Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Panggonan sing Ngluhurké Yéhuwah

Panggonan sing Ngluhurké Yéhuwah

Download:

  1. 1.Yéhuwah Allah sing nyiptakké

    langit bumi sak isiné,

    Roh suci-Mu ana ing kéné

    mènèhi k’wasa sing gedhé.

    Akèh wong padha teka mréné

    ’nggo nduduhké katresnané,

    Ngibadah bareng seduluré.

    Nggawé Yah seneng atiné.

    (BRIDGE)

    Yéhuwah sumberé

    kabèh sing tak wènèhké.

    Kabèh sing tak duwèni

    Huwah sing maringi.

    (REFREIN)

    Maturnuwun Yéhuwah Gusti.

    Aku muji karo nyanyi

    merga panggonan iki dadi

    ’nggo ngluhurké asma suci.

  2. 2.Aku péngin nduwé panggonan

    ’nggo ngluhurké Panjenengan

    lan kanggo sedulur seiman,

    ’Nggo mbantu nguwatké iman.

    Panggonan iki wis digawé,

    Mbantu mujudké kersa-Mu.

    Akèh sing kudu dirampungké,

    Gawéan saka putra-Mu.

    (BRIDGE)

    Wektu lan bandhaku

    lan kabèh upayaku,

    Kabèh kanggo Allahku,

    Sumberé uripku.

    (REFREIN)

    Maturnuwun Yéhuwah Gusti.

    Aku muji karo nyanyi

    merga panggonan iki dadi

    ’nggo ngluhurké asma suci.