Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ayub

Bab

Intiné Bab Iki

  • 1

    • Ayub setya lan sugih (1-5)

    • Sétan nganggep nèk Ayub ora tulus (6-12)

    • Ayub kélangan harta lan anak-anaké (13-19)

    • Ayub ora nyalahké Gusti Allah (20-22)

  • 2

    • Sétan isih nganggep nèk Ayub ora tulus (1-5)

    • Sétan éntuk nggawé Ayub lara (6-8)

    • Bojoné Ayub kandha, ”Kowé kuduné nyumpahi Gusti Allah, terus mati waé” (9, 10)

    • Telu kancané Ayub teka (11-13)

  • 3

    • Ayub nyumpahi dina lairé (1-26)

      • Ayub takon ngapa dhèwèké sengsara (20, 21)

  • 4

    • Omongané Èlifaz sing pertama (1-21)

      • Nudhuh nèk Ayub ora setya (7, 8)

      • Nyritakké mimpiné (12-17)

      • ”Gusti Allah ora percaya karo para abdiné” (18)

  • 5

    • Èlifaz neruské omongané (1-27)

      • ’Gusti Allah njebak wong wicaksana nganggo rencana liciké wong-wong kuwi dhéwé’ (13)

      • ’Ayub kuduné ora nolak naséhaté Gusti Allah’ (17)

  • 6

    • Jawabané Ayub (1-30)

      • Ayub kandha nèk dhèwèké nduwé hak kanggo sambat (2-6)

      • Kanca-kancané Ayub ora isa dipercaya (15-18)

      • ”Omongan sing bener ora nglarani ati” (25)

  • 7

    • Ayub neruské omongané (1-21)

      • Uripé manungsa kaya kerja paksa (1, 2)

      • ”Ngapa kok aku dadi sasaran-Mu?” (20)

  • 8

    • Omongané Bildad sing pertama (1-22)

      • Bildad kandha nèk anak-anaké Ayub wis nggawé dosa (4)

      • ’Nèk kowé pancèn tulus, Gusti Allah mesthi bakal nglindhungi kowé’ (6)

      • Bildad kandha nèk Ayub kuwi wong jahat (13)

  • 9

    • Jawabané Ayub (1-35)

      • Manungsa ora isa nglawan Gusti Allah (2-4)

      • ’Sing ditindakké Gusti Allah angèl dipahami’ (10)

      • Manungsa ora isa nglawan Gusti Allah (32)

  • 10

    • Ayub neruské omongané (1-22)

      • ’Ngapa Gusti Allah mungsuhi aku?’ (2)

      • Gusti Allah béda banget karo Ayub (4-12)

      • ’Muga-muga aku rada tenang’ (20)

  • 11

    • Omongané Zofar sing pertama (1-20)

      • Nudhuh nèk Ayub mung omong kosong (2, 3)

      • Ngandhani Ayub bèn ora nindakké sing jahat manèh (14)

  • 12

    • Jawabané Ayub (1-25)

      • ”Aku ora kalah karo kowé” (3)

      • ”Aku diguyu karo kanca-kancaku” (4)

      • ’Sing nduwé kawicaksanan kuwi Gusti Allah’ (13)

      • Gusti Allah luwih unggul timbang para hakim lan raja (17, 18)

  • 13

    • Ayub neruské omongané (1-28)

      • ’Mendhing aku ngomong karo Gusti Allah’ (3)

      • ”Kowé kabèh kuwi dokter sing ora ana gunané” (4)

      • ”Aku ngerti nèk aku bener” (18)

      • Ayub takon ngapa Gusti Allah mungsuhi dhèwèké (24)

  • 14

    • Ayub neruské omongané (1-22)

      • Manungsa uripé singkat lan kebak masalah (1)

      • ’Wit bakal thukul manèh’ (7)

      • ”Tulung Njenengan ndhelikké aku ing njero Kuburan” (13)

      • ”Nèk manungsa mati, apa dhèwèké isa urip manèh?” (14)

      • Gusti Allah bakal kangen karo ciptaané (15)

  • 15

    • Omongané Èlifaz sing keloro (1-35)

      • Ngomong nèk Ayub ora wedi marang Gusti Allah (4)

      • Ngomong nèk Ayub lancang (7-9)

