Yérémia 31:1-40

  • Wong Israèl sing slamet bakal manggon manèh ing tanahé (1-30)

    • Rakhèl nangisi anak-anaké (15)

  • Perjanjian anyar (31-40)

31  Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi, Aku bakal dadi Gusti Allahé kabèh keluarga ing Israèl, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.”+   Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Ing padhang belantara, wong-wong sing slamet saka pedhang dimesakké Gusti Allah. Israèl mlaku menyang panggonan istirahaté.”   Yéhuwah marani aku saka panggonan sing adoh lan kandha,”Katresnan-Ku marang kowé kuwi katresnan sing ana sakterusé. Merga katresnan kuwi, Aku setya karo kowé lan narik kowé marang Aku.*+   Aku bakal mbangun kowé manèh, lan kowé ya bakal dibangun manèh.+ Hé wong Israèl, kowé bakal njupuk rebanamu manèhLan nari karo seneng banget.*+   Kowé bakal nggawé manèh kebon-kebon anggur ing gunung-gunung Samaria.+ Wong sing nandur anggur bakal mangan buahé.+   Bakal tekan wektuné, para penjaga ing dhaérah pegunungan Éfraim bakal mbengok,’Kowé kudu siap-siap. Ayo awaké dhéwé munggah menyang Zion, panggonané Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé.’”+   Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Padha nyanyia karo seneng kanggo Yakub. Kowé kudu sorak-sorak merga kowé mimpin bangsa-bangsa.+ Umumna berita kuwi. Ucapna syukur lan ngomonga,’Oh Yéhuwah, slametna umat-Mu, yaiku wong Israèl sing isih urip.’+   Aku nggawa wong-wong kuwi bali saka tanah lor.+ Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka bagéan-bagéan sing paling adoh ing bumi.+ Ing antarané wong-wong kuwi, ana sing wuta lan sing lumpuh.+ Ana manèh wong wédok sing meteng lan sing arep nglairké, kabèh bareng-bareng. Wong-wong kuwi bakal bali mréné dadi jemaat sing jumlahé akèh.+   Wong-wong kuwi bakal teka karo nangis.+ Pas wong-wong kuwi njaluk dimesakké, Aku bakal nuntun wong-wong kuwi. Aku bakal nuntun wong-wong kuwi menyang kali+ Lan menyang dalan sing rata bèn wong-wong kuwi ora kesandhung,Sebab Aku iki Bapaké Israèl, lan Éfraim kuwi anak-Ku sing pertama.”+ 10  Hé bangsa-bangsa, rungokna omongané Yéhuwah, lan umumna kuwi ing pulau-pulau sing adoh:+ ”Dhèwèké sing wis nggawé Israèl kesebar bakal nglumpukké wong-wong kuwi manèh. Dhèwèké bakal njaga wong-wong kuwi kaya gembala sing njaga domba-dombané.+ 11  Yéhuwah bakal nebus Yakub+ lan nylametké dhèwèké saka wong sing luwih kuwat timbang dhèwèké.+ 12  Wong-wong kuwi bakal teka lan sorak-sorak ing Gunung Zion+ Lan padha bahagia merga apa sing apik saka Yéhuwah,Merga biji-bijian, anggur anyar,+ minyak,Anak-anak kambing, domba, lan sapi.+ Wong-wong kuwi bakal dadi kaya kebon sing dialiri banyu.+ Wong-wong kuwi ora bakal susah manèh.”+ 13  ”Wektu kuwi, prawan bakal nari karo senengBareng karo cah lanang lan wong lanang tuwa.+ Rasa sedhihé wong-wong kuwi bakal Tak ubah dadi rasa seneng.+ Wong-wong kuwi bakal Tak hibur, lan rasa sedhihé bakal Tak ganti karo rasa seneng.+ 14  Aku bakal mènèhi para imam panganan sing akèh,Lan umat-Ku bakal dipuaské karo apa sing apik sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi,”+ kandhané Yéhuwah. 15  ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Ing Rama,+ ana swara ratapan lan tangisan. Rakhèl nangisi anak-anaké lanang.+ Dhèwèké ora gelem dihiburMerga anak-anaké wis ora ana.’”+ 16  Iki sing diomongké Yéhuwah: ”’Aja nangis, lan aja nètèské air mata,Sebab apa sing mbok tindakké bakal diupahi,’ kandhané Yéhuwah. ’Wong-wong kuwi bakal bali saka tanahé mungsuh.’+ 17  ’Ana harapan kanggo kowé,’+ kandhané Yéhuwah. ’Anak-anakmu lanang bakal bali menyang dhaérahé dhéwé.’”+ 18  ”Aku jelas-jelas krungu Éfraim sambat karo sedhih,’Aku kaya anak sapi sing durung dilatih,Ning Njenengan ngandhani aku, lan aku ya gelem dikandhani. Bantunen aku bèn ora nindakké manèh apa sing jahat, lan aku ya bakal nindakké kuwi,Merga Njenengan kuwi Yéhuwah Gusti Allahku. 19  Aku ngrasa gela,+ terus bali marang Gusti Allah. Sakwisé aku paham, aku dadi sedhih banget.* Aku isin banget+ karo sing wis tak tindakké pas isih enom.’” 20  ”Éfraim kuwi kan anak sing Tak tresnani, anak kesayangan-Ku, ta?