Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Mazmur

Bab

Intiné Bab Iki

  • 1

    • Bédané uripé wong jahat karo wong bener

      • Bahagia merga maca hukumé Gusti Allah (2)

      • Wong bener kaya wit sing buahé akèh (3)

      • Wong jahat kaya kulit biji-bijian sing kabur kena angin (4)

  • 2

    • Yéhuwah lan wong sing dipilih

      • Bangsa-bangsa diguyu karo Yéhuwah (4)

      • Yéhuwah nglantik raja sing dipilih (6)

      • Ngajèni putrané Gusti Allah (12)

  • 3

    • Ngendelké Gusti Allah wektu ana bahaya

      • ’Ngapa kok mungsuh dadi akèh banget?’ (1)

      • ”Oh Yéhuwah, mung Njenengan sing isa nylametké” (8)

  • 4

    • Donga soal percaya marang Gusti Allah

      • ”Wektu kowé nesu, aja nggawé dosa” (4)

      • ’Aku bakal turu angler’ (8)

  • 5

    • Yéhuwah kuwi perlindungané wong bener

      • Gusti Allah ora seneng karo kejahatan (4, 5)

      • ’Njenengan adil. Tulung tuntunen aku’ (8)

  • 6

    • Donga njaluk dimesakké

      • Wong mati ora isa muji Gusti Allah (5)

      • Gusti Allah ngrungokké dongané wong sing njaluk dimesakké (9)

  • 7

    • Yéhuwah kuwi Hakim sing adil

      • ”Oh Yéhuwah, tulung aku diadili” (8)

  • 8

    • Kemuliaané Gusti Allah lan kehormatané manungsa

      • ”Jeneng-Mu kuwi sing paling luar biasa” (1, 9)

      • ’Manungsa kuwi apa penting?’ (4)

      • Manungsa diwènèhi kehormatan (5)

  • 9

    • Nyritakké tumindaké Gusti Allah sing luar biasa

      • Yéhuwah dadi perlindungan sing aman (9)

      • Ngerti jenengé Gusti Allah berarti percaya marang Dhèwèké (10)

  • 10

    • Yéhuwah nulungi wong sing susah

      • Merga sombong, wong jahat mikir, ”Gusti Allah kuwi ora ana” (4)

      • Wong susah njaluk tulung marang Yéhuwah (14)

      • ”Yéhuwah kuwi Raja nganti saklawasé” (16)

  • 11

    • Nggolèk perlindungan marang Yéhuwah

      • ”Yéhuwah ana ing baité sing suci” (4)

      • Gusti Allah sengit marang wong sing seneng karo tumindak kejem (5)

  • 12

    • Yéhuwah tumindak

      • Omongané Yéhuwah kuwi murni (6)

  • 13

    • Ngarep-arep keslametan saka Yéhuwah

      • ”Oh Yéhuwah, nganti kapan?” (1, 2)

      • Yéhuwah apikan banget (6)

  • 14

    • Gambaran soal wong bodho

      • ”Yéhuwah kuwi ora ana” (1)

      • ”Ora ana sing tumindaké apik” (3)

  • 15

    • Sapa sing éntuk dadi tamu ing kémahé Yéhuwah?

      • Sing ngomong jujur ing njero atiné (2)

      • Sing ora ngomongké fitnah (3)

      • Sing nepati janjiné senajan rugi (4)

  • 16

    • Yéhuwah kuwi Sumberé kabèh sing apik

      • ”Yéhuwah sing nyedhiakké kabèh sing tak tampa” (5)

      • ”Pas bengi, atiku ngélingké aku” (7)

      • ’Yéhuwah ana ing sebelah tengenku’ (8)

      • ”Njenengan ora bakal ninggalké aku ing Kuburan” (10)

  • 17

    • Donga njaluk perlindungan

      • ”Njenengan nyelidiki atiku” (3)

      • ”Ing ngisor sayap-Mu” (8)

  • 18

    • Muji Gusti Allah merga dislametké

      • ”Yéhuwah kuwi tebing watuku” (2)

      • Yéhuwah setya karo wong sing setya (25)

      • Kabèh sing ditindakké Gusti Allah kuwi apik (30)

      • ”Aku diunggulké merga Njenengan rendah hati” (35)

  • 19

    • Ciptaan lan hukumé Gusti Allah mènèhi kesaksian

      • ”Langit nyritakké kemuliaané Gusti Allah” (1)

      • Hukumé Gusti Allah kuwi sampurna, isa nggawé kuwat manèh (7)

      • ”Kesalahan sing ora tak sengaja” (12)

  • 20

    • Gusti Allah nylametké raja sing dipilih

      • Ana sing ngendelké kréta perang lan jaran, ”tapi awaké dhéwé ngendelké jenengé Yéhuwah” (7)