      • ’Gusti Allah ora percaya karo para malaékaté’ (15)

      • ’Wong jahat bakal ngrasakké kesusahan’ (20-24)

  • 16

    • Jawabané Ayub (1-22)

      • ”Kowé ora menghibur, ning malah nggawé aku tambah susah” (2)

      • Nganggep nèk Gusti Allah nggawé dhèwèké dadi sasarané (12)

  • 17

    • Ayub neruské omongané (1-16)

      • ”Wong-wong sing ngécé aku ana ing sekitarku” (2)

      • ’Gusti Allah nggawé bèn wong-wong ngécé aku’ (6)

      • ”Kuburan bakal dadi omahku” (13)

  • 18

    • Omongané Bildad sing keloro (1-21)

      • Hukuman kanggo wong sing dosa (5-20)

      • Nudhuh nèk Ayub ora kenal Gusti Allah (21)

  • 19

    • Jawabané Ayub (1-29)

      • Ayub ora trima disalahké ”kanca-kancané” (1-6)

      • Ayub kandha nèk dhèwèké diedohi (13-19)

      • ”Ana sing bakal nebus aku” (25)

  • 20

    • Omongané Zofar sing keloro (1-29)

      • Zofar jèngkèl karo Ayub (2, 3)

      • Nudhuh nèk Ayub kuwi jahat (5)

      • Nudhuh nèk Ayub seneng nggawé dosa (12, 13)

  • 21

    • Jawabané Ayub (1-34)

      • ’Ngapa kok wong jahat dadi sugih?’ (7-13)

      • Ayub nyenèni ”kanca-kancané” (27-34)

  • 22

    • Omongané Èlifaz sing ketelu (1-30)

      • ”Apa manungsa ana gunané kanggo Gusti Allah?” (2, 3)

      • Nudhuh nèk Ayub srakah lan ora adil (6-9)

      • ’Nèk mertobat marang Gusti Allah, kowé bakal kaya mbiyèn manèh’ (23)

  • 23

    • Jawabané Ayub (1-17)

      • Péngin ngomongké alesané nèk dhèwèké ora salah (1-7)

      • Kandha nèk dhèwèké ora isa ketemu Gusti Allah (8, 9)

      • ”Aku terus manut lan ora nyimpang” (11)

  • 24

    • Ayub neruské omongané (1-25)

      • ’Apa sebabé Gusti Allah ora nentokké wektu kanggo ngukum manungsa?’ (1)

      • Ngomong nèk Gusti Allah meneng waé wektu ana kejahatan (12)

      • Wong dosa seneng nindakké kejahatan pas bengi (13-17)

  • 25

    • Omongané Bildad sing ketelu (1-6)

      • ’Apa mungkin manungsa isa dianggep ora salah karo Gusti Allah?’ (4)

      • Ngomong nèk ora ana gunané manungsa setya (5, 6)

  • 26

    • Jawabané Ayub (1-14)

      • ”Kowé wis kerep mbantu wong sing susah” (1-4)

      • ’Gusti Allah nggantung bumi tanpa canthèlan’ (7)

      • ”Kuwi mung sithik saka hasil gawéané” (14)

  • 27

    • Tékadé Ayub kanggo tetep setya (1-23)

      • ”Ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah” (5)

      • Wong sing jahat ora nduwé harapan (8)

      • ”Ngapa kok sing mbok omongké kuwi ora ana gunané?” (12)

      • Kekayaané wong jahat bakal ilang (13-23)

  • 28

    • Ayub mbandhingké harta ing bumi karo kawicaksanan (1-28)

      • Manungsa ngupaya nambang (1-11)

      • Kawicaksanan luwih berharga timbang mutiara (18)

      • ”Nèk wedi marang Yéhuwah, kuwi berarti nduwé kawicaksanan” (28)

  • 29

    • Ayub ngéling-éling wektu dhèwèké durung ngalami masalah (1-25)

      • Diajèni karo wong-wong sing ana ing gerbang kutha (7-10)

      • Sing wis ditindakké Ayub kanggo nulungi wong liya (11-17)

      • Kabèh wong ngrungokké naséhaté Ayub (21-23)

  • 30

    • Ayub kandha nèk uripé wis berubah (1-31)