+ Senajan dhèwèké kerep Tak senèni, ning Aku ora bakal lali karo dhèwèké. Kuwi sebabé Aku trenyuh merga dhèwèké.+ Aku mesthi bakal mesakké dhèwèké,” kandhané Yéhuwah.+ 21  ”Edegna tugu-tugu ing dalan. Pasangen tandha-tandha sing nduduhké arah dalan.+ Gatèkna dalan gedhé kuwi, yaiku dalan sing kudu mbok liwati.+ Balia, hé wong Israèl, balia menyang kutha-kuthamu iki. 22  Hé wong-wong sing ora setya, nganti kapan kowé ragu-ragu? Ana perkara anyar sing digawé Yéhuwah ing bumi: Wong wédok bakal tenanan nggolèki bojoné.”* 23  Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Pas Aku nglumpukké wong-wongé sing ditawan, bakal ana manèh swara ing Yéhuda lan ing kutha-kuthané: ’Hé gunung suci,+ panggonané wong-wong ngerti apa sing bener,+ muga-muga Yéhuwah mberkahi kowé.’ 24  Yéhuda lan kabèh kuthané bakal dienggoni. Petani lan gembala bakal manggon ing kana.+ 25  Wong sing kentèkan tenaga bakal Tak gawé seger manèh, lan wong sing susah merga kelaparan bakal Tak gawé wareg.”+ 26  Aku langsung tangi lan melèk. Turuku pénak banget. 27  Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné, Aku bakal nggawé bangsa Israèl lan bangsa Yéhuda dadi saya akèh. Aku ya bakal nggawé jumlah ternaké dadi saya akèh.”+ 28  ”Kaya mbiyèn Aku wis siap-siap arep nyabut, ngrubuhké, ngambrukké, ngancurké, lan nggawé cilaka wong-wong kuwi,+ saiki Aku ya arep nggatèkké wong-wong kuwi lan siap kanggo mbangun lan nandur,”+ kandhané Yéhuwah. 29  ”Wektu kuwi, wong-wong kuwi ora bakal ngomong manèh, ’Sing mangan anggur kecut bapaké, ning malah untuné anak-anaké sing ngilu.’+ 30  Saben wong bakal mati merga kesalahané dhéwé. Wong sing mangan anggur kecut, ya wong kuwi dhéwé sing bakal ngilu untuné.” 31  Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné, Aku bakal nggawé perjanjian anyar+ karo wong Israèl lan Yéhuda. 32  Perjanjian iki béda karo perjanjian sing Tak gawé karo nènèk moyangé pas Aku nuntun wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ yaiku ’perjanjian-Ku sing dilanggar wong-wong kuwi,+ padahal mung Aku sing dadi majikané wong-wong kuwi,’ kandhané Yéhuwah.” 33  ”Iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong Israèl sakwisé wektu kuwi,” kandhané Yéhuwah. ”Hukum-Ku bakal ana ing wong-wong kuwi+ lan bakal Tak tulis ing atiné wong-wong kuwi.+ Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.”+ 34  ”Wong-wong kuwi ora bakal mulang kancané lan seduluré nganggo cara kandha, ’Kowé kudu kenal karo Yéhuwah,’+ merga kabèh wong kuwi bakal kenal karo Aku, saka rakyat biasa nganti pejabat,”+ kandhané Yéhuwah. ”Aku bakal ngapura kesalahané wong-wong kuwi, lan dosané ora bakal Tak éling-éling manèh.”+ 35  Iki sing diomongké Yéhuwah,Sing nggawé matahari ngetokké cahaya pas awan,Sing netepké hukum kanggo bulan lan bintang-bintang bèn ngetokké cahaya pas bengi,Sing nggawé laut gemuruh lan ombaké gedhé banget,Sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan:+ 36  ”’Merga peraturan-peraturan iki bakal ana sakterusé, keturunané Israèl ya bakal dadi bangsa ing ngarep-Ku sakterusé,’+ kandhané Yéhuwah.” 37  Iki sing diomongké Yéhuwah: ”’Kaya langit sing ora isa diukur lan pondhasi bumi sing ora isa dijelajahi, Aku ya ora isa nolak kabèh keturunané Israèl, embuh apa waé sing ditindakké,’ kandhané Yéhuwah.”+ 38  Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné, kutha kuwi bakal dibangun+ kanggo Yéhuwah, saka menara Hananèl+ nganti Gerbang Sudut.+ 39  Tali kanggo ngukur+ bakal direntangké nganti tekan Bukit Garèb, terus ménggok menyang Goa. 40  Kabèh lembah panggonan mbuwang bangkai lan awu,* lan kabèh ladhang nganti tekan Lembah Kidron,+ lan nganti tekan sudut Gerbang Jaran+ ing arah wétan bakal dadi suci kanggo Yéhuwah.+ Kuwi ora bakal diremuk utawa dihancurké manèh.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”Merga kuwi, Aku terus nduduhké katresnan sing langgeng marang kowé”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nari bareng karo wong sing ngguyu”.
Utawa ”aku nyeblèki pupuku”.
Lit.: ”Wong wédok bakal ngoyak-oyak wong lanang”.
Utawa ”awu sing ana gajihé”, yaiku awu sing wis kecampur gajihé kéwan korban.