  • 21

    • Berkah kanggo raja sing percaya marang Yéhuwah

      • Umur dawa diwènèhké marang raja (4)

      • Mungsuh-mungsuhé Gusti Allah bakal dikalahké (8-12)

  • 22

    • Mauné putus asa, akhiré mènèhké pujian

      • ”Gusti Allahku, ngapa kok Njenengan ninggalké aku?” (1)

      • ”Klambiku diundhi” (18)

      • Muji Gusti Allah ing jemaat (22, 25)

      • Kabèh wong ing bumi nyembah Gusti Allah (27)

  • 23

    • ”Yéhuwah kuwi Gembalaku”

      • ”Aku ora bakal kekurangan apa-apa” (1)

      • ”Dhèwèké nggawé aku kuwat manèh” (3)

      • ”Njenengan ngebaki gelasku” (5)

  • 24

    • Raja sing mulya mlebu ing gerbang

      • ’Bumi kuwi duwèké Yéhuwah’ (1)

  • 25

    • Donga njaluk tuntunan lan bèn diapura

      • ”Tulung ajari aku bèn isa nindakké apa sing mbok karepké” (4)

      • Dadi kanca akrabé Yéhuwah (14)

      • ”Tulung kabèh dosaku diapura” (18)

  • 26

    • Tetep setya

      • ’Oh Yéhuwah, tulung selidiki aku’ (2)

      • Ora bergaul karo wong sing nindakké dosa (4, 5)

      • ’Aku bakal ngubengi mézbahé Gusti Allah’ (6)

  • 27

    • Yéhuwah kuwi bèntèng sing nglindhungi uripku

      • Bersyukur wektu ndelok baité Gusti Allah (4)

      • Yéhuwah perduli senajan wong tuwa ora perduli (10)

      • ”Berharap marang Yéhuwah” (14)

  • 28

    • Dongané sing nulis Mazmur dirungokké

      • ”Yéhuwah kuwi kekuwatanku lan tamèngku” (7)

  • 29

    • Swarané Yéhuwah kuwi gedhé kuwasané

      • Ngibadah nganggo klambi sing suci (2)

      • ”Swarané Gusti Allah sing mulya kaya bledhèg” (3)

      • Yéhuwah nguwatké umaté (11)

  • 30

    • Rasa sedhih berubah dadi rasa seneng

      • Gusti Allah apikan nganti saklawasé (5)

  • 31

    • Nggolèk perlindungan marang Yéhuwah

      • ”Uripku tak pasrahké marang Njenengan” (5)

      • ’Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing setya’ (5)

      • Gusti Allah kuwi apikan banget (19)

  • 32

    • Wong sing seneng ngampuni kuwi bahagia

      • ”Aku ngakoni dosaku marang Njenengan” (5)

      • Gusti Allah mènèhi kowé pemahaman (8)

  • 33

    • Pujian kanggo Pencipta

      • ”Nyanyèkna lagu anyar kanggo Dhèwèké” (3)

      • Yéhuwah nyiptakké nganggo omongan lan napasé (6)

      • Bangsa sing dipilih Yéhuwah mesthi bahagia (12)

      • Yéhuwah ndelok lan nglindhungi (18)

  • 34

    • Yéhuwah nylametké abdiné

      • ”Ayo bareng-bareng ngluhurké jenengé” (3)

      • Malaékaté Yéhuwah njaga (7)

      • ”Deloken lan rasakna nèk Yéhuwah kuwi apikan” (8)

      • Ora ana balungé sing bakal ditugel (20)

  • 35

    • Donga njaluk dibébaské saka mungsuh

      • Mungsuh bakal diusir (5)

      • Muji Gusti Allah ing antarané wong akèh (18)

      • Disengiti tanpa sebab (19)

  • 36

    • Rasa sayangé Gusti Allah kuwi berharga

      • Wong jahat ora wedi karo Gusti Allah (1)

      • Gusti Allah kuwi sing mènèhi urip (9)

      • ”Merga cahaya-Mu, aku isa ndelok cahaya” (9)

  • 37

    • Wong sing percaya marang Yéhuwah bakal makmur

      • Aja jèngkèl merga wong jahat (1)

      • ”Ngrasa seneng merga Yéhuwah” (4)

      • ”Gelem dituntun Yéhuwah” (5)

      • ”Wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi” (11)

      • Wong sing bener ora bakal kekurangan panganan (25)

      • Wong sing bener bakal manggon ing bumi saklawasé (29)

  • 38

    • Donga soal kesusahané wong sing mertobat

      • ”Sedhih lan susah banget” (6)

      • Yéhuwah ngrungokké dongané wong sing ngentèni Dhèwèké (15)

      • ”Aku ora tenang merga dosaku” (18)

  • 39

    • Urip kuwi mung singkat

      • Manungsa kuwi mung kaya napas (5, 11)

      • ”Aja nganti Njenengan ora perduli karo tangisanku” (12)

  • 40

    • Ngucap syukur marang Gusti Allah sing ora ana tandhingané

      • Kegiatané Gusti Allah kuwi terlalu akèh kanggo dicritakké (5)

      • Korban dudu sing paling penting kanggoné Gusti Allah (6)

      • ”Aku seneng nindakké kepénginan-Mu” (8)

  • 41

    • Dongané wong sing lagi lara

      • Gusti Allah ora ninggalké wong sing lara (3)

      • Dikhianati kanca akrab (9)

  • 42

    • Muji Gusti Allah sing nylametké

      • Péngin ngabdi marang Gusti Allah, kaya kidang sing péngin ngombé banyu (1, 2)

      • ”Ngapa kok aku putus asa?” (5, 11)

      • ”Ngentèni Gusti Allah” (5, 11)

  • 43

    • Gusti Allah dadi Hakim sing nylametké

      • ”Wènèhana aku cahaya-Mu lan wulangan-Mu sing bener” (3)

      • ”Ngapa kok aku putus asa?” (5)

      • ”Ngentèni Gusti Allah” (5)

  • 44

    • Donga njaluk tulung

      • ”Njenengan sing nylametké aku” (7)

      • ”Kaya domba sing arep dibelèh” (22)

      • ”Tulungana aku” (26)

  • 45

    • Pernikahané raja sing dipilih

      • Omongané nyenengké (2)

      • ”Gusti Allah mènèhi njenengan kuwasa dadi raja saklawasé” (6)

      • Raja tertarik merga ayuné (11)

      • Anak-anaké dadi pemimpin ing bumi (16)

  • 46

    • ’Gusti Allah kuwi sing nglindhungi aku’

      • Kabèh sing ditindakké Gusti Allah kuwi luar biasa (8)

      • Gusti Allah ngendhegké perang ing bumi (9)

  • 47

    • Gusti Allah kuwi Raja sing mréntah bumi

      • ’Yéhuwah kuwi luar biasa’ (2)

      • Ayo nyanyi lagu pujian kanggo Gusti Allah (6, 7)

  • 48

    • Zion kuwi kuthané Raja sing agung

      • Kabèh wong ing bumi seneng (2)

      • Gatèkna kutha lan menarané (11-13)

  • 49

    • Ngendelké kekayaan kuwi bodho

      • Ora ana wong sing isa nebus wong liya (7, 8)

      • Gusti Allah mbébaské saka Kuburan (15)

      • Kekayaan ora isa nylametké saka kematian (16, 17)

  • 50

    • Gusti Allah ngadili wong sing setya lan sing jahat

      • Nggawé perjanjian karo Gusti Allah liwat korban (5)

      • ’Gusti Allah kuwi Hakim’ (6)

      • Kabèh kéwan kuwi duwèké Gusti Allah (10, 11)

      • Gusti Allah nduduhké kesalahané wong jahat (16-21)

  • 51

    • Dongané wong sing mertobat

      • Wis dosa kèt ana ing njero wetengé ibu (5)

      • ”Tulung singkirna dosaku” (7)

      • ”Bantu aku bèn nduwé kepénginan sing bener” (10)

      • Wong sing ngrasa gela nyenengké kanggoné Gusti Allah (17)

  • 52

    • Percaya marang katresnané Gusti Allah

      • Wong sing bangga karo kejahatané diélikké (1-5)

      • Wong sing ora percaya Gusti Allah ngendelké hartané (7)

  • 53

    • Gambaran soal wong bodho

      • ”Yéhuwah kuwi ora ana” (1)

      • ”Ora ana sing tumindaké apik” (3)

  • 54

    • Donga njaluk tulung pas ana ing antarané mungsuh

      • ”Gusti Allah kuwi sing nulungi aku” (4)

  • 55

    • Donga pas dikhianati kanca

      • Diécé karo kanca akrab (12-14)

      • ”Pasrahna kuwatirmu marang Yéhuwah” (22)

  • 56

    • Donga wektu dianiaya

      • ”Aku ngendelké Gusti Allah” (4)

      • ”Air mataku mbok simpen ing wadhah banyu” (8)

      • ”Manungsa isa tumindak apa marang aku?” (4, 11)

  • 57

    • Donga njaluk dimesakké

      • Berlindung ing ngisor sayapé Gusti Allah (1)

      • Mungsuh-mungsuh tiba ing jebakané wong-wong kuwi dhéwé (6)

  • 58

    • Ana Gusti Allah sing ngadili bumi

      • Donga njaluk bèn wong-wong jahat dihukum (6-8)

  • 59

    • Gusti Allah kuwi tamèng lan panggonan berlindung

      • ”Aja mesakké karo pengkhianat” (5)

      • ”Aku bakal nyanyi soal kekuwatan-Mu” (16)

