Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Yésaya

Bab

Intiné Bab Iki

  • 1

    • Bapak lan anak-anaké sing mbrontak (1-9)

    • Yéhuwah sengit karo ibadah sing ora saktulusé ati (10-17)

    • ”Ayo masalahé awaké dhéwé dirampungké” (18-20)

    • Zion dadi kutha sing setya manèh (21-31)

  • 2

    • Gunungé Yéhuwah bakal dadi luwih dhuwur (1-5)

      • Pedhang dadi pisau bajak (4)

    • Wong sing sombong bakal direndhahké pas dinané Yéhuwah (6-22)

  • 3

    • Para pemimpiné Yéhuda mblasukké wong-wong (1-15)

    • Wong-wong wédok Zion sing seneng nggodha bakal diadili (16-26)

  • 4

    • Wong wédok pitu lan wong lanang siji (1)

    • Tanduran sing dithukulké Yéhuwah bakal dadi mulya (2-6)

  • 5

    • Lagu soal kebon angguré Yéhuwah (1-7)

    • Cilaka kebon angguré Yéhuwah (8-24)

    • Gusti Allah nesu marang umaté (25-30)

  • 6

    • Wahyu soal Yéhuwah sing ana ing baité (1-4)

      • ”Suci, suci, suci Yéhuwah” (3)

    • Lambéné Yésaya digawé ora najis (5-7)

    • Yésaya diwènèhi tugas (8-10)

      • ”Aku waé. Utusen aku.” (8)

    • ”Nganti kapan, Yéhuwah?” (11-13)

  • 7

    • Berita kanggo Raja Ahaz (1-9)

      • Syéar-yasyub (3)

    • Imanuèl dadi tandha (10-17)

    • Akibat merga ora setya (18-25)

  • 8

    • Wong Asiria arep nyerang (1-8)

      • Mahèr-syalal-has-baz (1-4)

    • Aja wedi merga ”Gusti Allah ndhukung aku” (9-17)

    • Yésaya lan anak-anaké dadi tandha (18)

    • Manut karo hukum, dudu roh jahat (19-22)

  • 9

    • Cahaya sing padhang ing dhaérah Galiléa (1-7)

      • ”Pemimpin sing Nggawé Rukun lan Tentrem” lair (6, 7)

    • Gusti Allah nglawan Israèl (8-21)

  • 10

    • Gusti Allah ngukum Israèl (1-4)

    • Asiria dadi tongkaté Gusti Allah kanggo ngukum (5-11)

    • Asiria dihukum (12-19)

    • Keturunané Yakub sing slamet bakal bali (20-27)

    • Gusti Allah bakal ngadili Asiria (28-34)

  • 11

    • Cabang saka Isai bakal adil wektu mréntah (1-10)

      • Serigala bakal dolan bareng karo anak domba (6)

      • Pengetahuan soal Yéhuwah bakal ngebaki bumi (9)

    • Sing slamet bakal diklumpukké manèh (11-16)

  • 12

    • Lagu ucapan syukur (1-6)

      • ”Yah Yéhuwah kuwi sing nglindhungi aku” (2)

  • 13

    • Berita penghukuman kanggo Babilon (1-22)

      • Dinané Yéhuwah wis ora suwé manèh (6)

      • Wong Média nyerang Babilon (17)

      • Babilon ora bakal dienggoni manèh (20)

  • 14

    • Israèl bakal manggon ing tanahé dhéwé (1, 2)

    • Raja Babilon diécé (3-23)

      • Sing bersinar tiba saka langit (12)

    • Yéhuwah ngalahké Asiria (24-27)

    • Berita penghukuman kanggo Filistia (28-32)

  • 15

    • Berita penghukuman kanggo Moab (1-9)

  • 16

    • Lanjutané berita penghukuman kanggo Moab (1-14)

  • 17

    • Berita penghukuman kanggo Damaskus (1-11)

    • Yéhuwah bakal nggetak bangsa-bangsa (12-14)

  • 18

    • Berita penghukuman kanggo Étiopia (1-7)

  • 19

    • Berita penghukuman kanggo Mesir (1-15)

    • Yéhuwah bakal dikenal karo wong Mesir (16-25)

      • Mézbah kanggo Yéhuwah ing Mesir (19)

  • 20

    • Tandha kanggo Mesir lan Étiopia (1-6)

  • 21

    • Berita penghukuman kanggo padhang belantara ing pinggir laut (1-10)

      • Terus ngamati saka menara penjaga (8)

      • ”Babilon wis kalah” (9)

    • Berita penghukuman kanggo Duma lan padhang pasir (11-17)

      • ”Hé penjaga, apa benginé isih suwé?” (11)

  • 22

    • Berita penghukuman soal lembah sing biasané dienggo ndelok wahyu (1-14)

    • Syébna diganti karo Èliakim (15-25)

      • Pathok sing dadi gambaran (23-25)

  • 23

    • Berita penghukuman kanggo Tirus (1-18)

  • 24

    • Yéhuwah bakal nggawé tanah kuwi ora dienggoni manèh (1-23)

      • Yéhuwah, Raja ing Zion (23)

  • 25

    • Berkah sing akèh kanggo umaté Gusti Allah (1-12)

      • Yéhuwah nggawé pésta nganggo anggur sing paling apik (6)

      • Ora ana manèh kematian (8)

  • 26

    • Lagu soal rasa percaya marang Gusti Allah, lan soal Gusti Allah sing nylametké (1-21)

      • Yah Yéhuwah kuwi Gunung Watu sing ana saklawasé (4)

      • Penduduk ing bumi dadi ngerti carané nindakké apa sing bener (9)

      • ”Wong sing mati bakal urip manèh” (19)

      • Mlebua ing kamar, lan ndhelika (20)

  • 27

    • Yéhuwah matèni Lèwiatan (1)

    • Lagu soal Israèl sing kaya kebon anggur (2-13)

  • 28

    • Cilaka tenan wong Éfraim sing seneng mabuk (1-6)

    • Imam lan nabi Yéhuda sempoyongan (7-13)

    • ”Perjanjian karo Kematian” (14-22)

      • Watu pondhasi sing berharga ing Zion (16)

      • Tumindaké Yéhuwah sing béda karo biasané (21)

    • Gambaran dhidhikané Yéhuwah (23-29)

  • 29

    • Cilaka tenan Arièl (1-16)

      • Ngibadah, ning ora tenanan saka ati (13)

    • Wong budheg bakal krungu lan wong wuta bakal ndelok (17-24)

  • 30

    • Bantuané Mesir ora ana gunané (1-7)

    • Wong-wong ora gelem ngrungokké wahyu saka Gusti Allah (8-14)

    • Isa dadi kuwat nèk percaya (15-17)

    • Yéhuwah apikan karo umaté (18-26)

      • Yéhuwah kuwi Guru sing hébat (20)

      • ”Iki dalané” (21)

    • Yéhuwah ngukum Asiria (27-33)

  • 31

    • Bantuan sing isa diendelké kuwi saka Gusti Allah, dudu saka manungsa (1-9)

      • Jarané Mesir kuwi mung kéwan (3)

  • 32

    • Raja lan para pemimpin sing adil wektu mréntah (1-8)

    • Wong wédok sing uripé pénak diélikké (9-14)

    • Berkah-berkah merga diwènèhi roh suciné Gusti Allah (15-20)

  • 33

    • Hukuman lan harapan kanggo wong sing bener (1-24)

      • Yéhuwah kuwi hakim, sing mènèhi hukum, lan raja (22)

      • Ora ana sing bakal ngomong, ”Aku lara” (24)

  • 34

    • Yéhuwah mbales bangsa-bangsa (1-4)

    • Ora ana sing bakal manggon ing Édom (5-17)

  • 35

    • Firdaus ana manèh (1-7)

      • Wong wuta isa ndelok lan wong budheg isa krungu (5)

    • Dalan Suci kanggo wong-wong sing ditebus (8-10)

  • 36

    • Sanhèrib nyerang Yéhuda (1-3)

    • Rabsyaké ngécé Yéhuwah (4-22)

  • 37

    • Hizkia njaluk bantuané Gusti Allah liwat Yésaya (1-7)

    • Sanhèrib ngancam Yérusalèm (8-13)

    • Dongané Hizkia (14-20)

    • Yésaya nyampèkké jawaban saka Gusti Allah (21-35)

    • Malaékat siji matèni 185.000 wong Asiria (36-38)

  • 38

    • Hizkia lara, terus mari (1-22)

      • Lagu ucapan syukur (10-20)

  • 39

    • Para utusan saka Babilon (1-8)

  • 40

    • Penghiburan kanggo umaté Gusti Allah (1-11)

      • Swara ing padhang belantara (3-5)

    • Kehébatané Gusti Allah (12-31)

      • Bangsa-bangsa mung kaya banyu sak tètès saka timba (15)

      • Gusti Allah manggon ing ndhuwuré ”bumi sing bunder” (22)

      • Kabèh bintang disebut nganggo jenengé (26)

      • Gusti Allah ora tau kesel (28)

      • Wong sing berharap marang Yéhuwah bakal dadi kuwat manèh (29-31)

  • 41

    • Ana wong saka wétan sing ngalahké (1-7)

    • Israèl dipilih dadi abdiné Gusti Allah (8-20)

      • ”Abraham kanca-Ku” (8)

    • Allah-allah liyané ditantang (21-29)

  • 42

    • Abdiné Gusti Allah lan tugasé (1-9)

      • ’Yéhuwah kuwi jeneng-Ku’ (8)

    • Lagu anyar kanggo muji Yéhuwah (10-17)

    • Israèl kuwi wuta lan budheg (18-25)

  • 43

    • Yéhuwah ngumpulké umaté manèh (1-7)

    • Allah-allah liya diuji (8-13)

      • ”Kowé kuwi seksi-seksi-Ku” (10, 12)

    • Dibébaské saka Babilon (14-21)

    • ”Ayo ngrembug masalahé awaké dhéwé” (22-28)

  • 44

    • Berkah kanggo umat sing dipilih Gusti Allah (1-5)

    • Ora ana Gusti Allah sakliyané Yéhuwah (6-8)

    • Wong sing nggawé patung kuwi bodho (9-20)

    • Yéhuwah kuwi sing nebus Israèl (21-23)

    • Dislametké liwat Korès (24-28)

  • 45

    • Korès dipilih kanggo ngalahké Babilon (1-8)

    • Tanah liat ora pantes protès karo pengrajin (9-13)

    • Bangsa-bangsa liya bakal ngajèni Israèl (14-17)

    • Ciptaan lan omongané Gusti Allah kuwi isa dipercaya (18-25)

      • Bumi diciptakké bèn dienggoni (18)

  • 46

    • Gusti Allahé Israèl nglawan déwa-déwa Babilon (1-13)

      • Yéhuwah ngandhani soal apa sing durung kelakon (10)

      • Elang saka wétan (11)

  • 47

    • Babilon dikalahké (1-15)

      • Ahli ilmu bintang ora ana gunané (13-15)

  • 48

    • Israèl disenèni lan digawé murni (1-11)

    • Yéhuwah nglawan Babilon (12-16a)

    • Gusti Allah mulang sing ana manfaaté (16b-19)

    • ”Kowé kudu metu saka Babilon” (20-22)

  • 49

    • Tugas kanggo abdiné Yéhuwah (1-12)

      • Cahaya sing madhangi bangsa-bangsa (6)

    • Israèl dihibur (13-26)

  • 50

    • Dosané Israèl nyebabké masalah (1-3)

    • Abdiné Yéhuwah sing manut (4-11)

      • Murid sing siap ngrungokké (4)

  • 51

    • Zion dadi kaya Taman Èden (1-8)

    • Sing nyiptakké Zion menghibur Zion (9-16)

    • Gelas sing nglambangké rasa nesuné Yéhuwah (17-23)

  • 52

    • Hé Zion, kowé kudu kuwat manèh (1-12)

      • Seneng banget ndelok wong sing nggawa kabar apik (7)

      • Para penjaga padha sorak-sorak (8)

      • Wong sing nggawa barang-barangé Yéhuwah kudu tetep resik (11)

    • Abdiné Yéhuwah bakal dimulyakké (13-15)

      • Penampilané rusak banget (14)

  • 53

    • Abdiné Yéhuwah sengsara, mati, lan dikubur (1-12)

      • Diécé lan diedohi (3)

      • Nyangga penyakit lan kesusahan (4)

      • ”Kaya domba sing arep dibelèh” (7)

      • Dhèwèké nyangga dosané wong akèh (12)

  • 54

    • Zion sing mandhul nduwé anak akèh (1-17)

      • Yéhuwah dadi kaya bojoné Zion (5)

      • Anak-anaké Zion diwulang Yéhuwah (13)

      • Senjata sing dienggo nglawan Zion ora bakal mempan (17)

  • 55

    • Diundang mangan lan ngombé ora mbayar (1-5)

    • Golèka tuntunan lan omongané Yéhuwah sing isa dipercaya (6-13)

      • Tumindaké Gusti Allah ora kaya tumindaké manungsa (8, 9)

      • Omongané Gusti Allah mesthi bakal kelakon (10, 11)

  • 56

    • Wong lanang sing mandhul lan wong asing diberkahi (1-8)

      • Omah sing dienggo ndonga (7)

    • Penjaga sing wuta kaya asu sing bisu (9-12)

  • 57

    • Wong sing bener lan wong sing setya ora ana manèh (1, 2)

    • Israèl nyembah allah-allah liya (3-13)

    • Wong sing lara ati dihibur (14-21)

      • Wong jahat kaya ombaké laut sing ora tau mandheg (20)

      • Wong jahat ora tau ngrasa ayem (21)

  • 58

    • Pasa sing bener lan pasa sing salah (1-12)

    • Nganggep Sabat kuwi dina sing nyenengké (13, 14)

  • 59

    • Merga dosa, wong Israèl ora rukun karo Gusti Allah (1-8)

    • Ngaku dosa (9-15a)

    • Sing ditindakké Yéhuwah wektu ana sing mertobat (15b-21)

  • 60

    • Kemuliaané Yéhuwah madhangi Zion (1-22)

      • Kaya manuk dara sing mulih ing omahé (8)

      • Emas gantiné tembaga (17)

      • Sing sithik bakal dadi sèwu (22)

  • 61

    • Dipilih kanggo martakké kabar apik (1-11)

      • ”Wektuné Yéhuwah nduduhké rasa mesakké” (2)

      • ”Kaya wit sing gedhé lan kuwat” (3)

      • Wong asing bakal mbantu (5)

      • ”Imamé Yéhuwah” (6)

  • 62

    • Jeneng anyar kanggo Zion (1-12)

  • 63

    • Yéhuwah balas dendam karo bangsa-bangsa (1-6)

    • Sing ditindakké Yéhuwah kuwi bukti katresnané (7-14)

    • Donga njaluk ngapura (15-19)

  • 64

    • Lanjutan donga njaluk ngapura (1-12)

      • Yéhuwah kuwi ’pengrajin’ (8)

  • 65

    • Yéhuwah ngukum wong-wong sing nyembah berhala (1-16)

      • Déwa sing mènèhi keberuntungan lan déwa sing ngatur masa depan (11)

      • ”Abdi-Ku bakal mangan” (13)

    • Langit anyar lan bumi anyar (17-25)

      • Mbangun omah lan nggawé kebon anggur (21)

      • Kerja kerasé mesthi bakal ana hasilé (23)

  • 66

    • Ibadah sing bener lan sing salah (1-6)

    • Zion lan anak-anaké (7-17)

    • Wong-wong diklumpukké bèn ngibadah ing Yérusalèm (18-24)