Yérémia 45:1-5

  • Yéhuwah ngélikké Barukh (1-5)

45  Wektu Yérémia ndhéktékké omongané marang Barukh lan Barukh nulis kuwi ing gulungan, yaiku ing taun kepapat pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda, Nabi Yérémia+ kandha ngéné marang Barukh+ anaké Néria:  ”Barukh, iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl soal kowé:  ’Kowé kandha, ”Cilaka tenan aku. Aku iki wis susah, ning Yéhuwah malah nggawé aku tambah susah. Aku wis sambat nganti kesel lan ora isa tenang.”’  ”Barukh kandhanana ngéné, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku bakal ngrubuhké apa sing wis Tak bangun, lan Aku bakal nyabut apa sing wis Tak tandur, yaiku kabèh wilayah ing tanah iki.+  Ning, kowé malah mburu perkara-perkara sing mbok anggep penting. Aja mburu kuwi manèh.”’ ”’Aku arep nggawé kabèh wong ngalami bencana.+ Ning, ing endi waé kowé lunga, Aku bakal nylametké nyawamu,’+ kandhané Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan