Yérémia 13:1-27

  • Sabuk linèn sing rusak (1-11)

  • Genthong anggur sing dibenturké karo genthong liyané (12-14)

  • Yéhuda ditawan merga ora gelem berubah (15-27)

    • ”Apa wong Kus isa ngubah warna kulité?” (23)

13  Yéhuwah ngongkon aku, ”Tukua sabuk saka linèn, lan enggonen kuwi ing pinggangmu, ning kuwi aja nganti teles.”  Terus, kaya sing diomongké Yéhuwah, aku tuku sabuk kuwi lan tak enggo ing pinggang.  Bar kuwi, Yéhuwah ngomong manèh marang aku,  ”Lungaa menyang Kali Éfrat. Ing kana, dhelikna sabuk sing mbok tuku lan mbok enggo kuwi ing celahé tebing watu.”  Mula, aku lunga lan ndhelikké kuwi ing cedhak Kali Éfrat, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah.  Ning pirang-pirang dina bar kuwi, Yéhuwah kandha marang aku, ”Lungaa menyang Kali Éfrat, terus jupuken sabuk sing Tak kongkon ndhelikké ing kana.”  Mula, aku lunga menyang Kali Éfrat lan nggali sabuk kuwi. Sabuké tak jupuk saka panggonan sing mbiyèn tak enggo ndhelikké. Ning, jebulé sabuké wis rusak lan ora ana gunané manèh.  Terus Yéhuwah kandha marang aku,  ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kesombongané Yéhuda lan keangkuhané Yérusalèm+ bakal hancur kaya sabuk kuwi. 10  Bangsa sing jahat iki ora gelem manut omongan-Ku.+ Wong-wong kuwi malah ndableg nuruti kepénginan atiné dhéwé,+ nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya. Mula, bangsa iki bakal dadi kaya sabuk sing ora ana gunané kuwi.’ 11  Yéhuwah kandha, ’Kaya sabuk sing ditalèkké kenceng ing pinggang, Aku nggawé kabèh wong Israèl lan kabèh wong Yéhuda cedhak karo Aku. Aku nggawé wong-wong kuwi dadi umat-Ku,+ kemuliaan-Ku,+ kehormatan-Ku, lan isa ngluhurké Aku, ning wong-wong kuwi ora manut.’+ 12  ”Sampèkna pesen iki marang wong-wong kuwi, ’Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha ngéné: ”Saben genthong kudu diisi anggur.”’ Wong-wong kuwi bakal njawab, ’Aku wis ngerti nèk saben genthong kudu diisi anggur.’ 13  Terus ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kaya genthong sing diisi anggur, Aku bakal ngisi kabèh penduduk ing tanah iki+ nganggo anggur nganti mabuk, termasuk raja-raja sing lungguh ing takhtané Daud, para imam lan nabi, lan kabèh penduduk Yérusalèm. 14  Kaya genthong sing dibenturké karo genthong liyané, Aku bakal nggawé bapak ngancurké anaké lan anak ngancurké bapaké,” kandhané Yéhuwah.+ ”Aku ora bakal sedhih utawa mesakké. Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi, lan ora ana sing isa ngalang-alangi Aku.”’+ 15  Rungokna lan gatèkna. Aja sombong, merga Yéhuwah wis ngomong. 16  Luhurna Yéhuwah Gusti AllahmuSakdurungé Dhèwèké nggawé dina dadi peteng,Sakdurungé sikilmu kesandhung ing gunung pas wis arep bengi. Sing mbok arep-arep padhang,Ning, Dhèwèké bakal nggawé padhang kuwi dadi peteng. Padhang kuwi diubah dadi peteng ndhedhet.+ 17  Nèk kowé ora gelem ngrungokké,Aku bakal meneng-meneng nangis merga kesombonganmu. Aku bakal nètèské air mata sing akèh, lan air mataku bakal mili terus saka mripatku,+Sebab umaté Yéhuwah+ didadèkké tawanan. 18  Ngomonga marang raja lan ibu suri,+ ’Mudhuna saka takhtamu,Merga mahkotamu sing indah bakal dicopot saka sirahmu.’ 19  Gerbang-gerbang kutha ing kidul wis ditutup, ora ana sing mbukak. Kabèh wong Yéhuda wis didadèkké tawanan.+ 20  Kowé* kudu ndelok lan nggatèkké mungsuh-mungsuh sing padha teka saka lor.+ Endi ternak sing diwènèhké marang kowé, yaiku domba-dombamu sing apik?+ 21  Kowé bakal ngomong apa nèk sing ngukum kowé kuwi jebulé wong sing kèt mbiyèn mbok anggep kanca cedhak?+ Kowé mesthi bakal kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké.+ 22  Nèk kowé mbatin, ’Ngapa kok aku ngalami kabèh iki?’+ Kowé kudu ngerti nèk iki merga kesalahanmu akèh banget,+Mula klambimu dicopot lan sikilmu* lara banget. 23  Apa wong Kus* isa ngubah warna kulité,Utawa apa macan tutul isa ngubah tutulé?+ Nèk nganti isa, kowé sing biasa tumindak jahat bakal isa tumindak apik. 24  Mula, Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kesebar kaya jerami sing kabur kena angin gurun.+ 25  Kuwi sing bakal mbok* alami. Kuwi sing wis Tak wènèhké dadi bagéanmu,” kandhané Yéhuwah,”Sebab kowé wis nglalèkké Aku+ lan kowé wis percaya karo omongan sing ora bener.+ 26  Mula, Aku bakal mbukak ujung jubahmu nganti tekan wajahmu,Lan kabèh bakal ndelok kowé wuda.+ 27  Laku jina sing mbok tindakké,+ nafsumu,Lan pelacuranmu sing bejat* ya bakal dibukak. Ing bukit-bukit lan ing padhang,Aku wis ndelok kelakuanmu sing njijiki.+ Cilaka tenan kowé Yérusalèm. Nganti kapan kowé bakal tetep najis?”+

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé Yérusalèm.
Lit. ”tungkakmu; tumitmu”.
Utawa ”Étiopia”.
Mungkin maksudé Yérusalèm.
Utawa ”sing ngisin-isini”.