  • 60

    • Gusti Allah ngalahké mungsuh

      • Keslametan saka manungsa kuwi ora ana gunané (11)

      • ”Gusti Allah bakal mènèhi aku kekuwatan” (12)

  • 61

    • Gusti Allah kuwi menara sing kuwat sing nglindhungi saka mungsuh

      • ”Aku bakal dadi tamu ing kémah-Mu” (4)

  • 62

    • Mung Gusti Allah sing isa nylametké

      • ”Aku sabar ngentèni Gusti Allah” (1, 5)

      • ’Critakna kabèh perasaanmu marang Gusti Allah’ (8)

      • Manungsa kuwi mung kaya napas (9)

      • Aja ngendelké harta (10)

  • 63

    • Kangen banget karo Gusti Allah

      • ”Rasa sayang-Mu luwih apik timbang urip” (3)

      • ’Puas karo sing paling apik’ (5)

      • Mikirké Gusti Allah sewengi muput (6)

      • ’Aku terus cedhak karo Gusti Allah’ (8)

  • 64

    • Dilindhungi saka serangan sing ora kétok

      • ’Wong-wong kuwi bakal dipanah Gusti Allah’ (7)

  • 65

    • Gusti Allah ngopèni bumi

      • ”Sing ngrungokké donga” (2)

      • ’Wong sing mbok pilih kuwi bahagia’ (4)

      • Gusti Allah mènèhi apa waé sing apik (11)

  • 66

    • Tumindaké Gusti Allah luar biasa

      • ”Deloken sing ditindakké Gusti Allah” (5)

      • ”Aku bakal nepati janjiku marang Njenengan” (13)

      • Gusti Allah ngrungokké donga (18-20)

  • 67

    • Kabèh wong ing bumi bakal wedi marang Gusti Allah

      • Tumindaké Gusti Allah dikenal (2)

      • ’Muga-muga kabèh bangsa muji Gusti Allah’ (3, 5)

      • ’Gusti Allah bakal mberkahi awaké dhéwé’ (6, 7)

  • 68

    • ’Muga-muga mungsuhé Gusti Allah kocar-kacir’

      • ”Bapak kanggoné bocah yatim” (5)

      • Gusti Allah mènèhi omah kanggo wong sing ora nduwé sapa-sapa (6)

      • Wong-wong wédok sing martakké kabar apik (11)

      • Mènèhké wong-wong dadi hadiah (18)

      • ’Yéhuwah nanggung bebanku saben dina’ (19)

  • 69

    • Donga njaluk dislametké

      • ”Semangatku kanggo ngabdi ing omah-Mu kuwi kaya geni sing murub ing njero awakku” (9)

      • ”Cepet jawaben aku” (17)

      • ”Aku diwènèhi cuka bèn tak ombé” (21)

  • 70

    • Péngin cepet ditulungi

      • ”Cepet tulungi aku” (5)

  • 71

    • Rasa percayané wong sing wis tuwa

      • Percaya marang Gusti Allah kèt isih enom (5)

      • ”Pas aku ora nduwé kekuwatan manèh” (9)

      • ’Gusti Allah mulang aku kèt aku isih enom’ (17)

  • 72

    • Raja sing dipilih Gusti Allah nggawé dadi tentrem

      • ”Wong sing bener bakal thukul kaya suket” (7)

      • Mréntah saka laut tekan laut liyané (8)

      • Nylametké saka wong sing jahat (14)

      • Ana akèh pangan ing bumi (16)

      • Jenengé Gusti Allah dipuji nganti saklawasé (19)

  • 73

    • Abdiné Gusti Allah nduwé pandhangan sing bener manèh

      • ”Aku kaya mèh nyimpang saka dalan sing bener” (2)

      • ’Aku ngadhepi masalah saben dina’ (14)

      • ’Sakwisé aku mlebu ing panggonan suciné Gusti Allah’ (17)

      • Wong jahat ana ing panggonan sing lunyu (18)

      • Nyenengké banget isa nyedhak marang Gusti Allah (28)

  • 74

    • Donga bèn Gusti Allah éling karo umaté

      • Ngéling-éling tumindaké Gusti Allah kanggo nylametké (12-17)

      • ”Tulung élinga nèk mungsuh-mungsuh-Mu ngécé Njenengan” (18)

  • 75

    • Gusti Allah adil wektu ngadili

      • Wong jahat bakal ngombé saka gelasé Yéhuwah (8)

  • 76

    • Gusti Allah ngalahké mungsuh-mungsuhé Zion

      • Gusti Allah nylametké wong sing rendah hati (9)

      • Ngrendhahké mungsuh-mungsuh sing sombong (12)

  • 77

    • Donga wektu susah

      • Mikirké tenanan tumindaké Gusti Allah (11, 12)

      • ’Oh Gusti Allah, apa ana sing isa nandhingi Njenengan?’ (13)

