Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kudu Kendel lan Kuwat

Kudu Kendel lan Kuwat

Download:

  1. 1. Tangi ésuk, langsung ndonga,

    Kanggo keluarga

    Lan ’nggo kabèh sedulur sakdonya,

    Bèn t’rus setya marang Yah.

    Wektu uripku susah,

    Aku ora bakal nyerah.

    Tetep apikan, merga t’rus

    Éling lagu iki:

    (REFREIN)

    Aja kuwatir

    Lan aja wedi.

    Aku ’ra bakal

    Ninggalké kowé.

    Kowé isa kuwat,

    Kowé isa kendel.

    Aku mesthi bakal

    Nggawé kowé kuwat.”

    (BRIDGE)

    Terus nyambut gawé

    S’najan ’ra ngerti

    Piyé sésuk bakalé.

    Ning sahabatku,

    Mesthi t’rus nggatèkké.

    ’Ra kuwatir dadiné.

  2. 2. Merga percaya Yéhuwah,

    Aku ora nyerah.

    Akèh gawéan

    Kudu dirampungké.

    Ndonga bèn ayem atiku.

    S’najan lara awakku,

    Tetep kerja sak isaku.

    Isa kuwat merga t’rus éling

    Lagu sing nguwatké.

    (REFREIN)

    Aja kuwatir

    Lan aja wedi.

    Aku ’ra bakal

    Ninggalké kowé.

    Kowé isa kuwat,

    Kowé isa kendel.

    Aku mesthi bakal

    Nggawé kowé kuwat.

    Aku mesthi bakal

    Nggawé kowé kuwat.