      • Dirèmèhké karo wong sing ora ana gunané (1-15)

      • Ora dibantu karo Gusti Allah (20, 21)

      • ”Kulitku dadi ireng” (30)

  • 31

    • Ayub nduduhké nèk dhèwèké tetep setya (1-40)

      • Ayub nggawé perjanjian karo mripaté (1)

      • Njaluk Gusti Allah ndelok tumindaké (6)

      • Ora selingkuh (9-12)

      • Ora mburu dhuwit (24, 25)

      • Ora nyembah liyané (26-28)

  • 32

    • Èlihu sing isih enom mulai ngomong (1-22)

      • Nesu karo Ayub lan kanca-kancané Ayub (2, 3)

      • Ngentèni sing liyané rampung ngomong (6, 7)

      • Wong sing tuwa durung mesthi wicaksana (9)

      • Èlihu péngin banget ngomong (18-20)

  • 33

    • Èlihu mènèhi Ayub naséhat merga Ayub terlalu percaya diri (1-33)

      • Wis éntuk tebusan (24)

      • Dadi kuwat manèh kaya pas isih enom (25)

  • 34

    • Èlihu mbéla tumindak lan keadilané Gusti Allah (1-37)

      • Ayub kandha nèk Gusti Allah ora adil marang dhèwèké (5)

      • Gusti Allah sing bener ora tau tumindak jahat (10)

      • Ayub ora nduwé akèh pengetahuan (35)

  • 35

    • Èlihu ngandhani nèk pikirané Ayub salah (1-16)

      • Ayub ngomong nèk dhèwèké luwih bener timbang Gusti Allah (2)

      • Gusti Allah luhur banget, dosa ora ana pengaruhé kanggo Dhèwèké (5, 6)

      • Ayub kuduné ngentèni Gusti Allah (14)

  • 36

    • Èlihu muji Gusti Allah sing hébat (1-33)

      • Sing manut bakal makmur, sing jahat bakal ditolak (11-13)

      • ’Apa ana guru sing kaya Gusti Allah?’ (22)

      • Ayub kuduné ngluhurké Gusti Allah (24)

      • ”Ora isa ngerti sepira gedhéné kuwasané Gusti Allah” (26)

      • Gusti Allah ngendhalèni udan lan kilat (27-33)

  • 37

    • Kekuatan alam nduduhké nèk Gusti Allah hébat (1-24)

      • Gusti Allah isa ngendhegké kegiatané manungsa (7)

      • ’Mikirké hasil gawéan lan tumindaké Gusti Allah sing luar biasa’ (14)

      • Manungsa ora isa paham sak kabèhé soal Gusti Allah (23)

      • Manungsa kuduné ora rumangsa pinter (24)

  • 38

    • Yéhuwah njelaské nèk manungsa kuwi ora ana apa-apané (1-41)

      • ’Wektu bumi digawé, kowé ana ing endi?’ (4-6)

      • Anak-anaké Gusti Allah sorak-sorak mènèhi pujian (7)

      • Pitakonan soal alam (8-32)

      • ”Hukum-hukum sing ngatur kabèh sing ana ing langit” (33)

  • 39

    • Saka kéwan sing diciptakké, kuwi nduduhké nèk manungsa ora ngerti apa-apa (1-30)

      • Kambing gunung lan kidang (1-4)

      • Keledai liar (5-8)

      • Sapi lanang liar (9-12)

      • Manuk unta (13-18)

      • Jaran (19-25)

      • Manuk alap-alap lan manuk elang (26-30)

  • 40

    • Pitakonan-pitakonané Yéhuwah (1-24)

      • Ayub ngakoni nèk dhèwèké ora ngerti kudu ngomong apa (3-5)

      • ’Apa kowé ora percaya nèk Aku adil?’ (8)

      • Gusti Allah njelaské kekuwatané kuda nil (15-24)

  • 41

    • Gusti Allah njelaské kekuwatané baya sing luar biasa (1-34)

  • 42

    • Ayub njawab Yéhuwah (1-6)

    • Gusti Allah nesu karo telu kancané Ayub (7-9)

    • Yéhuwah nggawé keadaané Ayub dadi apik manèh (10-17)

      • Anak-anaké Ayub (13-15)