  • 78

    • Gusti Allah nggatèkké ning Israèl ora nduwé iman

      • Nyritakké marang keturunané sukmbèn (2-8)

      • ”Wong-wong kuwi ora nduwé iman marang Gusti Allah” (22)

      • ”Panganan saka langit” (24)

      • ’Wong-wong kuwi nglarani atiné Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci’ (41)

      • Saka Mesir nganti tekan Tanah Perjanjian (43-55)

      • ”Wong-wong kuwi terus-terusan nglawan Gusti Allah” (56)

  • 79

    • Donga wektu bangsa-bangsa nyerang umaté Gusti Allah

      • ”Aku direndhahké” (4)

      • ’Tulungi aku demi jeneng-Mu’ (9)

      • ”Tulung tangga-tanggaku dihukum ping pitu luwih abot” (12)

  • 80

    • Njaluk Gembalané Israèl bèn keadaané umaté kaya mbiyèn manèh

      • ”Oh Gusti Allah, gawénen keadaanku kaya mbiyèn manèh” (3)

      • Israèl dadi wit angguré Gusti Allah (8-15)

  • 81

    • Naséhat bèn manut

      • Aja nyembah allah-allah liya (9)

      • ’Nèk kowé gelem ngrungokké’ (13)

  • 82

    • Naséhat bèn adil wektu ngadili

      • Gusti Allah ngadili ing antarané ”allah-allah” (1)

      • ”Mbéla wong cilik” (3)

      • ”Kowé kuwi allah-allah” (6)

  • 83

    • Donga wektu ngadhepi mungsuh

      • ”Oh Gusti Allah, aja meneng waé” (1)

      • Mungsuh-mungsuh kaya suket garing (13)

      • Jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah (18)

  • 84

    • Kangen banget karo panggonané Gusti Allah

      • Wong Lèwi péngin kaya manuk (3)

      • ”Sedina ing halaman omah-Mu” (10)

      • ’Gusti Allah kuwi kaya matahari lan tamèng’ (11)

  • 85

    • Donga njaluk dipulihké

      • Gusti Allah bakal ngomongké soal perdamaian marang wong sing setya (8)

      • Wong-wong bakal padha-padha nresnani lan jujur (10)

  • 86

    • Ora ana allah sing kaya Yéhuwah

      • Yéhuwah gelem ngapura (5)

      • Kabèh bangsa nyembah Yéhuwah (9)

      • ”Tulung ajari aku préntah-Mu” (11)

      • ”Saktulusé atiku” (11)

  • 87

    • Zion kuwi kuthané Gusti Allah sing bener

      • Wong-wong sing lair ing Zion (4-6)

  • 88

    • Donga bèn dislametké saka kematian

      • ”Aku mèh mati” (3)

      • ”Saben ésuk aku ndonga marang Njenengan” (13)

  • 89

    • Nyanyi soal katresnané Yéhuwah sing langgeng

      • Perjanjian karo Daud (3)

      • Keturunané Daud terus ana nganti saklawasé (4)

      • Wong sing dipilih Gusti Allah nyebut Dhèwèké ”Bapakku” (26)

      • Perjanjiané Daud ora bakal batal (34-37)

      • Ora ana manungsa sing ora mati (48)

  • 90

    • Gusti Allah langgeng, ning umuré manungsa mung singkat

      • Sèwu taun kuwi mung kaya wingi (4)

      • Umuré manungsa 70-80 taun (10)

      • ”Tulung ajari aku nindakké sing bener saksuwéné aku urip” (12)

  • 91

    • Dilindhungi ing panggonan sing aman duwèké Gusti Allah

      • Dislametké saka jebakan tukang nangkep manuk (3)

      • Berlindung ing ngisor sayapé Gusti Allah (4)

      • Tetep aman senajan ana éwonan wong sing mati (7)

      • Malaékat dikongkon nglindhungi (11)

  • 92

    • Yéhuwah diluhurké nganti saklawasé

      • Tumindaké luar biasa lan wicaksana banget (5)

      • ’Wong sing bener bakal makmur kaya wit’ (12)

      • Senajan wis tuwa isih tetep metu buahé (14)

  • 93

    • Kekuasaané Yéhuwah sing agung

      • ”Yéhuwah wis dadi raja” (1)

      • ”Peraturan-Mu isa dipercaya” (5)

  • 94

    • Donga njaluk bèn Gusti Allah sing mbales

      • ”Nganti kapan wong jahat ngrasa seneng?” (3)

      • Bahagia wong sing dikorèksi Yéhuwah (12)

      • Yéhuwah ora bakal nglalèkké umaté (14)

      • ”Nggunakké hukum kanggo nggawé masalah” (20)

  • 95

    • Pentingé manut ing ibadah sejati

      • ”Dina iki, muga-muga kowé ngrungokké swarané” (7)

      • ”Kowé aja ndableg” (8)

