Kaimaman 23:1-44

  • Dina-dina sing suci lan perayaan-perayaan (1-44)

    • Sabat (3)

    • Paskah (4, 5)

    • Perayaan Roti Tanpa Ragi (6-8)

    • Persembahan hasil panèn sing pertama (9-14)

    • Perayaan Sakwisé Pitung Minggu (15-21)

    • Aturan soal manèn (22)

    • Perayaan Nyebul Trompèt (23-25)

    • Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa (26-32)

    • Perayaan Pondok (33-43)

23  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Perayaan-perayaan+ kanggo Yéhuwah kuwi dina kanggo ngumpul lan ngibadah marang Gusti Allah, lan kuwi kudu mbok umumké.+ Iki perayaan-perayaan-Ku:  ”’Enem dina suwéné kowé éntuk nyambut gawé, ning dina kepitu kuwi sabat, yaiku dina istirahat.+ Dina kuwi kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé aja nyambut gawé babar blas. Ing endi waé kowé manggon, dina kuwi sabat kanggo Yéhuwah.+  ”’Iki perayaan-perayaan kanggo Yéhuwah sing kudu mbok umumké ing wektu sing wis ditentokké. Iki dina kanggo ngumpul lan ngibadah marang Gusti Allah:  Ing sasi pertama, dina ke-14,+ pas wis arep bengi,* kuwi Paskah+ kanggo Yéhuwah.  ”’Ing dina ke-15 sasi kuwi, ana Perayaan Roti Tanpa Ragi kanggo Yéhuwah.+ Kowé kudu mangan roti tanpa ragi+ pitung dina suwéné.  Ing dina pertama, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah.+ Kowé aja nindakké gawéan sing abot.  Ning, kowé kudu mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné. Ing dina kepitu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé aja nindakké gawéan sing abot.’”  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 10  ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé wis mlebu ing tanah sing arep Tak wènèhké marang kowé lan manèn ladhangmu, kowé kudu mènèhké sak iket hasil panènmu sing pertama+ marang imam.+ 11  Hasil panèn kuwi bakal diayun-ayun imam ing ngarepé Yéhuwah, bèn Gusti Allah gelem nampa kowé. Imam kudu ngayun-ayun kuwi sedina sakwisé Sabat. 12  Pas hasil panènmu kuwi diayunké, kowé ya kudu mènèhké domba lanang siji sing séhat sing umuré setaun utawa kurang kanggo persembahan bakaran marang Yéhuwah. 13  Persembahan biji-bijiané yaiku loro persepuluh éfa* tepung alus sing dicampur minyak. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah sing ambuné nggawé seneng. Persembahan minumané yaiku seprapat hin* anggur. 14  Sakdurungé kowé mènèhké persembahan marang Gusti Allahmu, kowé aja mangan roti, biji-bijian sing dipanggang, utawa biji-bijian sing bar dipanèn. Kowé lan keturunanmu kudu manut peraturan iki nganti sakterusé ing endi waé kowé manggon. 15  ”’Mulai saka sedina sakwisé Sabat, yaiku dina pas kowé mènèhké sak iket hasil panèn dadi persembahan sing diayun-ayun,+ étungen pitung minggu* manèh. Jumlahé kudu pitung minggu wutuh. 16  Étungen nganti dina ke-50,+ yaiku dina sakwisé minggu kepitu.* Terus, wènèhna persembahan biji-bijian sing bar dipanèn marang Yéhuwah.+ 17  Kowé kudu nggawa roti loro saka omahmu kanggo persembahan sing diayun-ayun. Roti kuwi kudu digawé saka loro persepuluh éfa* tepung alus sing dicampur ragi terus dipanggang.+ Kuwi hasil panèn pertama kanggo Yéhuwah.+ 18  Bareng karo roti-roti kuwi, wènèhna anak domba lanang pitu sing séhat sing umuré setaun, sapi lanang enom siji, lan domba lanang loro.+ Kuwi kudu diwènèhké bareng karo persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kanggo persembahan bakaran kanggo Yéhuwah. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 19  Kowé ya kudu mènèhké anak kambing siji kanggo persembahan dosa+ lan domba lanang loro sing umuré setaun kanggo korban kerukunan.*+ 20  Imam bakal ngayun-ayunké domba loro kuwi bareng karo roti-roti saka hasil panèn pertama mau dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah. Kuwi kabèh suci kanggo Yéhuwah lan bakal dadi duwèké imam.+ 21  Ing dina kuwi, kowé kudu ngumumké+ nèk wong-wong kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Aja nindakké gawéan sing abot. Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé ing endi waé kowé manggon. 22  ”’Wektu manèn ing ladhang, bagéan pinggir-pinggiré ladhangmu aja mbok panèn nganti entèk lan sisa panènanmu sing tiba aja mbok jupuki.+ Kuwi tinggalen kanggo wong mlarat*+ lan penduduk asing.