Yérémia 4:1-31

  • Éntuk berkah merga mertobat (1-4)

  • Ana bencana saka lor (5-18)

  • Yérémia sedhih merga bakal ana bencana (19-31)

4  Yéhuwah kandha, ”Hé Israèl, nèk kowé gelem mertobat,Nèk kowé gelem mertobat marang AkuLan nyingkirké brahala-brahalamu sing njijiki saka ngarep-Ku,Kowé ora bakal dadi pengembara.+   Nèk kowé jujur, adil, lan bener pas kowé sumpah, ’Demi Yéhuwah, Gusti Allah sing urip,’Bangsa-bangsa bakal éntuk berkah saka Dhèwèké*Lan bakal mbanggak-mbanggakké Dhèwèké.”+  Iki kandhané Yéhuwah marang wong Yéhuda lan Yérusalèm: ”Bajaken tanah sing subur. Aja nandur benihmu ing antarané semak berduri.+   Wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm,Kowé kudu disunat bèn isa nyenengké Yéhuwah. Buwangen apa waé sing najis saka atimu,*+Bèn Aku ora nesu kaya geni sing gedhé banget,Sing ngobong nganti ora ana sing isa matèni geni kuwiMerga kelakuanmu sing jahat.”+   Sampèkna ing Yéhuda, lan umumna ing Yérusalèm. Mbengoka lan nyebula trompèt* ing kabèh wilayah ing tanah kuwi.+ Mbengoka, ”Ayo nglumpuk. Ayo mlayu menyang kutha-kutha sing ana bèntèngé.+   Pasangen tandha sing nduduhké dalan menyang Zion. Golèka panggonan kanggo berlindung, lan aja meneng waé.” Aku bakal mènèhi bencana saka lor,+ bencana sing medèni banget.   Kaya singa sing metu saka semak-semak,+Wong-wong sing ngancurké bangsa-bangsa wis padha mangkat.+ Wong-wong kuwi wis metu saka panggonané kanggo nggawé tanahmu dadi panggonan sing medèni. Kutha-kuthamu bakal dadi reruntuhan lan ora ana sing ngenggoni.+   Mula, nganggoa kain goni.+ Nangisa lan sambataMerga Yéhuwah isih nesu banget karo awaké dhéwé.   Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi, raja* bakal wedi.+ Para pemimpin ya bakal wedi. Para imam bakal kewedèn, lan para nabi bakal kagèt.”+ 10  Terus aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Njenengan wis bener-bener ngapusi wong Yéhuda+ lan Yérusalèm. Njenengan kandha, ’Kowé bakal ayem tentrem,’+ padahal aku lan bangsaku wis arep dipatèni nganggo pedhang.” 11  Wektu kuwi, wong Yéhuda lan Yérusalèm bakal krungu omongan kaya ngéné,”Angin panas saka bukit-bukit ing padhang belantaraBakal teka marani anak-Ku wédok,* yaiku bangsa-Ku. Angin kuwi ora teka kanggo ngresiki biji-bijian utawa misahké biji-bijian saka kulité. 12  Angin sing banter teka saka panggonan-panggonan kuwi merga Tak préntahké. Saiki Aku bakal ngumumké hukuman marang umat-Ku. 13  Mungsuh bakal teka kaya mendhung sing peteng. Kréta-krétané kaya angin badai.+ Jaran-jarané luwih cepet timbang manuk elang.+ ’Cilaka tenan merga awaké dhéwé wis dihancurké.’ 14  Hé Yérusalèm, resikana atimu saka kejahatan bèn kowé dislametké.+ Nganti kapan kowé bakal terus mikirké apa sing jahat? 15  Ana swara sing nyampèkké berita soal Dan+Lan ngumumké soal bencana ing dhaérah pegunungan Éfraim. 16  Critakna kuwi marang bangsa-bangsa. Umumna marang Yérusalèm.” ”Mata-mata* teka saka tanah sing adoh. Wong-wong kuwi bakal mbengok kanggo nyerang kutha-kutha ing Yéhuda. 