih ngomong, ana swara saka swarga, ”Hé Raja Nébukhadnézar, rungokna iki, ’Kowé ora bakal dadi raja manèh.+ 32  Kowé bakal diusir saka antarané manungsa lan bakal manggon bareng karo kéwan ing padhang. Pitung taun* suwéné, kowé bakal mangan suket kaya sapi, nganti kowé sadhar nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini.’”+ 33  Omongan kuwi langsung dialami Nébukhadnézar. Dhèwèké diusir saka antarané manungsa lan mulai mangan suket kaya sapi. Badané teles merga embun saka langit, rambuté dawa kaya wulu manuk elang, lan kukuné kaya cakar manuk.+ 34  ”Sakwisé wektu sing ditentokké kuwi rampung,+ aku, Nébukhadnézar, ndelok langit lan pikiranku waras manèh. Aku muji lan ngluhurké Gusti Allah sing Mahaluhur, sing urip saklawasé, merga Dhèwèké mréntah kanggo saklawasé lan kerajaané ana nganti turun-temurun.+ 35  Kabèh penduduk bumi ora ana apa-apané nèk dibandhingké Dhèwèké. Dhèwèké nindakké apa waé sing dipéngini marang kabèh pasukan langit lan penduduk bumi. Ora ana sing isa ngalang-alangi Dhèwèké+ utawa kandha, ’Ngapa kok Njenengan nindakké kuwi?’+ 36  ”Wektu kuwi, pikiranku waras manèh. Aku dadi raja sing mulya, hébat, lan dihormati manèh.+ Para pejabat tinggi lan bangsawan mulai njaluk naséhat manèh karo aku. Aku mulai mréntah manèh lan luwih dihormati timbang sakdurungé. 37  ”Saiki, aku, Nébukhadnézar, muji lan ngluhurké Raja sing nguwasani swarga,+ merga kabèh tumindaké bener lan adil,+ lan merga Dhèwèké isa ngrendhahké wong sing sombong.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”Tandhané”.
Utawa ”nyeluk”.
Maksudé, wong-wong sing ahli ilmu ramal lan ilmu bintang.
Lit.: ”penjaga”.
Lit.: ”mangsa”.
Lit.: ”penjaga”.
Utawa ”makhluk sing suci”.
Lit.: ”penjaga”.
Lit.: ”mangsa”.
Lit.: ”mangsa”.
Lit.: ”mangsa”.