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’” 23  Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 24  ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Ing dina pertama sasi kepitu, kowé kudu istirahat saka kabèh gawéanmu. Dina kuwi bakal diumumké nganggo trompèt+ sing disebul bèn kowé padha éling nèk dina kuwi kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. 25  Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot, lan kowé kudu mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.’” 26  Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 27  ”Ning, dina kesepuluh sasi kepitu kuwi Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa.*+ Kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé kudu ngrendhahké dhiri*+ lan mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. 28  Dina kuwi, kowé aja nyambut gawé babar blas merga kuwi dinané imam mènèhké korban+ ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dosamu diapura. 29  Wong sing ora ngrendhahké dhiri* ing dina kuwi kudu dipatèni.*+ 30  Aku bakal nyingkirké sapa waé sing nyambut gawé ing dina kuwi. 31  Kowé aja nyambut gawé babar blas. Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé ing endi waé kowé manggon. 32  Kuwi dina sabat, yaiku dina istirahat kanggo kowé. Ing dina kesanga sasi kuwi, pas matahari terbenam, kowé kudu ngrendhahké dhiri.+ Kowé kudu nindakké sabatmu saka matahari terbenam nganti matahari terbenam.” 33  Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 34  ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Ing dina ke-15 sasi kepitu, ana Perayaan Pondok kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné.+ 35  Ing dina pertama, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé aja nindakké gawéan sing abot. 36  Pitung dina suwéné kowé kudu mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Ing dina kewolu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah+ lan mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Kowé aja nindakké gawéan sing abot. 37  ”’Kuwi perayaan-perayaan+ kanggo Yéhuwah sing kudu mbok umumké dadi dina kanggo ngumpul+ lan ngibadah marang Gusti Allah. Kuwi ya dina kanggo mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah, yaiku persembahan bakaran,+ persembahan biji-bijian,+ lan persembahan minuman,+ sesuai karo sing wis ditentokké saben dina. 38  Kuwi kabèh kudu mbok wènèhké marang Yéhuwah, sakliyané persembahan kanggo sabat-sabaté Yéhuwah,+ hadiah-hadiah,+ persembahan merga nggawé janji,+ lan persembahan sukaréla.+ 39  Ing dina ke-15 sasi kepitu, sakwisé kowé ngumpulké hasil panènmu, kowé kudu nganakké perayaan kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné.+ Dina pertama perayaan kuwi dina istirahat lan dina kewolu ya dina istirahat.+ 40  Ing dina pertama, jupuken buah-buah sing paling apik, godhong-godhong palem,+ cabang sing akèh godhongé, lan cabang wit-wit* sing thukul ing lembah. Kowé kudu seneng-seneng+ ing ngarepé Yéhuwah pitung dina suwéné.+ 41  Ing sasi kepitu saben taun,+ kowé kudu ngrayakké kuwi dadi perayaan kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné. Kowé lan keturunanmu kudu terus manut karo peraturan iki nganti sakterusé. 42  Kowé kudu manggon ing pondok-pondok pitung dina suwéné.+ Kabèh wong Israèl asli kudu manggon ing pondok-pondok 43  supaya keturunanmu sukmbèn+ ngerti nèk mbiyèn pas Aku nggawa wong Israèl metu saka Mesir,+ Aku ngongkon wong-wong kuwi manggon ing pondok-pondok. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’” 44  Mula, Musa ngandhani wong Israèl soal perayaan-perayaan kanggo Yéhuwah.

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.
2/10 éfa = 4,4 L. Deloken Lamp. B14.
1 hin = 3,67 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”pitung Sabat”.
Lit.: ”Sabat kepitu”.
2/10 éfa = 4,4 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”wong sing sengsara”.
Isa waé iki maksudé pasa utawa nindakké pantangan-pantangan liyané.
Utawa mungkin ”ora pasa”.
Lit.: ”kudu disingkirké saka bangsané”.
Ing basa Ibrani, kuwi maksudé wit sing biasané thukul ing pinggir kali ing Timur Tengah. Ing basa Inggris disebut ”Poplar”.