Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngabdi Sak Isa-isané

Ngabdi Sak Isa-isané

Download:

  1. 1. Yéhuwah Bapakku, aku péngin terus ngabdi.

    Aku tresna lan péngin nyenengké Bapak sakt’rusé.

    Wong-wong bakal tak bantu ’nggo sinau Sabda-Mu.

    Isa nginjil lan mulang wong liya, seneng atiku.

    (PRA-REFREIN)

    Imanku saya kuwat merga ngabdi marang Allah.

    T’rus mikirké janji ngabdiku, setya marang Yah.

    (REFREIN)

    Yéhuwah Bapakku, sing tak luhurké,

    Tékadku ngabdi sak isa-isané,

    Siap nglakoni tugas apa waé.

    Kabèh tak korbanké ’nggo ngabdi saklawasé.

  2. 2. T’rus nresnani lan ngabdi saktulusé ati.

    Aku gelem t’rus nggunakké kabèh upayaku,

    Merga mesthi luwih bahagia urip iki

    Nèk nggunakké wektu ’nggo mbantu wong liya sinau.

    (PRA-REFREIN)

    Imanku saya kuwat merga ngabdi marang Allah.

    T’rus mikirké janji ngabdiku, setya marang Yah.

    (REFREIN)

    Yéhuwah Bapakku, sing tak luhurké,

    Tékadku ngabdi sak isa-isané,

    Siap nglakoni tugas apa waé.

    Kabèh tak korbanké ’nggo ngabdi saklawasé.

    (REFREIN)

    Yéhuwah Bapakku, sing tak luhurké,

    Tékadku ngabdi sak isa-isané,

    Siap nglakoni tugas apa waé.

    Kabèh tak korbanké ’nggo ngabdi saklawasé.