      • ”Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing panggonan istirahat-Ku” (11)

  • 96

    • ”Ayo nyanyi lagu anyar kanggo Yéhuwah”

      • Yéhuwah sing pantes dipuji (4)

      • Kabèh allahé bangsa-bangsa ora ana gunané (5)

      • Ngibadah nganggo klambi sing suci (9)

  • 97

    • Yéhuwah diluhurké ngluwihi allah-allah liya

      • ”Yéhuwah wis dadi raja” (1)

      • Nresnani Yéhuwah, sengit karo apa sing jahat (10)

      • Cahaya nyinari wong sing bener (11)

  • 98

    • Yéhuwah kuwi sing nylametké lan Hakim sing adil

      • Yéhuwah ngumumké keslametan saka Dhèwèké (2, 3)

  • 99

    • Yéhuwah kuwi Raja sing suci

      • Takhtané ana ing ndhuwuré kerub-kerub (1)

      • Gusti Allah sing ngampuni lan sing ngukum (8)

  • 100

    • Ngucap syukur marang Pencipta

      • ”Ngrasa seneng wektu nyembah Yéhuwah” (2)

      • ’Gusti Allah sing nyiptakké awaké dhéwé’ (3)

  • 101

    • Penguasa sing setya

      • ”Aku ora bakal meneng waé nèk ana wong sing sombong” (5)

      • ”Aku bakal nggatèkké wong sing setya” (6)

  • 102

    • Dongané wong sing ditindhes wektu dhèwèké putus asa

      • ”Aku kaya manuk sing kesepian” (7)

      • ”Uripku kaya bayangan sing suwé-suwé ilang” (11)

      • ”Yéhuwah bakal mbangun Zion manèh” (16)

      • Yéhuwah bakal tetep ana saklawasé (26, 27)

  • 103

    • ”Aku arep muji Yéhuwah”

      • Gusti Allah nyingkirké dosané awaké dhéwé (12)

      • Gusti Allah kaya bapak sing mesakké anaké (13)

      • Gusti Allah éling nèk awaké dhéwé iki debu (14)

      • Pamréntahan lan kerajaané Yéhuwah (19)

      • Malaékat nindakké omongané Gusti Allah (20)

  • 104

    • Muji Gusti Allah merga ciptaané luar biasa

      • Bumi tetep ana saklawasé (5)

      • Anggur lan roti kanggo manungsa (15)

      • ”Ciptaan-Mu kuwi akèh banget” (24)

      • Nèk napasé dijupuk, kabèh padha mati (29)

  • 105

    • Yéhuwah setya marang umaté

      • Gusti Allah éling karo perjanjiané (8-10)

      • ”Wong-wong sing Tak lantik aja mbok apak-apakké” (15)

      • Yusuf dadi budhak sing digunakké Gusti Allah (17-22)

      • Mukjijaté Gusti Allah ing Mesir (23-36)

      • Israèl metu saka Mesir (37-39)

      • Gusti Allah éling karo janjiné marang Abraham (42)

  • 106

    • Israèl ora ngajèni

      • Wong-wong kuwi cepet lali karo sing wis ditindakké Gusti Allah (13)

      • Ora ngluhurké Gusti Allah malah nyembah patung (19, 20)

      • Wong-wong kuwi ora nduwé iman marang janjiné Gusti Allah (24)

      • Wong-wong kuwi mèlu-mèlu nyembah Baal (28)

      • Anak-anak didadèkké persembahan kanggo roh jahat (37)

  • 107

    • Ngucap syukur marang Gusti Allah merga tumindaké sing luar biasa

      • Dhèwèké nuntun wong-wong kuwi ing dalan sing bener (7)

      • Dhèwèké mènèhi ngombé lan pangan (9)

      • Dhèwèké ngetokké wong kuwi saka panggonan sing peteng (14)

      • Dhèwèké ngomong lan keadaané wong kuwi dadi apik (20)

      • Dhèwèké nglindhungi wong mlarat bèn ora ditindhes (41)

  • 108

    • Donga bèn isa ngalahké mungsuh

      • Keslametan saka manungsa kuwi ora ana gunané (12)

      • ”Gusti Allah bakal mènèhi aku kekuwatan” (13)

  • 109

    • Dongané wong sing lagi sedhih

      • ’Bèn waé tugasé diwènèhké wong liya’ (8)

      • Gusti Allah mbéla wong sing mlarat (31)

  • 110

    • Raja lan imam kaya Mèlkhizèdèk

      • Mréntah lan ngalahké mungsuh-mungsuhmu (2)

      • Cah-cah enom sing réla kaya embun sing nètès pas ésuk (3)

  • 111

    • Muji Yéhuwah merga tumindaké sing luar biasa

      • Jenengé Gusti Allah kuwi suci lan luar biasa (9)

      • Wedi marang Yéhuwah kuwi wicaksana (10)

