Wilangan 18:1-32

  • Tugas-tugasé para imam lan wong Lèwi (1-7)

  • Jatahé imam (8-19)

    • Perjanjian garam (19)

  • Wong Lèwi nampa lan mènèhi sepersepuluhan (20-32)

18  Terus Yéhuwah kandha marang Harun, ”Kowé, anak-anakmu lanang, lan kabèh keturunanmu* kudu tanggung jawab nèk ana sing nglanggar aturan soal panggonan suci.+ Kowé lan anak-anakmu lanang ya kudu tanggung jawab nèk ana sing nglanggar aturan soal tugasé imam.+  Ajaken sedulur-sedulurmu saka suku Lèwi, yaiku sukuné bapakmu, bèn mbantu lan nglayani kowé+ bareng karo anak-anakmu ing ngarepé kémah sing isiné Kesaksian.*+  Wong-wong kuwi kudu nindakké tugas sing mbok wènèhké. Wong-wong kuwi ya kudu nindakké kabèh tugasé ing kémah.+ Ning wong-wong kuwi ora éntuk mara nyedhaki peralatan ing panggonan suci lan mézbah, bèn kowé lan wong-wong kuwi ora mati.+  Wong-wong kuwi kudu mbantu kowé lan nindakké tugasé ing kémah pertemuan. Wong-wong kuwi ya kudu nglayani ing kémah kuwi. Wong sing dudu imam* ora éntuk mara nyedhaki kowé.+  Kowé, anak-anakmu lanang, lan kabèh keturunanmu kudu nindakké tugas ing panggonan suci+ lan ing mézbah,+ bèn Aku ora nesu manèh+ marang wong Israèl.  Saka antarané kabèh wong Israèl, Aku wis mènèhké sedulur-sedulurmu yaiku wong Lèwi marang kowé. Aku ya mènèhké wong-wong kuwi dadi hadiah kanggo kowé,+ anak-anakmu lanang, lan kabèh keturunanmu. Wong-wong kuwi duwèké Yéhuwah lan bakal nindakké tugas ing kémah pertemuan.+  Kowé lan anak-anakmu lanang kudu nindakké tugas-tugasé imam sing ana hubungané karo mézbah lan Ruang Mahasuci.*+ Kowé lan anak-anakmu lanang sing kudu nindakké tugas kuwi.+ Aku wis mènèhké tugas kuwi dadi kehormatan kanggo kowé lan anak-anakmu lanang. Wong sing dudu imam* sing mara nyedhaki panggonan suci kudu dipatèni.”+  Terus Yéhuwah kandha marang Harun, ”Aku ngangkat kowé kanggo ngurusi sumbangan sing diwènèhké kanggo Aku.+ Saka kabèh persembahan suci sing diwènèhké wong Israèl, ana bagéan sing wis Tak wènèhké kanggo kowé lan anak-anakmu lanang. Kuwi bakal dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu nganti sakterusé.+  Sing bakal dadi jatahmu saka persembahan sing paling suci sing diobong nganggo geni dijupuk saka saben persembahan sing diwènèhké wong Israèl marang Aku. Kuwi termasuk persembahan biji-bijian,+ persembahan dosa,+ lan persembahan kesalahan.+ Persembahan-persembahan kuwi suci banget lan kuwi bakal dadi duwèkmu lan anak-anakmu lanang. 10  Kuwi kudu mbok pangan ing panggonan sing suci banget.+ Saben wong lanang éntuk mangan kuwi. Kuwi kudu mbok anggep suci.+ 11  Persembahan sing diwènèhké+ wong Israèl bareng karo kabèh persembahan sing diayunké,+ kuwi ya dadi jatahmu, anak-anakmu, lan kabèh keturunanmu. Aku wis mènèhké kuwi kabèh dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu, yaiku anak-anakmu lanang lan wédok, nganti sakterusé.+ Kabèh wong sing ora najis ing keluargamu éntuk mangan kuwi.+ 12  ”Kabèh hasil panèn pertama+ sing diwènèhké wong Israèl marang Yéhuwah, yaiku minyak sing paling apik, anggur anyar sing paling apik, lan biji-bijian, kuwi kabèh Tak wènèhké marang kowé.+ 13  Kabèh hasil panèn buah-buahan sing pertama saka ladhangé wong-wong kuwi, sing bakal diwènèhké marang Yéhuwah, bakal dadi duwèkmu.+ Kabèh wong sing ora najis ing keluargamu éntuk mangan kuwi. 14  ”Kabèh sing dikhususké kanggo Gusti Allah tanpa syarat kudu dadi duwèkmu.+ 15  ”Kabèh anak pertama+ sing bakal diwènèhké wong-wong kuwi marang Yéhuwah, embuh kuwi saka manungsa utawa saka kéwan, bakal dadi duwèkmu. Ning, kowé kudu nebus anak pertamané manungsa+ lan anak pertamané kéwan haram.