Yérémia 3:1-25

  • Israèl wis murtad banget (1-5)

  • Israèl lan Yéhuda dosa merga melacur (6-11)

  • Dikongkon mertobat (12-25)

3  Ana sing kandha, ”Nèk wong lanang megat bojoné, terus bojoné kuwi lunga lan nikah karo wong lanang liya, wong lanang sing pertama kuwi ora éntuk bali manèh karo wong wédok mau.” Tanah iki kan wis bener-bener najis, ta?+ ”Kowé wis melacur karo akèh wong lanang.+ Apa pantes kowé saiki bali marang Aku?” kandhané Yéhuwah.   ”Deloken ing arah bukit-bukit. Panggonan endi sing durung tau mbok enggo turu karo wong lanang? Ing pinggir dalan, kowé lungguh nunggu wong-wong kuwi,Kaya pengembara* ing padhang belantara. Kowé terus-terusan nggawé tanah iki dadi najis nganggo pelacuranmu lan kejahatanmu.+   Kuwi sebabé ora ana udan,+Lan pas musim semi ya ora ana udan. Tumindakmu kuwi ora nduwé isin kaya wong wédok sing wis nikah sing melacur. Kowé ora nduwé isin.+   Ning saiki kowé kandha marang Aku,’Bapakku, Njenengan kuwi sahabatku kèt aku isih enom.+   Apa Njenengan arep nesu terus,Utawa apa Njenengan arep terus jèngkèl karo aku?’ Kowé ngomong ngono,Ning kowé ya terus nindakké kabèh kejahatan sing isa mbok tindakké.”+  Pas jamané Raja Yosia,+ Yéhuwah kandha marang aku, ”’Apa kowé ndelok sing ditindakké wong Israèl sing mbrontak kuwi? Dhèwèké lunga ing saben gunung sing dhuwur lan ing ngisoré saben wit sing rimbun bèn isa melacur.+  Senajan dhèwèké nindakké kuwi kabèh, Aku bola-bali ngongkon bèn dhèwèké mertobat marang Aku,+ ning dhèwèké ora gelem. Yéhuda terus-terusan ndelok apa sing ditindakké mbakyuné sing ora setya kuwi.+  Pas Aku weruh kuwi, Aku ngusir Israèl sing mbrontak lan Aku mènèhi dhèwèké surat cerai+ merga dhèwèké laku jina.+ Ning adhiné wédok, yaiku Yéhuda sing ora setya kuwi, ora wedi dihukum. Dhèwèké malah mèlu-mèlu melacur.+  Dhèwèké* nyepèlèkké pelacurané. Dhèwèké terus-terusan nggawé tanah kuwi dadi najis lan nindakké laku jina nganggo cara nyembah watu lan wit.+ 10  Senajan ngono, adhiné wédok, yaiku Yéhuda sing ora setya kuwi, ora gelem saktulusé ati mertobat marang Aku. Dhèwèké mung éthok-éthok,’ kandhané Yéhuwah.” 11  Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Israèl sing mbrontak kuwi jebulé isih luwih apik timbang Yéhuda sing ora setya.+ 12  Lungaa menyang lor lan umumna,+”’”Mertobata, hé Israèl sing murtad,” kandhané Yéhuwah.’+ ’”Aku ora bakal nesu manèh,+ merga Aku setya,” kandhané Yéhuwah.’ ’”Aku ora bakal nesu terus. 13  Ning kowé kudu ngakoni salahmu, merga kowé wis mbrontak nglawan Yéhuwah Gusti Allahmu. Ing ngisoré saben wit sing rimbun, tresnamu mbok bagi-bagi marang allah-allah palsu.* Kowé ya ora gelem manut omongan-Ku,” kandhané Yéhuwah.’” 14  ”Mertobata, hé kowé anak-anak sing murtad,” kandhané Yéhuwah. ”Sebab mung Aku sing dadi majikanmu.* Aku bakal njupuk kowé, wong siji saka saben kutha lan wong loro saka saben keluarga, lan Aku bakal nggawa kowé menyang Zion.+ 15  Aku bakal mènèhi kowé gembala-gembala sing bakal tumindak sesuai karo karep-Ku.*+ Wong-wong kuwi bakal mènèhi kowé pengetahuan lan pemahaman. 16  Wektu kuwi, kowé bakal dadi akèh lan saya akèh ing tanah kuwi,” kandhané Yéhuwah.+ ”Kowé ora bakal ngomongké manèh soal pethi perjanjiané Yéhuwah. Kowé ya ora bakal mikirké, kèlingan, utawa kangen manèh karo kuwi. Pethi kuwi ora bakal digawé manèh. 17  Wektu kuwi, kowé bakal nyebut Yérusalèm takhtané Yéhuwah.+ Kabèh bangsa bakal diklumpukké kanggo ngluhurké jeneng Yéhuwah ing Yérusalèm.+ Kowé ora bakal ndableg manèh nuruti kepénginan atimu sing jahat.” 18  ”Wektu kuwi, kowé, yaiku wong Yéhuda lan Israèl, bakal bersatu.+ Kowé bakal bareng-bareng metu saka tanah lor menyang tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangmu dadi warisané.+ 19  Mbiyèn Aku mikir, ’Mesthi nyenengké banget nèk Aku nganggep kowé kaya anak-anak-Ku lanang* lan mènèhi kowé tanah sing apik, warisan sing paling apik ing antarané bangsa-bangsa.’+ Aku ya mikir nèk kowé bakal nyebut Aku, ’Bapakku’ lan nèk kowé ora bakal ninggalké Aku. 20  ’Ning wong Israèl, kowé malah ngianati Aku,+ kaya wong wédok sing ngianati lan ninggalké bojoné,’* kandhané Yéhuwah.” 21  Ing bukit-bukit bakal ana swara,Yaiku swarané wong Israèl sing padha nangis lan sambat,Merga wong-wong kuwi wis milih dalan sing salah. Wong-wong kuwi wis nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahé.+ 22  ”Mertobata, hé kowé anak-anak sing murtad. Aku bakal nambani kowé, lan kowé ora bakal murtad manèh.”+ ”Oh Yéhuwah, iki aku.* Aku ngadhep marang NjenenganMerga Njenengan kuwi Gusti Allahku.+ 23  Swara berisik sing tak gawé ing bukit-bukit lan ing gunung-gunung kuwi bener-bener ora ana gunané.+ Sing isa nylametké Israèl kuwi mung Yéhuwah Gusti Allahku.+ 24  Kèt aku isih cilik, brahala sing ora ana gunané kuwi wis njupuk hasil kerja kerasé nènèk moyangku,+Yaiku kambing, domba, lan sapi,Karo anak-anaké lanang lan anak-anaké wédok. 25  Mula, bèn waé aku kisinan,Bèn waé aku dirèmèhké. Merga kèt isih cilik nganti saiki,+Aku lan nènèk moyangku wis dosa marang Yéhuwah Gusti Allahku+Lan ora manut karo omongané Yéhuwah Gusti Allahku.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wong Arab”.
Mungkin maksudé Israèl.
Utawa ”wong-wong sing ora dikenal”.
Utawa mungkin ”bojomu”.
Lit.: ”sesuai karo ati-Ku”.
Maksudé, mènèhi kowé warisan sing biasané diwènèhké marang anak lanang.
Lit.: ”pasangané”.
Maksudé, wong Israèl.