Ibrani 7:1-28

  • Mèlkhizèdèk, raja lan imam sing béda karo liyané (1-10)

  • Kristus, imam sing luwih unggul (11-28)

    • Kristus bener-bener sanggup nylametké (25)

7  Mèlkhizèdèk raja Salèm, imamé Gusti Allah sing Mahaluhur, ketemu karo Abraham sing lagi waé bali sakwisé ngalahké raja-raja. Terus, Mèlkhizèdèk mberkahi Abraham,+  lan Abraham mènèhi dhèwèké sepersepuluhé kabèh jarahan. Jeneng Mèlkhizèdèk nèk diterjemahké artiné ”Raja sing Bener”. Sakliyané kuwi, dhèwèké kuwi raja Salèm, sing artiné ”Raja sing Nggawé Tentrem”.  Awaké dhéwé ora ngerti sapa bapak ibuné, kapan dhèwèké lair, lan kapan dhèwèké mati. Ora ana keterangan soal sejarahé. Ning, dhèwèké wis digawé kaya Anaké Gusti Allah. Mula, dhèwèké isa terus dadi imam kanggo saklawasé.+  Hébat tenan wong iki, nganti Abraham, nènèk moyangé* awaké dhéwé, mènèhi dhèwèké sepersepuluhé jarahan sing paling apik.+  Pancèn nèk menurut Hukum Musa, keturunané Lèwi+ sing dilantik dadi imam dipréntahké kanggo nglumpukké sepersepuluhan saka bangsa kuwi,+ yaiku saka sedulur-seduluré, senajan bangsa kuwi ya keturunané Abraham.  Ning wong iki, sing dudu keturunané wong Lèwi, nampa sepersepuluhan saka Abraham, lan dhèwèké mberkahi Abraham sing wis nampa janji-janjiné Gusti Allah.+  Kabèh wong mesthi setuju nèk wong sing mberkahi kuwi luwih unggul timbang wong sing diberkahi.  Keturunan Lèwi sing nampa sepersepuluhan kuwi manungsa sing isa mati, ning Kitab Suci ngomong nèk wong sing kaya Mèlkhizèdèk sing nampa sepersepuluhan kuwi terus urip.+  Malah Lèwi dhéwé, sing nampa sepersepuluhan kuwi, wis mbayar sepersepuluhan liwat Abraham, 10  merga dhèwèké kuwi keturunan sing durung lair wektu nènèk moyangé kuwi ketemu karo Mèlkhizèdèk.+ 11  Pengaturan soal imam saka keturunané Lèwi+ kuwi bagéan saka Hukum Musa sing diwènèhké marang bangsa Israèl. Nèk misalé imam saka keturunané Lèwi isa nggawé wong sampurna, apa awaké dhéwé isih butuh imam sing kaya Mèlkhizèdèk?+ Imam sing kaya Harun kan wis cukup, ta? 12  Merga pengaturan soal imam diganti, mula Hukum Musa ya perlu diganti.+ 13  Wong sing dimaksud iki asalé saka suku liya. Ora ana wong saka suku kuwi sing tau nindakké tugas ing mézbah.+ 14  Wis jelas nèk Gustiné awaké dhéwé asalé saka suku Yéhuda,+ ning Musa ora tau kandha nèk bakal ana imam saka suku kuwi. 15  Iki dadi saya jelas wektu ana imam+ liya sing kaya Mèlkhizèdèk.+ 16  Dhèwèké nglayani dadi imam dudu merga asalé saka suku sing diwajibké karo Hukum Musa, ning merga dhèwèké nduwé kuwasa sing nggawé dhèwèké ora isa mati.+ 17  Kitab Suci ngomong ngéné soal dhèwèké, ”Kowé kuwi imam kanggo saklawasé kaya Mèlkhizèdèk.”+ 18  Mula, Gusti Allah wis mbusak préntah sing sakdurungé iki, merga préntah kuwi ana kekurangané lan ora ana manfaaté.+ 19  Hukum Musa ora isa nggawé apa waé dadi sampurna.+ Ning, harapan sing luwih apik+ sing diwènèhké Gusti Allah marang awaké dhéwé isa nggawé apa waé dadi sampurna. Liwat harapan iki, awaké dhéwé isa nyedhak marang Gusti Allah.+ 20  Gusti Allah ya ngucapké sumpah wektu nglantik Yésus dadi imam 21  (merga pancèn ana sing dadi imam, lan Gusti Allah ora ngucapké sumpah soal wong kuwi. Ning, wong iki dadi imam merga Gusti Allah ngucapké sumpah soal dhèwèké, yaiku, ”Yéhuwah* wis nggawé sumpah, lan kuwi ora bakal diubah,* ’Kowé kuwi imam kanggo saklawasé’”),+ 22  mula Yésus dadi jaminan kanggo perjanjian sing luwih apik.+ 23  Sakliyané kuwi, nèk imam mati, dhèwèké ora isa neruské tugasé,+ lan akhiré wong liya kudu nggantèni imam kuwi lan neruské tugasé. 24  Ning, merga Yésus terus urip saklawasé,+ tugasé dadi imam ora bakal diganti karo wong liya. 25  Kuwi sebabé dhèwèké bener-bener sanggup nylametké wong-wong sing nyedhak marang Gusti Allah liwat dhèwèké, merga dhèwèké terus urip lan isa njaluk marang Gusti Allah bèn mbantu wong-wong kuwi.+ 26  Awaké dhéwé butuh imam agung sing kaya ngono kuwi, yaiku imam sing setya, ora salah, ora najis,+ ora kaya wong-wong sing dosa, lan diluhurké tekan ndhuwur langit.+ 27  Ora kaya imam agung liyané, dhèwèké ora perlu mènèhi korban saben dina+ kanggo dosané dhéwé lan kanggo dosané bangsané.+ Dhèwèké nindakké kuwi ping pisan kanggo saklawasé, yaiku wektu ngorbanké uripé.+ 28  Wong sing dilantik dadi imam agung menurut Hukum Musa kuwi nduwé dosa.+ Tapi, sakwisé Gusti Allah mènèhi awaké dhéwé Hukum Musa, Dhèwèké nggawé sumpah+ nèk bakal nglantik Anaké dadi imam agung, sing wis digawé sampurna+ kanggo saklawasé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”kepala keluargané”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”lan Dhèwèké ora bakal gela”.