Yérémia 7:1-34

  • Pandhangan sing salah soal baité Yéhuwah (1-11)

  • Bait bakal dadi kaya Syilo (12-15)

  • Gusti Allah ora seneng karo ibadah sing ora sesuai karepé (16-34)

    • Nyembah ”Ratu Swarga” (18)

    • Anak-anak diobong ing Hinom (31)

7  Iki sing diomongké Yéhuwah marang Yérémia:  ”Ngadega ing gerbangé omahé Yéhuwah, lan umumna iki ing kana, ’Rungokna omongané Yéhuwah, hé kowé wong-wong Yéhuda sing mlebu liwat gerbang-gerbang iki kanggo sujud marang Yéhuwah.  Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl kandha, ”Tumindak lan kelakuanmu kudu mbok ubah, lan Aku bakal ngijinké kowé tetep manggon ing kéné.+  Kowé aja percaya karo omongan sing ngapusi, terus kandha, ’Iki* baité Yéhuwah, baité Yéhuwah, baité Yéhuwah.’+  Nèk kowé bener-bener ngubah tumindak lan kelakuanmu, nèk kowé adil wektu nangani masalah antarané wong siji karo wong liyané,+  nèk kowé ora nindhes penduduk asing, anak yatim piatu,* lan randha,+ nèk kowé ora matèni wong sing ora salah ing tanah iki, lan nèk kowé ora nyembah allah-allah liya sing nyilakani awakmu dhéwé,+  Aku bakal ngijinké kowé tetep manggon ing kéné, ing tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangmu kanggo saklawasé.”’”  ”Ning kowé malah percaya karo omongan sing ngapusi.+ Kuwi ora bakal ana manfaaté babar blas.  Kowé nyolong,+ matèni, laku jina, nggawé sumpah palsu,+ mènèhké korban marang* Baal,+ lan nyembah allah-allah liya sing mauné ora mbok kenal. 10  Kok isa bar kuwi kowé teka lan ngadeg ing ngarep-Ku ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku, terus kandha, ’Aku bakal dislametké,’ padahal kowé wis nindakké kabèh perkara sing njijiki mau? 11  Apa kanggomu omah sing disebut nganggo jeneng-Ku iki wis dadi guwané para perampok?+ Aku wis ndelok dhéwé tumindakmu kuwi,” kandhané Yéhuwah. 12  ”’Saiki lungaa menyang panggonan suci-Ku ing Syilo,+ panggonan sing mauné Tak pilih kanggo mulyakké jeneng-Ku.+ Deloken apa sing wis Tak tindakké marang panggonan kuwi merga kejahatané umat-Ku Israèl.+ 13  Ning, kowé terus-terusan nindakké kabèh kuwi,’ kandhané Yéhuwah, ’lan senajan Aku wis bola-bali ngomong,* kowé ora gelem ngrungokké.+ Aku bola-bali ngundang* kowé, ning kowé ora gelem njawab.+ 14  Mula, apa sing wis Tak tindakké marang Syilo ya bakal Tak tindakké marang omah sing disebut nganggo jeneng-Ku iki,+ sing mbok endelké kuwi.+ Ya ing panggonan sing Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu iki Aku bakal nindakké apa sing wis Tak tindakké marang Syilo.+ 15  Aku bakal nyingkirké kowé saka ngarep-Ku, kaya Aku wis nyingkirké kabèh sedulurmu, yaiku kabèh keturunané Éfraim.’+ 16  ”Kowé Yérémia, aja ndonga kanggo bangsa iki. Aja sambat utawa ndonga utawa njaluk tulung marang Aku kanggo wong-wong kuwi,+ merga Aku ora bakal ngrungokké kowé.+ 17  Apa kowé ora ngerti apa sing ditindakké wong-wong kuwi ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm? 18  Bocah-bocah padha nglumpukké kayu, bapak-bapak padha ngurubké geni, lan ibu-ibu padha ngulèni adonan kanggo nggawé roti sing bakal diwènèhké dadi persembahan marang Ratu Swarga.*+ Wong-wong kuwi ngesokké persembahan minuman marang allah-allah liya kanggo nglarani ati-Ku.+ 19  ’Apa Aku sing dilarani wong-wong kuwi?’ kandhané Yéhuwah. ’Ora, sing dilarani ya wong-wong kuwi dhéwé, lan wong-wong kuwi bakal kisinan.’+ 20  Mula iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nesu marang panggonan iki,+ marang manungsa lan kéwan, lan marang wit-witan ing padhang lan hasil tanah. Nesu-Ku bakal kaya geni sing terus murub.’