Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Aku Arep Bali

Aku Arep Bali

Download:

  1. 1. Rasa sepi ing atiku abot banget.

    Yéhuwah, ’ku ngerti wis keslimur.

    Aku cilik ati, ’ku butuh dikuwat’ké.

    ’Ku péngin bali ing dalan bener.

    (REFREIN)

    Aku éling piwulang-Mu​—kabèh ’ku éling​—

    Kayektèn sing ana ing Alkitab.

    Senajan wis keslimur, wis ora setya,

    ’Ku arep bali.

  2. 2. ’Ku ngerti wong sing perduli,

    Sing nresnani aku,

    Lan tulus nresnani Yéhuwah.

    Kaya lampu terang, sabda-Mu nggawé ’ku bali.

    Bali ing uripku sak mesthiné.

    (BRIDGE)

    Nèng endi waé, kabèh tak delok, ngélingaké iki:

    Nèk akir wis cedhak.

    (REFREIN)

    Dhuh Yéhuwah, Bapa sing mireng dongaku

    Saiki ’ku butuh ditulungi.

    ’Yah ngerti senajan ’ku wis kesandhung,

    ’Ku arep bali.

    (BRIDGE)

    Ngerti Yéhuwah pangertèn; Kadhang ’ku butuh ditulung.

    Wong ’ra ngerti aku semplah, ning Yéhuwah ngerti.

    Nggolèki apa sing apik.

    (REFREIN)

    Mula aku teka ngibadah, ngrasak’ké katresnan,

    Bali ing dalan sing bener.

    Senajan wis keslimur, wis ora setya, ’ku isa bali.

    ’Ku arep bali.