Langsung mlebu

DAYRELL SHARP | PENGALAMAN

Ora Wedi Merga Ana Yéhuwah

Ora Wedi Merga Ana Yéhuwah

Aku dibaptis pas umurku 12 taun. Aku baptis merga ana sedulur sing ngongkon aku baptis. Wektu kuwi, durung ana pembahasan baptisan. Terus pas taun 1956, pas umur 16 taun, aku dadi perintis liburan. Wektu kuwi sedulur-sedulur ing jemaat ngomong, ”Paling ora nganti sesasi.”

 Sedulur-sedulur ing jemaat ngomong ngono merga aku ora semangat nglayani Yéhuwah. Bèn aku gelem maca Alkitab ing jemaat waé, ibuku kudu ngekèki aku hadiah. Aku ya ora seneng nginjil. Malah, aku tau ndonga bèn dina Minggu udan waé, bèn ora isa nginjil. Terus, pas nginjil aku mung nawakké majalah thok, ora tau njelaské isiné Alkitab. Aku kesèd, terus ora nduwé cita-cita rohani.

 Pas kebaktian distrik (sing saiki disebut pertemuan gabungan wilayah) ing Cardiff, Wales, ana sedulur sing ceramah takon ngéné, ”Apa njenengan wis janji ngabdi lan dibaptis? Apa njenengan wis janji bakal nglayani Yéhuwah saktulusé ati?” Aku mikir, ya. Terus, sing ceramah takon manèh, ”Apa njenengan lagi lara utawa nduwé tanggung jawab keluarga, makané ora isa merintis?” Aku mikir, ora. Sing ceramah takon manèh, ”Terus, kenapa kok njenengan ora merintis?”

 Aku dadi ngerti nèk aku durung ngupayakké sing paling apik kanggo nglayani Yéhuwah. Padahal, aku wis janji nèk uripku mung tak enggo nglayani Dhèwèké. Makané, sasi Oktober 1956 aku mulai dadi perintis liburan, sing saiki disebut perintis ékstra.

Taun 1959, aku dadi perintis istiméwa ing Aberdeen

 Setaun bar kuwi, aku dadi perintis biasa, terus pindhah ing jemaat sing penginjilé mung 19. Ing kono aku éntuk tugas ceramah saben minggu. Merga éntuk saran saka sedulur-sedulur, ceramahku isa luwih apik. Taun 1959, aku dadi perintis istiméwa, terus ditugaské ing Aberdeen ing Skotlandia. Terus, pirang-pirang sasi bar kuwi, aku diundang nglayani ing Bètel London. Ing kono aku kerja ing bagéan percétakan nganti pitung taun.

 Aku seneng banget isa nglayani ing Bètel. Tapi aku péngin isa nglayani luwih akèh manèh kanggo Yéhuwah, soalé aku isih enom lan isih séhat. Makané sasi April 1965, aku ndaftar kanggo mèlu Sekolah Giléad.

 Taun kuwi, aku karo kancaku sak kamar lunga ing Berlin, Jerman, kanggo teka ing pertemuan gabungan wilayah lan ndelok Témbok Berlin.

 Aku ya nginjil ing kono, terus aku dipatnerké karo Susanne Bandrock. Taun 1966, kami nikah. Terus, rong taun bar kuwi kami diundang mèlu Sekolah Giléad kelas ke-47. Saking senengé, sekolahé rasané cepet banget. Kami ditugaské nglayani ing Zaire, sing saiki disebut Républik Démokratik Kongo. Kami kagèt merga kami durung tau mrono, lan bingung mengko bakalé piyé. Tapi kami percaya nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu.

Lulus Sekolah Giléad taun 1969

 Akhiré kami tekan ing Kolwezi. Tapi, ing kono ora ana sing njemput. Ternyata, télégramé kami lagi tekan rong dina sakwisé kami tekan ing Kolwezi. Terus ngerti-ngerti ana petugas bandara sing nyedhaki. Kami ora mudheng maksudé dhèwèké, merga ngomongé nganggo basa Prancis. Terus, ana ibu-ibu sing nerjemahké. Ibu kuwi ngomong nèk kami ditahan.

 Terus, ana bapak-bapak sing nduwé mobil tuwa sing kursiné mung loro. Petugas kuwi ngongkon kami numpak mobil kuwi. Dadi, wong papat suk-sukan ing mobil. Terus merga dalané akèh lubangé, kap mobilé dadi mangap-mangap.

 Kami diterké ing omahé utusan injil. Kami ora ngerti panggonané, tapi petugas kuwi ngerti. Pas tekan kono, ternyata ora ana wong. Para utusan injil lagi padha lunga ing pertemuan internasional lan liburan. Dadi kami bingung. Untungé, bar kuwi ana sedulur sing teka. Kami seneng, merga sedulur iki ternyata kenal karo petugas bandara mau. Sakwisé ngobrol karo sedulur mau, petugas kuwi ora sida njaluki dhuwit, terus lunga.

Foto karo Sedulur Nathan Knorr ing omahé utusan injil taun 1971

Tetep Kendel

 Sedulur-sedulur ing Zaire kuwi apikan lan ramah. Sayangé, ing Zaire ana kerusuhan selama sepuluh taun. Terus taun 1971, Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang. Dadi, kami bingung kudu piyé.