+ 21  ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Lungaa, lan wènèhna persembahan bakaranmu bareng karo korban-korban liyané, terus panganen dagingé.+ 22  Wektu Aku nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, Aku ora ngomong utawa mènèhi préntah soal persembahan bakaran lan korban-korban.+ 23  Ning iki sing Tak préntahké: ”Manuta karo omongan-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu, lan kowé bakal dadi umat-Ku.+ Kowé kudu manut karo kabèh préntah-Ku* bèn kowé diberkahi.”’+ 24  Tapi, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah nuruti karepé* dhéwé lan ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Wong-wong kuwi ora dadi luwih apik, ning malah dadi luwih èlèk 25  kèt nènèk moyangmu metu saka Mesir nganti saiki.+ Mula Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku terus-terusan ngutus para nabi kuwi saben dina.*+ 26  Ning ora ana sing gelem ngrungokké Aku, lan ora ana sing nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah ndableg lan tumindak luwih jahat timbang nènèk moyangé. 27  ”Senajan kowé nyampèkké kabèh iki marang wong-wong kuwi,+ ning ora bakal padha ngrungokké. Senajan kowé ngundang* wong-wong kuwi, ning ora bakal padha njawab. 28  Mula, ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki bangsa sing ora manut omongané Yéhuwah Gusti Allahé lan ora gelem diélikké. Ora ana manèh wong sing setya, malah kuwi ya wis ora tau disebutké manèh.’+ 29  ”Potongen rambutmu,* lan buwangen. Nyanyia lagu sedhih ing bukit-bukit, merga Yéhuwah wis nolak lan bakal ninggalké generasi iki sing nggawé Dhèwèké nesu. 30  Wong Yéhuda wis nindakké apa sing èlèk nurut pandhangan-Ku,’ kandhané Yéhuwah. ’Wong-wong kuwi wis ndèlèhké brahalané sing njijiki ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku kanggo nggawé najis omah kuwi.+ 31  Wong-wong kuwi mbangun panggonan-panggonan dhuwur* ing Tofèt, ing Lembah Putra Hinom,*+ bèn isa ngobong anak-anaké lanang lan wédok.+ Aku ora tau mréntahké kuwi lan malah ora tau mikir kaya ngono kuwi.’*+ 32  ”Yéhuwah kandha, ’Mula bakal tekan wektuné, kuwi ora bakal disebut Tofèt utawa Lembah Putra Hinom* manèh, ning bakal disebut Lembah Pembantaian. Wong-wong kuwi bakal ngubur wong mati ing Tofèt nganti ing kono ora ana manèh panggonan kanggo ngubur.+ 33  Mayat-mayaté bangsa iki bakal dipangan manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi, lan ora ana sing isa nggusah kéwan-kéwan kuwi.+ 34  Ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm, Aku bakal ngendhegké swara seneng-seneng, swarané mantèn lanang, lan swarané mantèn wédok,+ merga tanah kuwi bakal dadi reruntuhan.’”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Kabèh iki”. Maksudé, kabèh bangunan ing wilayah bait.
Utawa ”anak yatim”.
Utawa ”nggawé asap korban kanggo”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngomong”.
Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.
Lit.: ”kudu mlaku ing dalan sing wis Tak préntahké”.
Lit.: ”utawa ngarahké kupingé”.
Utawa ”rencanané”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk saben dina lan ngutus wong-wong kuwi”.
Lit.: ”sing ngarahké kupingé”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”rambutmu sing dawa”, ”rambut sing dadi lambang pembaktianmu”.
Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.
Utawa ”ora tau ana ing ati-Ku”.
Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.