Yérémia 11:1-23

  • Yéhuda nglanggar perjanjian karo Gusti Allah (1-17)

    • Allah-allahé padha akèhé kaya kutha-kuthané (13)

  • Yérémia kaya anak domba sing arep dibelèh (18-20)

  • Yérémia arep dipatèni karo wong-wong saka kutha asalé (21-23)

11  Iki omongané Yéhuwah marang Yérémia:  ”Hé umat-Ku, rungokna isiné perjanjian iki. ”Sampèkna iki* marang wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm.  Ngomonga, ’Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, kandha, ”Wong sing ora manut isiné perjanjian iki bakal dikutuk.+  Perjanjian iki Tak gawé karo nènèk moyangmu pas Aku nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ saka panggonan kanggo nglebur wesi.*+ Isiné yaiku, ’Manuta omongan-Ku, lan kowé kudu nindakké kabèh sing Tak préntahké marang kowé. Mula kowé bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu.+  Dadi, Aku isa nepati sumpah-Ku marang nènèk moyangmu kanggo mènèhi wong-wong kuwi tanah sing akèh susu lan maduné,’+ yaiku tanah sing mbok enggoni nganti saiki.”’” Terus aku njawab, ”Amin,* Yéhuwah.”  Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Umumna kabèh omongan iki ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm, ’Rungokna isiné perjanjian iki, lan tindakna kuwi.  Pas nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, Aku wis ngélikké wong-wong kuwi, ”Manuta omongan-Ku.”+ Aku isih terus* ngélikké wong-wong kuwi nganti saiki.  Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.* Wong-wong kuwi malah ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Mula, Aku ngukum wong-wong kuwi sesuai karo apa sing ditulis ing perjanjian. Kuwi perjanjian sing wis Tak préntahké bèn ditindakké wong-wong kuwi lan perjanjian sing wis ditolak wong-wong kuwi.’”  Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm padha sekongkol. 10  Wong-wong kuwi padha nindakké manèh kesalahané nènèk moyangé mbiyèn, sing ora gelem manut omongan-Ku.+ Wong-wong kuwi ya nyembah lan nglayani allah-allah liya.+ Wong Israèl lan wong Yéhuda wis nglanggar perjanjian sing Tak gawé karo nènèk moyangé.+ 11  Kuwi sebabé Yéhuwah kandha, ’Aku bakal nyebabké wong-wong kuwi kena bencana,+ lan ora ana sing isa lolos. Pas wong-wong kuwi njaluk tulung marang Aku, Aku ora bakal ngrungokké.+ 12  Terus, penduduk kutha-kutha Yéhuda lan Yérusalèm bakal lunga marang allah-allah sing biasané diwènèhi korban.* Wong-wong kuwi padha njaluk tulung marang allah-allah kuwi,+ ning allah-allah kuwi ora bakal isa nylametké pas wong-wong kuwi kena bencana. 13  Oh Yéhuda, allah-allahmu akèhé padha kaya kutha-kuthamu. Kowé mbangun mézbah lan mènèhké korban marang Baal,+ brahala sing ora ana gunané kuwi. Mézbah-mézbah kuwi jumlahé padha akèhé kaya dalan-dalan Yérusalèm.’ 14  ”Kowé Yérémia, aja ndonga kanggo bangsa iki. Aja sambat utawa ndonga kanggo wong-wong kuwi.+ Nèk wong-wong kuwi ngalami bencana lan njaluk tulung marang Aku, mesthi ora bakal Tak rungokké. 15  Ngapa umat sing Tak tresnani kuwi ana ing omah-Ku,Padahal akèh sing wis nindakké rencana jahat? Apa mbok kira nèk mènèhké korban isa nyegah bèn kowé ora ngalami bencana,Terus bar kuwi kowé* isa seneng-seneng? 16  Yéhuwah tau nyebut kowé wit zaitun sing subur,Sing indah lan buahé apik. Ning nganggo swara banter, Dhèwèké ngobong wit kuwi,Lan mungsuh-mungsuh nugel cabang-cabangé. 17  ”Yéhuwah pemimpiné pasukan, sing nandur kowé,+ wis kandha nèk kowé bakal ngalami bencana merga kejahatan sing wis ditindakké wong Israèl lan wong Yéhuda. Wong-wong kuwi mènèhké korban marang Baal kanggo nglarani ati-Ku.”+ 18  Yéhuwah wis ngandhani aku bèn aku ngerti. Oh Gusti Allah, wektu kuwi Njenengan nduduhké tumindaké wong-wong kuwi marang aku. 19  Aku kaya anak domba jinak sing digiring arep dibelèh. Aku ora ngerti nèk wong-wong kuwi nggawé rencana jahat iki marang aku:+ ”Ayo ngancurké wit lan buahé. Ayo matèni dhèwèké, bèn jenengé ora diéling-éling manèh.” 20  Ning, Yéhuwah pemimpiné pasukan ngadili nganggo cara sing adil. Dhèwèké mriksa ati+ lan pikiran.* Oh Gusti Allah, tulung ijinké aku ndelok Njenengan mbales wong-wong kuwiMerga kasusku wis tak pasrahké Njenengan. 21  Kuwi sebabé Yéhuwah kandha marang wong-wong Anatot+ sing péngin matèni aku, sing kandha, ”Aja ngramal nganggo jeneng Yéhuwah.+ Nèk nékad, kowé bakal tak patèni.” 22  Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Aku bakal ngukum wong-wong kuwi. Cah-cah lanang bakal dipatèni nganggo pedhang.+ Anak-anaké wong-wong kuwi, sing lanang lan sing wédok, bakal mati merga kelaparan.+ 23  Ora ana sing isih tetep urip, merga Aku bakal nggawé wong-wong Anatot+ kena bencana, yaiku ing taun wong-wong kuwi dihukum.”

Katrangan Tambahan

Kayané préntah kanggo Yérémia.
Iki lambang penindasan sing kejem.
Utawa ”Dadia kaya ngono”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan”.
Lit.: ”utawa ngarahké kupingé”.
Utawa ”sing digawèkké asap korban”.
Maksudé, Yéhuda.
Lit.: ”ginjal”.