 Wektu kuwi, wong-wong dikon nggawa kartu partai politik lan nganggo pin partai. Nèk ora nganggo pin partai, wong-wong ora isa éntuk bantuané pamréntah lan malah isa dianiaya karo tentara lan polisi. Akèh sedulur kélangan gawéan. Anak-anak ya ditokké saka sekolah. Terus, ana atusan sedulur sing dipenjara. Mémang, sayangé ana beberapa sedulur sing nyerah. Tapi ya ana akèh sedulur-sedulur sing tetep kendel martakké kabar apik.

Tetep Bahagia Meskipun Susah

 Aku karo Susanne kerep ditugaské ing pedésaan. Urip ing désa kuwi nyenengké, tapi ya ora gampang. Omahé kami saka jerami, terus ya cilik. Merga lawangé cilik, sirahku kerep ketatap. Nèk arep adus, kudu njupuk banyu saka kali sik. Nèk bengi-bengi arep maca, ya kudu nganggo lilin. Nèk arep masak, nganggo areng. Tapi, ya kaya ngéné iki rasané dadi utusan injil. Kami bener-bener menikmati.

 Merga nginep ing omahé sedulur ing kono, kami dadi luwih menghargai soal panganan, banyu, pakaian, lan tempat tinggal. (1 Timotius 6:8) Kami dadi terus éling bèn urip sederhana.

 Mémang masalahé kami ora kaya Rasul Paulus. Tapi tetep butuh iman. Kami kerep lunga liwat dalan sing èlèk banget. Liwat dalan berbatu, kejebak pasir, utawa kejebak lumpur pas musim udan. Malah kami tau mung isa lunga 70 kilomèter thok, merga kejebak lumpur ping 12.

Dalané èlèk banget

 Merga nginjil ing pedésaan, kami dadi luwih cedhak karo Yéhuwah. Kami ngrasakké nèk Yéhuwah terus nulungi, dadi kami isa terus bahagia meskipun keadaané ora gampang. Susanne ora patia seneng lunga-lunga, tapi pas dadi utusan injil, Susanne ora tau sambat. Kami isa bahagia, puas, lan nduwé akèh pengalaman.

 Pas ing Zaire aku tau ditahan beberapa kali. Aku tau ditudhuh dodolan berlian ilégal. Kami kuwatir lan wedi. Tapi kami ngerti, nèk Yéhuwah nugaské kami ing kéné, Dhèwèké mesthi mbantu.

Terus Nglayani

 Taun 1980, Seksi-Seksi Yéhuwah wis ora dilarang manèh. Dadi, sedulur-sedulur tuku tanah kanggo memperluas kantor cabang. Terus taun 1981, kami diundang nglayani ing kantor cabang Kinshasa. Tapi sasi Maret 1986, Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang manèh. Dadi, pembangunané mandheg. Terus, mèh kabèh utusan injil lunga saka negara kuwi.

Wektu nglayani ing kantor cabang Zaire

 Tapi kami tetep ing kono. Kami terus ngupaya bèn isa tetep nginjil. Meskipun wis ngati-ati, aku dicekel pas mandhu sinau Alkitab. Aku dilebokké ing penjara bawah tanah. Ing kono panas, mambu, peteng, terus ya kebak. Wektu kuwi ana tahanan sing nggawa aku ing bos-bosané. Bosé kuwi njaluk aku nyanyèkké lagu kebangsaan negarané. Aku njawab, ”Aku ora ngerti.” Terus bosé ngongkon aku nyanyi lagu kebangsaanku dhéwé. Aku njawab, ”Aku ya ora ngerti.” Terus, aku dikon ngadeg madhep témbok selama 45 menit. Tapi akhiré, ana sedulur-sedulur sing mbantu bèn aku isa dibébaské.

Taun 1987, ing kantor cabang Zambia

 Merga keadaané ora tambah apik, kami dipindhahké ing Zambia. Kami seneng, tapi ya sedhih. Kami wis 18 taun dadi utusan injil ing Zaire. Meskipun kadhang-kadhang keadaané susah, tapi Yéhuwah terus mbantu. Kami isa basa Swahili lan Prancis, terus Susanne malah isa basa Lingala. Kami wis mbantu luwih saka 130 wong sinau Alkitab nganti dibaptis. Taun 1993, Seksi-Seksi Yéhuwah ing kono wis ora dilarang manèh. Saiki ana luwih saka 240.000 penginjil ing Kongo.

 Pas ing Zambia, kami ndelok pembangunan kantor cabang lan pas kantor cabang diperluas. Saiki, jumlah penginjil ing Zambia wis luwih akèh timbang pas taun 1987.

Kantor cabang Zambia

 Mbiyèn aku dikira ora bakal betah merintis. Tapi, aku wis 65 taun dadi perintis. Iki merga dhukungané bojoku lan bantuané Yéhuwah.​—Mazmur 34:8.

 Kami ki wongé biasa-biasa waé. Tapi, kami ngupayakké sing paling apik wektu nglayani Yéhuwah. Kami ora wedi, merga Yéhuwah terus mbantu.​—Ibrani 10:39.

Aku karo Susanne isih nglayani ing kantor cabang Zambia

 Deloken vidéo Dayrell dan Susanne Sharp: Kami Berjanji Melayani Yehuwa Sepenuh Jiwa.