17  Wong-wong kuwi ngepung Yérusalèm saka ngendi-endi kaya penjaga ing panggonan terbuka+Merga Yérusalèm mbrontak marang Aku,”+ kandhané Yéhuwah. 18  ”Kowé bakal ngrasakké akibat saka tumindak lan kelakuanmu.+ Hukuman kuwi bakal nggawé kowé sengsara banget. Kuwi merga kowé pénginé mung mbrontak.” 19  Adhuh, aku susah banget.* Aku susah banget. Jantungku* lara banget rasané. Jantungku dheg-dhegan. Aku ora isa meneng waéMerga aku krungu swara trompèt,*Swara sing nduduhké nèk ana perang.*+ 20  Ana akèh bencana sing dilaporkéMerga kabèh wilayah ing tanah kuwi wis dihancurké. Ujug-ujug kémah-kémahku dihancurké. Kain-kain kémahku ya dihancurké.+ 21  Nganti kapan aku kudu terus ndelok tandha sing nduduhké dalan menyang Zion kuwi? Nganti kapan aku kudu terus ngrungokké swara trompèt* sing disebul?+ 22  Gusti Allah kandha, ”Sebab umat-Ku bodho.+ Wong-wong kuwi ora nggatèkké Aku. Wong-wong kuwi anak-anak sing bodho, ora ngerti apa-apa. Wong-wong kuwi pinter nindakké sing jahat,Ning ora ngerti carané nindakké sing apik.” 23  Aku ndelok tanahé. Tanah kuwi kosong lan telantar.+ Aku ndelok ing langit lan ora ana cahayané manèh.+ 24  Aku ndelok gunung-gunung. Gunung-gunung kuwi obah. Bukit-bukit ya goncang.+ 25  Aku ndelok, ning ora ana sapa-sapa. Kabèh manuk ya wis padha mabur.+ 26  Aku ya ndelok kebon buah. Kebon buah wis dadi padhang belantara,Lan kabèh kutha ing tanah kuwi wis dihancurké.+ Kuwi kabèh merga Yéhuwah nesu banget. 27  Yéhuwah kandha, ”Kabèh wilayah ing tanah iki bakal telantar,+Ning ora bakal Tak singkirké nganti entèk. 28  Kuwi sebabé tanah iki bakal sedhih+ lan langit bakal dadi peteng.+ Kuwi merga Aku wis ngomong, Aku wis mutuské,Lan Aku ya ora bakal berubah pikiran utawa mbatalké kuwi.+ 29  Wektu krungu swarané wong-wong sing numpak jaran lan para pemanah,Wong sak kutha padha mlayu.+ Wong-wong kuwi mlebu ing semak-semak lan munggah ing gunung watu.+ Kutha-kutha padha ditinggal lan ora ana sing ngenggoni.” 30  Saiki kowé wis dihancurké, mula kowé arep ngapa? Biasané kowé nganggo klambi abang,Dandan nganggo perhiasan emas,Lan nganggo celak ireng bèn mripatmu kétok gedhé. Ora ana gunané kowé dandan kaya ngono+Merga wong-wong sing nafsu karo kowé wis nolak kowé. Saiki wong-wong kuwi arep matèni kowé.+ 31  Aku krungu swara kaya swarané wong wédok sing kelaran, sing arep nglairké anaké sing pertama. Kuwi swarané anak wédok, yaiku Zion, sing lagi megap-megap. Karo njaluk tulung, dhèwèké kandha,+”Cilaka tenan aku, merga wong-wong sing arep matèni aku nggawé aku kentèkan tenaga.”

Katrangan Tambahan

Maksudé, Yéhuwah.
Lit.: ”Atimu kudu disunat”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”atiné raja”.
Iki ungkapan puitis, mungkin kanggo nduduhké rasa mesakké.
Maksudé, wong sing ngamat-amati kutha kanggo nentokké kapan nyerangé.
Lit.: ”Adhuh, ususku”.
Lit.: ”Dinding jantungku”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Swarané wong-wong sing nyerang”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.