Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Yéhuwah ing Cedhakku

Yéhuwah ing Cedhakku

Download:

  1. 1. Iki wis wektuné, aku mèh mangkat.

    Aku ndonga bèn isa terus kuwat.

    Meskipun mungsuhku ngalang-alangi,

    Mung Yéhuwah sing tak turuti.

    (REFREIN)

    Aku yakin pasti, Yéhuwah ’ra ninggalké aku.

    Yéhuwah ing cedhakku, aku ’ra wedi.

    Yéhuwah ing cedhakku, aku ’ra wedi.

  2. 2. Kabèh wong kuwi mémang kudu ngerti.

    Meréka isa cedhak karo Gusti.

    Mulané aku péngin terus ndongakké,

    Bèn mengko ’dha isa urip s’lawasé.

    (REFREIN)

    Aku yakin pasti, Yéhuwah ’ra ninggalké aku.

    Yéhuwah ing cedhakku, aku ’ra wedi.

    Yéhuwah ing cedhakku, aku ’ra wedi.

    (BRIDGE)

    Wis dadi tékadku, terus nglayani,

    ’Ra péngin mandheg, terus ngabdi.

    Wong-wong akèh sing tak kandhani,

    Bèn kenal Yéhuwah, mèlu nglayani.

    Aku ngerti sedulur sak donya

    ya ’dha ngupaya, terus setya.

    Donya anyar janjiné Yéhuwah

    wis mèh kelakon, ’ku percaya.

  3. 3. Meskipun uripku ora pasti,

    Tapi aku ayem, ora wedi.

    Ing njero atiku aku ngerti,

    Wis ana Yéhuwah sing ngancani.

    (REFREIN)

    Aku yakin pasti, Yéhuwah ’ra ninggalké aku.

    Yéhuwah ing cedhakku, aku ’ra wedi.

    Yéhuwah ing cedhakku, aku ’ra wedi.