  • 112

    • Wong sing bener wedi marang Yéhuwah

      • Wong sing seneng nyilihké duwèké marang wong liya kuwi bahagia (5)

      • ”Wong sing bener bakal diéling-éling nganti saklawasé” (6)

      • Wong sing seneng mènèhi lan seneng mbantu wong mlarat (9)

  • 113

    • Gusti Allah mbébaské wong cilik

      • Jenengé Yéhuwah dipuji nganti saklawasé (2)

      • Gusti Allah mbungkuk (6)

  • 114

    • Wong Israèl dibébaské saka Mesir

      • Laut mbelah (5)

      • Gunung-gunung mlumpat kaya domba lanang (6)

      • Watu sing atos dadi mata air (8)

  • 115

    • Kemuliaan mung diwènèhké marang Gusti Allah

      • Patung sing ora ana nyawané (4-8)

      • Bumi diwènèhké marang manungsa (16)

      • ”Wong sing wis mati ora isa muji Yah” (17)

  • 116

    • Lagu syukur

      • ”Piyé carané aku isa mbales Yéhuwah?” (12)

      • Ngucap syukur merga wis dislametké (13)

      • ”Aku bakal nepati janjiku marang Yéhuwah” (14, 18)

      • Yéhuwah ngrasa kélangan banget nèk abdiné sing setya mati (15)

  • 117

    • Kabèh bangsa dikongkon muji Yéhuwah

      • Katresnané Gusti Allah kuwi gedhé banget (2)

  • 118

    • Ngucap syukur merga Yéhuwah mènèhi kemenangan

      • Aku ndonga marang Yah, lan Dhèwèké njawab (5)

      • ”Yéhuwah ndhukung aku” (6, 7)

      • Watu sing ditolak dadi watu pondhasi (22)

      • ”Sing teka nganggo jenengé Yéhuwah” (26)

  • 119

    • Ngajèni omongané Gusti Allah sing berharga

      • ”Piyé carané bèn cah enom uripé tetep resik?” (9)

      • ”Aku seneng karo peraturan-Mu” (24)

      • ”Aku percaya karo omongan-Mu” (74, 81, 114)

      • ”Aku seneng banget karo hukum-Mu” (97)

      • ”Pemahamanku luwih akèh timbang kabèh guruku” (99)

      • ”Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlaku” (105)

      • ”Omongan-Mu kuwi bener” (160)

      • Wong sing seneng karo hukumé Gusti Allah ngrasa ayem (165)

  • 120

    • Wong asing sing péngin rukun

      • ’Slametna aku saka wong sing seneng ngapusi’ (2)

      • ”Aku seneng rukun” (7)

  • 121

    • Yéhuwah njaga umaté

      • ”Yéhuwah sing bakal nulungi aku” (2)

      • Yéhuwah ora bakal turu (3, 4)

  • 122

    • Donga njaluk bèn Yérusalèm ayem

      • Ngrasa seneng wektu lunga menyang omahé Yéhuwah (1)

      • Kutha sing bangunané jèjèr-jèjèr rapet (3)

  • 123

    • Ndelok Yéhuwah bèn dimesakké

      • ’Kaya abdi, aku ndelok Yéhuwah’ (2)

      • ”Aku wis kerep banget diécé” (3)

  • 124

    • ”Nèk Yéhuwah ora ndhukung awaké dhéwé”

      • Lolos saka perangkap sing rusak (7)

      • Pertolongan saka jenengé Yéhuwah (8)

  • 125

    • Yéhuwah nglindhungi umaté

      • ”Kaya gunung-gunung sing ana ing sekitaré Yérusalèm” (2)

      • ”Muga-muga wong Israèl urip tentrem” (5)

  • 126

    • Sorak-sorak merga Zion dipulihké

      • ”Nganggo kuwasané, Yéhuwah wis nindakké gawéan sing luar biasa” (3)

      • Mauné nangis ning akhiré seneng (5, 6)

  • 127

    • Nèk dudu merga Gusti Allah, kabèh ora ana gunané

      • ”Nèk dudu Yéhuwah sing mbangun omah” (1)

      • Anak-anak kuwi hadiah saka Gusti Allah (3)

  • 128

    • Wedi marang Yéhuwah kuwi nggawé bahagia

      • Bojo kuwi kaya wit anggur sing akèh buahé (3)

      • ”Muga-muga kowé ndelok Yérusalèm makmur” (5)

  • 129

    • Diserang tapi ora kalah

      • Sing sengit karo Zion digawé isin (5)

  • 130

    • ”Wektu putus asa banget, aku ndonga marang Njenengan”

      • ”Nèk Njenengan mung ndelok kesalahan thok” (3)

      • Yéhuwah bener-bener ngapura (4)

      • ”Aku bener-bener ngentèni Yéhuwah” (6)

