Danièl 6:1-28

  • Para pejabat Pèrsia sekongkol nglawan Danièl (1-9)

  • Danièl tetep ndonga (10-15)

  • Danièl diuncalké ing guwa singa (16-24)

  • Raja Darius ngajèni Gusti Allahé Danièl (25-28)

6  Raja Darius mutuské nglantik 120 wakil Raja* kanggo ngawasi kabèh wilayah kerajaan.+  Raja ya nglantik telu pejabat tinggi kanggo ngawasi gawéané para wakil Raja kuwi+ bèn Raja ora rugi. Salah siji pejabat tinggi kuwi Danièl.+  Danièl nduwé kemampuan sing luar biasa.+ Mula, Danièl kebukti luwih unggul timbang pejabat tinggi liyané lan para wakil raja kuwi. Dadi, Raja péngin nglantik dhèwèké dadi penguasa ing kabèh wilayah kerajaan.  Wektu kuwi, para pejabat tinggi lan para wakil Raja terus nggolèk-nggolèk salahé Danièl sing ana hubungané karo tugasé ing kerajaan. Ning, wong-wong kuwi ora isa nemokké kesalahané Danièl merga dhèwèké isa dipercaya, tenanan nyambut gawé, lan mesthi jujur.  Mula, wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé ora bakal isa nemokké salahé Danièl, kecuali nèk kuwi ana hubungané karo ibadahé.”+  Dadi, para pejabat tinggi lan para wakilé Raja kuwi bareng-bareng ngadhep Raja lan kandha, ”Oh Raja Darius, muga-muga njenengan urip saklawasé.  Para pejabat kerajaan, penguasa dhaérah, wakilé Raja, pejabat tinggi kerajaan, lan gubernur sepakat nggawé keputusan lan larangan iki: Saksuwéné 30 dina, ora ana sing éntuk ndonga njaluk apa-apa marang déwa utawa manungsa, kecuali marang njenengan, oh Raja. Wong sing nglanggar préntah kuwi kudu diuncalké ing guwa* singa.+  Mula oh Raja, tulung njenengan ngesahké+ surat keputusan iki bèn keputusan iki ora isa diubah, merga hukumé wong Média lan Pèrsia ora isa dibatalké.”+  Terus, Raja Darius ngesahké surat keputusan kuwi. 10  Sakwisé krungu nèk keputusan kuwi wis disahké, Danièl bali menyang omahé lan mlebu ing ruangan ing atap omahé. Ing ruangan kuwi, ana jendhéla-jendhéla sing mbukak lan madhep Yérusalèm.+ Kaya sing biasa ditindakké sakdurungé ana larangan kuwi, Danièl sujud, ndonga, lan muji Gusti Allahé sedina ping telu. 11  Wektu kuwi, wong-wong kuwi mlebu ing omahé Danièl, terus ndelok Danièl lagi ndonga lan njaluk tulung marang Gusti Allahé. 12  Mula, wong-wong kuwi ngadhep Raja lan ngélingké Raja soal keputusan kuwi, ”Raja, njenengan kan wis ngesahké keputusan sing kandha nèk saksuwéné 30 dina, ora ana sing éntuk njaluk apa-apa marang déwa utawa manungsa, kecuali marang njenengan, ta? Keputusan kuwi kan ya kandha nèk wong sing nglanggar préntah kuwi kudu diuncalké ing guwa singa, ta?” Raja njawab, ”Ya, keputusan kuwi digawé sesuai karo hukumé wong Média lan Pèrsia, lan keputusan kuwi ora isa dibatalké.”+ 13  Wong-wong kuwi langsung kandha, ”Oh Raja, tawanan saka Yéhuda kuwi sing jenengé Danièl,+ ora ngajèni njenengan. Dhèwèké ya ora manut karo keputusan sing wis disahké njenengan. Dhèwèké ndonga sedina ping telu.”+ 14  Pas krungu kuwi, Raja sedhih lan susah banget. Dhèwèké nggolèk-nggolèk cara kanggo nylametké Danièl. Malah nganti matahari terbenam, dhèwèké isih terus ngupaya nylametké Danièl. 15  Akhiré, wong-wong kuwi bareng-bareng ngadhep Raja lan kandha, ”Oh Raja, njenengan ngerti nèk nurut hukumé wong Média lan Pèrsia, keputusan apa waé sing wis disahké raja ora isa diubah.”+ 16  Mula, Raja mréntahké bèn Danièl ditangkep lan diuncalké ing guwa singa.+ Raja kandha marang Danièl, ”Gusti Allahmu sing terus mbok layani bakal nylametké kowé.” 17  Bar kuwi, guwa mau ditutup nganggo watu, lan watuné disègel nganggo cincin cap duwèké Raja lan cincin cap duwèké para bangsawan, bèn keputusan kanggo Danièl kuwi ora isa diubah. 18  Terus, Raja bali ing istanané. Bengi kuwi, dhèwèké pasa lan ora gelem dihibur.* Dhèwèké ya ora isa turu. 19  Akhiré pas isih ésuk banget, Raja cepet-cepet lunga menyang guwa singa. 20  Pas wis cedhak guwa, Raja ngundang* Danièl karo sedhih, ”Hé Danièl, abdiné Gusti Allah sing urip, apa Gusti Allah sing terus mbok layani isa nylametké kowé saka singa-singa iki?” 21  Danièl langsung njawab, ”Oh Raja, muga-muga njenengan urip saklawasé. 22  Gusti Allahku wis ngutus malaékaté kanggo nutup cangkemé singa-singa iki.+ Mula, singa-singa iki ora nyilakani aku,+ merga Gusti Allah ngerti nèk aku ora salah. Aku ya ora salah karo njenengan, oh Raja.” 23  Raja dadi seneng banget lan mréntahké bèn Danièl ditokké saka guwa kuwi. Pas ditokké, Danièl ora luka babar blas merga dhèwèké percaya karo Gusti Allahé.+ 24  Bar kuwi, Raja mènèhi préntah bèn wong-wong sing nudhuh* Danièl ditangkep lan dilebokké guwa singa bareng karo anak bojoné. Sakdurungé tekan ing dhasar guwa, singa-singa kuwi wis nyerang lan ngremuk balung-balungé wong-wong kuwi.+ 25  Terus, Raja Darius ngirim surat marang wong-wong saka kabèh bangsa lan basa ing bumi:+ ”Muga-muga kabèh ayem tentrem! 26  Aku mréntahké kabèh wong ing wilayah kerajaanku bèn padha wedi karo Gusti Allahé Danièl+ merga Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing urip lan ana nganti saklawasé. Kerajaané ora bakal hancur, lan kekuasaané langgeng.+ 27  Dhèwèké mbébaské lan nylametké umaté.+ Dhèwèké ya nggawé mukjijat* lan perkara-perkara sing luar biasa ing langit lan bumi.+ Dhèwèké wis nylametké Danièl saka cakaré singa.” 28  Mula, saksuwéné pamréntahané Darius+ lan pamréntahané Korès wong Pèrsia,+ apa waé sing ditindakké Danièl mesthi berhasil.

Katrangan Tambahan

Ing basa asliné, iki jabatan sing artiné ”pelindhung kerajaan”. Iki maksudé gubernur ing provinsi kerajaan Pèrsia.
Lit.: ”lubang”.
Utawa mungkin ”ora ana pemain musik sing dikongkon mara”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”mitnah”.
Lit.: ”tandha”.