Yérémia 14:1-22

  • Musim kering, kelaparan, lan pedhang (1-12)

  • Nabi-nabi palsu bakal mati (13-18)

  • Yérémia ngakoni dosané bangsané (19-22)

14  Iki sing diomongké Yéhuwah marang Yérémia soal musim kering:+   Yéhuda sedhih banget,+ lan gerbang-gerbangé ambruk. Gerbang-gerbang kuwi padha tiba ing lemah lan kétok sedhih banget. Wong-wong Yérusalèm padha mbengok.   Para majikan ngongkon pelayané nggolèk banyu. Pas wis padha tekan sumur, jebulé ora ana banyuné. Terus, para pelayané bali karo nggawa wadhah sing kosong,Lan padha isin lan kecéwa. Sirahé ya padha ditutupi.   Tanah dadi retak merga ora ana udan ing negara iki.+ Para petani dadi bingung lan nutupi sirahé.   Malah rusa wédok ing padhang padha ninggalké anaké sing lagi waé lairMerga ora ana suket.   Keledai-keledai liar ngadeg ing bukit-bukitLan menggèh-menggèh kaya asu liar. Mripaté dadi blawur merga ora nemokké tanduran.+   Senajan kesalahanku lan kesalahané bangsaku dhéwé mbuktèkké nèk aku lan bangsaku salah,Tulungana aku lan bangsaku demi jeneng-Mu, oh Yéhuwah.+ Aku lan bangsaku kerep banget tumindak ora setya+ Lan wis dosa marang Njenengan.   Oh harapané Israèl, Sing Nylametké+ Israèl wektu susah,Ngapa Njenengan kaya wong asing ing tanah iki,Kaya wong sing mung mampir nginep?   Ngapa Njenengan kaya wong bingung,Kaya wong kuwat sing ora sanggup nylametké? Padahal, Njenengan ana ing tengah-tengahé umat-Mu, oh Yéhuwah.+ Aku lan bangsaku ya disebut nganggo jeneng-Mu.+ Aja ninggalké aku lan bangsaku. 10  Iki sing diomongké Yéhuwah soal bangsa iki: ”Wong-wong kuwi seneng mlaku mrana-mréné,+ sikilé ora isa meneng.+ Mula, Yéhuwah ora seneng karo wong-wong kuwi.+ Saiki Dhèwèké bakal ngéling-éling kesalahané wong-wong kuwi lan ngukum wong-wong kuwi merga dosané.”+ 11  Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Aja ndongakké sing apik kanggo bangsa iki.+ 12  Pas padha pasa, Aku ora bakal ngrungokké sing dijaluk wong-wong kuwi.+ Pas wong-wong kuwi mènèhké persembahan bakaran lan persembahan biji-bijian, Aku ora bakal seneng.+ Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi nganggo pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit.”+ 13  Wektu krungu kuwi, aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Para nabi kandha marang wong-wong kuwi, ’Ora bakal ana perang lan kelaparan. Gusti Allah bakal mènèhi kowé kedamaian ing panggonan iki.’”+ 14  Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Para nabi kuwi nyampèkké ramalan sing ora bener nganggo jeneng-Ku.+ Aku ora ngutus wong-wong kuwi.+ Aku ya ora ngongkon utawa ngomong karo wong-wong kuwi. Ramalané wong-wong kuwi isiné wahyu sing ora bener, ramalan sing ora ana gunané, lan crita sing dikarang-karang dhéwé.+ 15  Nabi-nabi kuwi ngramal nganggo jeneng-Ku, padahal Aku ora ngutus wong-wong kuwi. Nabi-nabi kuwi ya kandha nèk ora bakal ana perang utawa kelaparan ing tanah iki. Soal nabi-nabi kuwi, iki sing diomongké Yéhuwah: ’Para nabi kuwi bakal mati merga pedhang lan kelaparan.+ 16  Wong-wong sing ngrungokké ramalané wong-wong kuwi bakal mati lan diuncalké ing dalan-dalan Yérusalèm merga kelaparan lan perang. Wong-wong kuwi ora bakal dikubur.+ Bojoné, anaké lanang, lan anaké wédok ya ora bakal dikubur. Aku bakal mènèhi bencana sing pantes ditampa wong-wong kuwi.’+ 17  ”Omongna iki marang wong-wong kuwi,’Bèn waé aku nangis awan lan bengi, tanpa mandheg,+Merga anakku wédok, yaiku bangsaku, wis bener-bener diremuk+ lan lukané parah banget. 18  Pas aku metu menyang njaba kutha,Aku ndelok wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang.+ Pas aku mlebu ing njero kutha,Aku ndelok penyakit merga kelaparan.+ Para nabi lan imam wis lunga menyang negara asing sing ora dikenal.’”+ 19  Apa Njenengan wis bener-bener nolak Yéhuda lan sengit karo Zion?+ Ngapa Njenengan nggawé aku lan bangsaku lara nganti ora isa ditambani?+ Sing diarep-arep kuwi bèn ayem tentrem, ning sing kelakon malah sing ora apik. Sing diarep-arep kuwi bèn isa séhat, ning anané mung rasa wedi.+ 20  Oh Yéhuwah, aku lan bangsaku ngakoni kejahatan sing wis tak tindakkéLan kesalahané nènèk moyangku. Aku lan bangsaku wis dosa marang Njenengan.+ 21  Demi jeneng-Mu, aja nolak aku lan bangsaku.+ Aja ngrèmèhké takhtané Njenengan sing mulya. Élinga perjanjian-Mu karo aku lan bangsaku, lan kuwi aja dibatalké.+ 22  Ing antarané brahala-brahala sing ora ana gunané saka bangsa-bangsa,Apa ana sing isa nggawé udan, utawa apa langit kuwi dhéwé isa nggawé udan? Mung Njenengan sing isa nindakké kuwi, oh Yéhuwah Gusti Allahku.+ Aku ngarep-arep Njenengan merga mung Njenengan sing isa nindakké kabèh kuwi.

Katrangan Tambahan