Yérémia 35:1-19

  • Keturunané Rékhab manut (1-19)

35  Pas jamané Yéhoyakim+ anaké Yosia, raja Yéhuda, Yéhuwah kandha marang Yérémia,  ”Paranana keturunané Rékhab,+ terus ngomonga lan ajaken wong-wong kuwi menyang omahé Yéhuwah, ing salah siji ruang makan. Bar kuwi, wong-wong kuwi wènèhana anggur bèn diombé.”  Mula aku marani Yaazania anaké Yérémia anaké Habazinia, sedulur-seduluré lanang, kabèh anaké lanang, lan kabèh keturunané Rékhab.  Aku ngejak wong-wong kuwi menyang omahé Yéhuwah, ing ruang makané anak-anaké lanang Hanan anaké Igdalia, abdiné Gusti Allah sing bener. Ruang makan kuwi ana ing sampingé ruang makané para pemimpin, ing ndhuwuré ruang makané Maaséya anaké Syalum, penjaga lawang kuwi.  Bar kuwi, aku ndèlèhké cangkir-cangkir lan gelas-gelas sing isiné anggur ing ngarepé wong-wong lanang keturunané Rékhab kuwi, terus aku kandha, ”Mangga diombé.”  Ning wong-wong kuwi kandha, ”Aku ora ngombé anggur merga Yéhonadab*+ anaké Rékhab, nènèk moyangku, wis mréntahké, ’Kowé lan anak-anakmu aja nganti ngombé anggur.  Kowé ora éntuk mbangun omah, nyebar benih, lan nggawé utawa nduwèni kebon anggur. Kowé kudu terus manggon ing kémah-kémah supaya dawa umurmu ing tanah sing mbok enggoni dadi wong asing.’  Mula, aku manut kabèh sing wis dipréntahké Yéhonadab anaké Rékhab nènèk moyangku. Aku, bojoku, anak-anakku lanang lan wédok ora tau ngombé anggur.  Aku ora mbangun omah bèn tak enggoni. Aku ya ora nduwé kebon anggur, ladhang, utawa benih. 10  Aku tetep manggon ing kémah-kémah lan manut karo kabèh préntahé Yéhonadab* nènèk moyangku. 11  Ning wektu Nébukhadnézar raja Babilon nyerang tanah iki,+ aku kandha, ’Ayo awaké dhéwé lunga menyang Yérusalèm bèn isa mlayu saka pasukané wong Khaldéa lan wong Siria.’ Mula saiki aku manggon ing Yérusalèm.” 12  Terus Yéhuwah kandha marang Yérémia, 13  ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Kandhanana wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm, ”Kowé kan wis bola-bali Tak kongkon manut omongan-Ku, ta?”+ kandhané Yéhuwah. 14  ”Yéhonadab anaké Rékhab mréntahké keturunané bèn ora ngombé anggur, lan keturunané kuwi ya ora ngombé anggur nganti saiki. Wong-wong kuwi manut karo préntahé nènèk moyangé.+ Ning kowé ora gelem manut marang Aku, padahal Aku wis bola-bali ngomong* marang kowé.+ 15  Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku bola-bali ngutus* wong-wong kuwi+ lan kandha, ’Padha mertobata saka kelakuanmu sing jahat,+ lan tindakna apa sing bener. Aja nyembah lan nglayani allah-allah liya. Nèk manut, kowé bakal tetep manggon ing tanah sing wis Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu.’+ Ning, kowé ora nggatèkké* utawa ngrungokké Aku. 16  Keturunané Yéhonadab anaké Rékhab nindakké préntahé nènèk moyangé.+ Ning umat iki ora ngrungokké Aku.”’” 17  ”Mula iki sing diomongké Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Aku bakal nggawé Yéhuda lan penduduk Yérusalèm ngalami kabèh bencana kaya sing wis Tak omongké.+ Wong-wong kuwi wis Tak kandhani, ning ora gelem ngrungokké. Aku bola-bali ngundang,* ning wong-wong kuwi ora gelem njawab.’”+ 18  Terus Yérémia kandha marang keluarga keturunané Rékhab, ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Merga kowé manut préntahé Yéhonadab nènèk moyangmu lan terus nindakké kabèh préntahé persis kaya sing dipréntahké, 19  Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha ngéné, ”Keturunané Yéhonadab* anaké Rékhab bakal terus nglayani ing ngarep-Ku.”’”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Yonadab”, singkatan saka jeneng Yéhonadab.
Lit.: ”Yonadab”, singkatan saka jeneng Yéhonadab.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngomong”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngutus”.
Lit.: ”ora ngarahké kupingmu”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Yonadab”, singkatan saka jeneng Yéhonadab.