+ 16  Kowé kudu nebus anak pertama kuwi wektu umuré sesasi munggah nganggo rega sing ditentokké. Regané yaiku limang syèkel* pérak,+ nurut syèkel* panggonan suci. Kuwi padha karo 20 géra.* 17  Ning, anak pertamané sapi, domba lanang, utawa kambing ora éntuk mbok tebus.+ Kéwan-kéwan kuwi suci. Kowé kudu nyipratké getihé ing mézbah,+ lan gajihé kudu mbok obong dadi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+ 18  Dagingé bakal dadi duwèkmu, kaya bagéan dhadha saka persembahan sing diayun-ayun lan sikil tengen.+ 19  Kabèh sumbangan suci sing bakal diwènèhké wong Israèl marang Yéhuwah+ wis Tak wènèhké kowé. Kuwi dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu, yaiku anak-anakmu lanang lan wédok, nganti sakterusé.+ Iki perjanjian garam* antarané Yéhuwah, kowé, lan keturunanmu nganti sakterusé.” 20  Terus Yéhuwah kandha marang Harun, ”Kowé ora bakal nampa warisan ing Israèl, lan tanahé wong-wong kuwi ora bakal dadi duwèkmu. Aku bakal njaga kowé lan nyedhiakké kebutuhanmu*+ ing antarané wong Israèl.+ 21  ”Aku wis mènèhké sepersepuluh+ bagéan saka duwèké wong Israèl marang wong Lèwi lan kuwi bakal dadi warisané wong Lèwi lan dadi upahé kanggo gawéan sing ditindakké wong-wong kuwi yaiku nglayani ing kémah pertemuan. 22  Wong Israèl ora éntuk mara nyedhaki kémah pertemuan. Nèk nganti nyedhak, wong kuwi bakal dosa lan mati. 23  Wong Lèwi kudu nindakké tugasé ing kémah pertemuan lan kudu tanggung jawab nèk ana sing nglanggar aturan soal panggonan suci.+ Ing antarané wong Israèl, wong Lèwi ora éntuk jatah warisan. Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.+ 24  Aku wis mènèhké marang wong Lèwi sepersepuluh bagéan sing disumbangké wong Israèl marang Yéhuwah dadi warisan kanggo wong Lèwi. Kuwi sebabé aku kandha marang wong-wong kuwi, ’Ing antarané wong Israèl, wong Lèwi ora éntuk jatah warisan.’”+ 25  Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 26  ”Kandhanana wong Lèwi, ’Kowé bakal nampa sepersepuluh bagéan saka wong Israèl, lan bagéan kuwi wis Tak wènèhké dadi warisan kanggo kowé.+ Saka bagéan kuwi, kowé kudu mènèhké sepersepuluhé kanggo disumbangké marang Yéhuwah.+ 27  Kuwi bakal dianggep dadi sumbanganmu. Kuwi dianggep kaya biji-bijian saka panggonan kanggo nggiles biji-bijian*+ utawa kaya hasil sing akèh saka panggonan meres anggur utawa minyak. 28  Nganggo cara kuwi, kowé bakal mènèhi sumbangan kanggo Yéhuwah. Saka sepersepuluh bagéan sing mbok tampa saka wong Israèl, kowé bakal mènèhké kuwi marang Imam Harun dadi sumbangan kanggo Yéhuwah. 29  Saka kabèh sing diwènèhké marang kowé, wènèhna sing paling apik dadi sumbangan kanggo Yéhuwah+ lan kuwi dadi bagéan sing suci.’ 30  ”Kandhanana wong Lèwi, ’Bar kowé mènèhké sing paling apik saka sumbangan sing mbok tampa kuwi, sisané bakal dadi duwèkmu. Kuwi bakal dianggep kaya hasil saka panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan hasil saka panggonan meres anggur utawa minyak. 31  Kuwi éntuk mbok pangan karo keluargamu ing endi waé. Kuwi upahmu merga wis nindakké tugas ing kémah pertemuan.+ 32  Nèk kowé mènèhké sing paling apik, kowé ora bakal dosa. Kowé ora éntuk nggawé najis apa waé sing suci saka wong Israèl bèn kowé ora mati.’”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”keluarga pihak bapakmu”.
Deloken ctn. ing Pa 25:16.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Lit.: ”apa waé sing ana ing njeroné kordhèn”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
1 géra = 0,57 g. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, perjanjian sing permanèn lan ora berubah.
Lit.: ”Aku iki bagéanmu lan warisanmu”.