  • 131

    • Puas kaya bocah cilik

      • Ora nduwé kepénginan sing muluk-muluk (1)

  • 132

    • Daud lan Zion dipilih

      • ”Aja ninggalké wong sing mbok lantik” (10)

      • Para imamé Zion bakal dislametké (16)

  • 133

    • Ngumpul lan bersatu

      • Kaya minyak ing sirahé Harun (2)

      • Kaya embun ing Gunung Hèrmon (3)

  • 134

    • Muji Yéhuwah pas bengi

      • ”Tetep suci wektu ndonga karo ngangkat tangan” (2)

  • 135

    • Muji Yéhuwah merga Dhèwèké luar biasa

      • Mukjijat ing Mesir (8, 9)

      • ”Jeneng-Mu bakal ana saklawasé” (13)

      • Patung sing ora ana nyawané (15-18)

  • 136

    • Katresnané Yéhuwah ana saklawasé

      • Langit lan bumi digawé nganggo cara sing pinter banget (5, 6)

      • Firaun mati ing Laut Merah (15)

      • Gusti Allah ora lali karo wong sing putus asa (23)

      • Pangan kanggo kabèh manungsa lan kéwan (25)

  • 137

    • Ing pinggiré kali-kali sing ana ing Babilon

      • Ora ana sing nyanyi lagu soal Zion (3, 4)

      • Babilon dihancurké (8)

  • 138

    • Senajan mulya banget Gusti Allah perduli

      • ”Njenengan njawab pas aku ndonga” (3)

      • ’Pas aku terancam bahaya, Njenengan nylametké aku’ (7)

  • 139

    • Gusti Allah kenal tenan karo abdiné

      • Ora ana sing isa ngedohi rohé Gusti Allah (7)

      • ’Carané aku digawé hébat banget’ (14)

      • ”Njenengan ndelok aku malah sakdurungé aku lair” (16)

      • ”Tuntunen aku ing dalan sing langgeng” (24)

  • 140

    • Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing kuwat sing nylametké

      • Wong jahat kuwi kaya ula (3)

      • Wong sing kejem dipatèni (11)

  • 141

    • Donga njaluk bèn dilindhungi

      • ”Muga-muga dongaku kaya dupa” (2)

      • Naséhaté wong bener kuwi kaya minyak (5)

      • Wong jahat bakal tiba ing jaring sing dhèwèké pasang (10)

  • 142

    • Donga njaluk bèn dibébaské saka wong sing nganiaya

      • ”Ora ana panggonan sing aman kanggo ndhelik” (4)

      • ”Aku ora nduwé sapa-sapa sakliyané Njenengan” (5)

  • 143

    • Kaya tanah gersang sing ngentèni disirami Gusti Allah

      • ”Aku mikirké tenanan kabèh tumindak-Mu” (5)

      • ”Tulung ajari aku bèn isa nindakké sing mbok péngini” (10)

      • ”Muga-muga roh suci-Mu nuntun aku” (10)

  • 144

    • Donga njaluk bèn menang

      • ”Manungsa kuwi apa?” (3)

      • ’Muga-muga mungsuh dadi kocar-kacir’ (6)

      • Umaté Yéhuwah kuwi bahagia (15)

  • 145

    • Muji Gusti Allah, Raja sing agung

      • ’Aku bakal nyritakké nèk Gusti Allah kuwi hébat banget’ (6)

      • ”Yéhuwah kuwi apikan karo kabèh ciptaané” (9)

      • ”Abdi-Mu sing setya bakal muji Njenengan” (10)

      • Pamréntahané Gusti Allah ana sakterusé (13)

      • Gusti Allah nyukupi sing dibutuhké (16)

  • 146

    • Percaya marang Gusti Allah, dudu manungsa

      • Wektu manungsa mati, dhèwèké wis ora mikir apa-apa manèh (4)

      • Gusti Allah nguwatké wong sing susah (8)

  • 147

    • Muji katresnané Gusti Allah lan kehébatané

      • Dhèwèké nambani wong sing lara ati (3)

      • Dhèwèké ngundang bintang-bintang nganggo jenengé dhéwé-dhéwé (4)

      • Dhèwèké nutupi bumi nganggo salju kaya kemul putih (16)

  • 148

    • Kabèh ciptaan muji Yéhuwah

      • ”Hé kabèh malaékaté, pujinen Dhèwèké” (2)

      • ’Hé matahari, bulan, lan bintang, pujinen Dhèwèké’ (3)

      • Wong tuwa lan cah enom muji Gusti Allah (12, 13)

  • 149

    • Lagu pujian kanggo Gusti Allah sing mènèhi kemenangan

      • Gusti Allah seneng karo umaté (4)

      • Kehormatan kanggo abdiné Gusti Allah sing setya (9)

  • 150

    • Kabèh sing urip, pujinen Yah

      • Haléluyah! (1, 6)