Yérémia 10:1-25
10 Hé wong Israèl, rungokna omongané Yéhuwah sing disampèkké marang kowé.
2 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Aja tiru-tiru kebiasaané bangsa-bangsa liya.+
Aja wedi karo tandha-tandha ing langit senajan bangsa liya padha wedi karo kuwi.+
3 Kuwi merga kebiasaané wong-wong kuwi ora ana gunané.
Pengrajin negor wit saka hutan,Terus nggawé kuwi dadi patung nganggo alaté.+
4 Bar kuwi, patung mau dihiasi nganggo pérak lan emas+Lan ditancepké ing lemah nganggo palu lan paku bèn ora tiba.+
5 Kaya wong-wongan ing kebon timun, patung-patung kuwi ora isa ngomong.+
Patung-patung kuwi kudu diangkat merga ora isa mlaku.+
Aja wedi karo patung-patung kuwi merga kuwi ora isa nyilakani kowé lan ya ora isa nindakké sing apik.”+
6 Ora ana sing kaya Njenengan.+ Njenengan hébat.
Njenengan, sing jenengé Yéhuwah, nduwé kuwasa sing gedhé.
7 Sapa sing ora wedi karo Njenengan, oh Rajané kabèh bangsa?+ Njenengan pancèn pantes diajèni,Sebab ing antarané wong-wong sing wicaksana ing kabèh kerajaan ing bumiOra ana sing kaya Njenengan.+
8 Wong-wong kuwi ora masuk akal lan bodho.+
Tuntunan saka patung kayu kuwi ora ana gunané.+
9 Lèmpèngan pérak sing dituku saka Tarsyis+ lan emas saka UfazDigunakké para pengrajin lan pengrajin logam kanggo nglapisi patung kuwi.
Patung-patung kuwi diklambèni benang biru lan wol ungu.
Patung-patung kuwi digawé karo wong-wong sing ahli.
10 Ning Yéhuwah kuwi bener-bener Gusti Allah.
Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing urip+ lan Raja kanggo saklawasé.+
Nesuné isa nggawé bumi goncang,+Lan ora ana bangsa sing tahan ngadhepi nesuné.
11 *Omongna iki marang wong-wong kuwi,”Allah-allah sing ora nggawé langit lan bumiBakal lenyap saka bumi lan saka ngisor langit iki.”+
12 Dhèwèké kuwi Sing Nggawé bumi nganggo kuwasané.
Dhèwèké nggawé tanah sing subur nganggo kawicaksanané+Lan nggelar langit nganggo pemahamané.+
13 Wektu Dhèwèké ngetokké swarané,Banyu ing langit padha gemuruh.+
Dhèwèké nggawé méga* munggah saka ujung-ujung bumi,+Ngongkon kilat metu bareng karo* udan,Lan ngetokké angin saka gudhang-gudhangé.+
14 Saben wong tumindak ora masuk akal lan tanpa pengetahuan.
Saben pengrajin logam bakal digawé isin merga patung ukirané.+
Patung logam* kuwi mung ngapusi.
Patung-patung kuwi ora isa ambegan.+
15 Kuwi kabèh ora ana gunané lan pantes diécé.+
Pas Gusti Allah nyingkirké patung-patung kuwi, kuwi kabèh bakal lenyap.
16 Ning, Gusti Allahé* Yakub ora kaya patung-patung kuwi,Sebab Dhèwèké kuwi sing nggawé sak kabèhé,Lan Israèl kuwi tongkat pusakané.*+
Jenengé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.+
17 Gawanen lunga barang-barangmu saka tanah iki,Hé wong wédok* sing dikepung.
18 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Saiki Aku bakal ngusir penduduk tanah iki,+Lan Aku bakal nggawé wong-wong kuwi susah.”
19 Cilaka tenan aku, merga aku wis dihancurké.+
Lukaku ora isa diobati.
Aku kandha, ”Ya iki penyakitku. Iki kudu tak tanggung.
20 Kémahku wis dihancurké, lan tali-tali kémahé wis dipedhot.+
Anak-anakku wis ninggalké aku lan wis ora ana manèh.+
Ora ana manèh sing isa masang utawa ngedegké kémahku.
21 Para gembala wis tumindak bodho+ lan ora njaluk tuntunané Yéhuwah.+
Kuwi sebabé tumindaké wong-wong kuwi tanpa pemahamanLan kabèh ternaké kocar-kacir.”+
22 Rungokna! Ana kabar sing lagi waé tak tampa.
Ana keributan saka tanah lor.+
Ana pasukan teka saka kana arep nggawé kutha-kutha Yéhuda dadi telantar lan dadi panggonané asu liar.+
23 Oh Yéhuwah, aku ngerti tenan nèk manungsa ora isa milih dalané dhéwé.
Wong sing mlaku ora isa ngarahké langkahé.+
24 Oh Yéhuwah, tulung kandhani aku sesuai karo sing mbok karepké,Ning aja karo nesu,+ bèn Njenengan ora nyingkirké aku.+
25 Njenengan kudu nesu marang bangsa-bangsa sing nolak Njenengan+ lan marang suku-suku sing ora nyebut jeneng-Mu,Sebab wong-wong kuwi wis nyingkirké Yakub.+
Wong-wong kuwi wis nyingkirké dhèwèké nganti entèk+ lan nggawé tanahé dadi telantar.+
Katrangan Tambahan
^ Utawa mungkin ”Nggawé pintu-pintu air kanggo”.
^ Utawa ”uap”.
^ Utawa ”Patung saka logam sing dilebur”.
^ Lit.: ”Bagéané”.
^ Utawa ”kuwi duwèké sing paling berharga”.
^ Maksudé, Yérusalèm.