KEADAAN DONYA TAMBAH KACAU
4 Tetep Semangat
NGAPA PENTING
Wektu keadaané kacau, wong-wong dadi strès lan ora semangat. Akibaté:
-
Ana sing dadi putus asa.
-
Ana sing kecanduan alkohol lan nganggo narkoba.
-
Ana sing péngin bunuh diri.
Faktané
-
Keadaan isa dadi luwih apik.
-
Bahkan meskipun keadaané ora tambah apik, awaké dhéwé isa tetep semangat.
-
Ing Alkitab ana janji nèk sukmbèn kabèh masalah bakal dirampungi.
Sing Kudu Diupayakké
Ayat: ”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”—Matius 6:34.
Aja terlalu kuwatir, sing sésuk dipikir sésuk.
Nèk terus-terusan kuwatir, awaké dhéwé dadi strès lan ora semangat.
Janji ing Alkitab
Sing nulis mazmur tau ndonga, ”Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlaku lan kaya cahaya sing madhangi dalanku.” (Mazmur 119:105) Alkitab dipadhakké kaya lampu. Maksudé:
Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener.
Awaké dhéwé ya isa ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn.