Pangandharing Torèt 14:1-29

  • Nduduhké rasa sedhih sing ora pantes (1, 2)

  • Panganan sing haram lan sing ora haram (3-21)

  • Sepersepuluhan kanggo Yéhuwah (22-29)

14  ”Kowé kuwi anak-anaké Yéhuwah Gusti Allahmu. Aja nggawé luka ing awakmu nganggo pisau,+ lan aja nyukur alismu* nganti entèk kanggo wong mati.+  Kuwi merga kowé bangsa sing suci+ kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu, lan Yéhuwah wis milih kowé saka antarané kabèh bangsa ing bumi bèn dadi umaté,+ yaiku umaté sing istiméwa.*  ”Aja mangan apa waé sing njijiki kanggoné Gusti Allah.+  Iki kéwan sing éntuk mbok pangan:+ Sapi, domba, kambing,  kidang, antelop, kambing liar, domba liar, lan domba gunung.  Kowé éntuk mangan kéwan sing kukuné mbelah lan sing memamah biak.*  Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing mung memamah biak utawa kéwan sing mung nduwé kuku belah, yaiku unta, kelinci, lan hiraks,* merga kéwan-kéwan kuwi mung memamah biak tapi kukuné ora mbelah. Mula, kéwan-kéwan kuwi haram.+  Kowé ya ora éntuk mangan babi, merga babi mung nduwé kuku belah tapi ora memamah biak. Babi kuwi haram. Aja mangan dagingé lan aja ndemèk bathangé.  ”Saka antarané kéwan-kéwan sing urip ing banyu, kowé mung éntuk mangan kéwan sing nduwé sisik lan sirip.+ 10  Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing ora ana sisik lan siripé. Kuwi haram. 11  ”Kowé éntuk mangan manuk apa waé sing ora haram. 12  Ning, kowé ora éntuk mangan manuk elang, elang laut, manuk bangkai hitam,+ 13  elang abang, elang ireng, kabèh elang liyané, 14  kabèh jenis manuk gagak, 15  manuk unta, burung hantu, camar, kabèh jenis manuk alap-alap, 16  burung hantu cilik, burung hantu sing kupingé dawa, angsa, 17  manuk pelikan, manuk bangkai, manuk pecuk padi, 18  bangau, kabèh jenis manuk kuntul, manuk hupo, lan kelélawar. 19  Kabèh jenis serangga sing ana sayapé ya haram lan ora éntuk mbok pangan. 20  Kabèh kéwan mabur sing ora haram éntuk mbok pangan. 21  ”Nèk kowé nemu kéwan sing wis mati, aja mbok pangan.+ Kuwi éntuk mbok wènèhké marang wong asing sing ana ing kutha-kuthamu, lan wong kuwi éntuk mangan. Kuwi ya éntuk mbok edol marang wong asing. Kowé kuwi umat sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu. ”Aja nggodhog anak kambing nganggo susuné emboké.+ 22  ”Saben taun, kowé kudu mènèhi sepersepuluh saka hasil benih sing mbok tandur ing kebon.+ 23  Kowé kudu mangan sepersepuluh saka biji-bijianmu, anggurmu sing anyar, minyakmu, lan anak pertamané sapi, kambing, lan dombamu ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu,+ ing panggonan sing dipilih kanggo mulyakké jenengé, bèn kowé isa terus wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 24  ”Ning, nèk panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo mulyakké jenengé+ kuwi adoh banget lan mbutuhké wektu suwé banget bèn isa tekan kana, lan nèk gawanmu akèh banget (merga Yéhuwah Gusti Allahmu mberkahi kowé), 25  kowé éntuk ngedol sepersepuluhan kuwi, terus dhuwité kudu mbok gawa menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu. 26  Kowé éntuk nggunakké dhuwit kuwi kanggo tuku apa waé sing mbok péngini, misalé sapi, domba, kambing, anggur, minuman keras, lan apa waé sing mbok senengi. Kuwi kudu mbok pangan ing kana, ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé kudu ngrasa seneng bareng karo keluargamu.+ 27  Kowé kudu nggatèkké wong Lèwi sing ana ing kutha-kuthamu,+ merga wong-wong kuwi ora dikèki warisan kaya kowé.+ 28  ”Saben akhir taun ketelu, kowé kudu nggawa kabèh sepersepuluh saka hasil panèn ing taun kuwi lan kudu mbok simpen ing kutha-kuthamu.+ 29  Sakwisé kuwi, wong Lèwi sing ora dikèki warisan kaya kowé, wong asing, anak yatim,* lan randha, sing ana ing kutha-kuthamu bakal teka lan mangan nganti wareg.+ Terus, Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mberkahi kabèh sing mbok tindakké.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”bagéan ing antarané mripatmu”, mungkin termasuk bagéan bathuk.
Utawa ”yaiku duwèké sing berharga”.
Maksudé, kéwan sing ngunyah manèh panganan sing wis dieleg.
Kéwan kaya marmut sing gedhé, ora nduwé buntut, lan manggon ing tebing watu.
Utawa ”yatim piatu”.