Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PITAKONAN 6

Apa Ramalané Alkitab soal Mésias?

RAMALAN

”Hé Bètlehèm Éfrata, . . . saka kowé bakal ana wong sing dadi penguasa ing Israèl sing bakal nindakké karep-Ku.”

Mikha 5:2

KELAKONÉ

”Yésus lair ing Bètlehèm ing Yudéa wektu Hérodès dadi raja. Terus, ana para ahli ilmu bintang saka Wétan teka menyang Yérusalèm.”

Matius 2:1

RAMALAN

”Wong-wong kuwi mbagi-mbagi klambiku, lan klambiku diundhi.”

 

KELAKONÉ

”Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit njupuk klambi njabané Yésus. Terus, klambi kuwi dibagi-bagi dadi patang bagéan. . . . Klambi kuwi ora ana jahitané merga ditenun saka ndhuwur tekan ngisor. Mula, para prajurit ngomong karo prajurit liyané, ’Klambi iki aja disuwèk, ning ayo diundhi waé kanggo nentokké sapa sing éntuk klambi iki.’”

Yohanes 19:23, 24

RAMALAN

”Dhèwèké nglindhungi kabèh balungé wong kuwi, blas ora ana sing bakal ditugel.”

Mazmur 34:20

KELAKONÉ

”Pas gilirané Yésus, para prajurit ngerti nèk Yésus wis mati. Mula sikilé Yésus ora ditugel.”

Yohanes 19:33

RAMALAN

”Dhèwèké ditusuk merga pelanggaranku.”

Yésaya 53:5

KELAKONÉ

”Salah siji prajurit nusuk bagéan igané Yésus nganggo tombak, terus wetengé Yésus langsung metu getih lan banyuné.”

Yohanes 19:34

RAMALAN

”Wong-wong kuwi mbayar upahku 30 dhuwit pérak.”

Zakharia 11:12, 13

KELAKONÉ

”Terus, salah siji saka rasul 12, sing disebut Yudas Iskariot, nemoni para imam kepala. Yudas kandha, ’Nèk aku nyerahké Yésus, aku bakal mbok wènèhi apa?’ Para imam kepala janji arep mènèhi 30 dhuwit pérak.”

Matius 26:14, 15; 27:5