Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ BÈN ORA STRÈS

Apa Njenengan Lagi Strès?

Apa Njenengan Lagi Strès?

”Kabèh wong mesthi tau ngrasa strès. Ning, apa sing tak alami kuwi nggawé aku strès banget. Masalahku akèh banget. Apa manèh aku ya kudu ngopèni bojoku sing lara. Larané ya ora mung awaké, ning ya méntalé.”​—Gunarti. a

”Bojoku ninggalké aku. Akhiré aku kudu ngopèni anakku loro dhèwèkan. Dadi orang tua tunggal kuwi angèl. Apa manèh aku ya wis ora kerja, lan aku ora nduwé dhuwit kanggo ndandani mobil. Aku strès banget, ora ngerti kudu piyé. Aku ngerti nèk bunuh diri kuwi salah, mula aku njaluk karo Gusti Allah bèn aku mati waé.”​—Paidi.

Kaya Gunarti lan Paidi, apa njenengan kadhang ngrasa strès banget? Nèk iya, njenengan isa dibantu lan éntuk penghiburan wektu maca majalah iki. Majalah iki ngrembug apa penyebabé strès, apa pengaruhé strès, lan apa sing isa ditindakké kanggo ngurangi strès.

a Jeneng-jeneng ing dhuwur iki dudu jeneng asliné.