Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ BÈN ORA STRÈS

Sing Isa Ditindakké Wektu Lagi Strès

Sing Isa Ditindakké Wektu Lagi Strès

Bèn isa ngadhepi strès, njenengan kudu mikirké keséhatané njenengan, hubungané njenengan karo wong liya, cita-citané njenengan, lan apa sing njenengan anggep paling penting. Artikel iki bakal ngrembug pathokan-pathokané Alkitab sing isa mbantu njenengan ngadhepi strès lan mungkin malah ngurangi akibaté.

Aja Terus Kuwatir soal Sésuk

”Aja nganti kuwatir bab dina sésuk, merga sésuk bakal ana kekuwatiran liyané.”—MATIUS 6:34.

Artiné: Saben dina awaké dhéwé mesthi ngrasa kuwatir. Ning, aja nambahi kuwatir dina iki karo rasa kuwatir soal sésuk.

  • Rasa kuwatir isa nggawé njenengan dadi strès. Ana saran sing isa ditindakké. Pertama, aja terus-terusan mikirké masalah kuwi merga isa nggawé njenengan tambah strès. Keloro, njenengan kudu ngerti nèk ora kabèh sing njenengan kuwatirké bakal kelakon.

Kudu Masuk Akal

”Kawicaksanan saka ndhuwur kuwi . . . masuk akal.”—YAKOBUS 3:17.

Artiné: Aja terlalu kaku. Aja nuntut awaké dhéwé utawa wong liya sampurna.

  • Kudu masuk akal. Njenengan ya kudu ngerti keterbatasané njenengan lan wong liya. Hasilé, njenengan bakal isa ngurangi strès lan apa sing ditindakké isa dadi luwih apik. Sakliyané kuwi, njenengan ya kudu seneng guyon. Kuwi isa nggawé njenengan dadi ora tegang, khususé wektu ana masalah.

Golèka Penyebabé

”Wong kang duwé kapinteran iku sarèh [utawa, tenang] ing budi.”​—WULANG BEBASAN 17:27.

Artiné: Ngupayaa tetep tenang bèn njenengan isa mikir positif.

  • Njenengan kudu ngerti apa sing nggawé njenengan strès lan gatèkna piyé tanggepané njenengan. Misalé, njenengan isa nyathet apa sing njenengan pikirké, rasakké, lan tindakké wektu lagi strès. Kuwi isa mbantu njenengan ngatasi strès nganggo cara sing luwih apik manèh. Terus, njenengan isa ngilangké apa waé sing nyebabké njenengan strès. Nèk ora isa, cobanen atur jadwalé njenengan bèn ora terlalu strès.

  • Ngupayaa nduwé pandhangan sing positif. Apa sing nggawé njenengan strès durung mesthi nggawé wong liya dadi strès. Kuwi bergantung karo pandhangané njenengan soal masalah kuwi. Gatèkna saran-saran iki:

    1. Aja gampang mikir èlèk. Misalé, ana wong sing nyrobot antrian. Nèk mikir èlèk soal tumindaké wong kuwi, njenengan mungkin langsung ngrasa jèngkèl. Ketimbang jèngkèl, ngupayaa mikir nèk wong kuwi mungkin ora nduwé maksud sing èlèk.

    2. Mikirké manfaat saka keadaan sing lagi dialami. Njenengan isa nggunakké kesempatan wektu ing dokter utawa ing bandara kanggo nindakké kegiatan sing ana manfaaté, misalé maca buku utawa nyambi gawéan kantor.

    3. Ngupaya nduwé pandhangan sing luas. Pikirna, ’Apa iki bakal tetep dadi masalah sing gedhé kanggo sésuk utawa minggu ngarep?’ Njenengan kudu isa mbédakké endi masalah sing gedhé lan endi sing ora.

Ngupaya Tertib lan Teratur

”Kabèh perkara kudu kelakon kanthi apik lan tumata.”​—1 KORINTUS 14:40.

Artiné: Terus ngupaya tertib.

  • Awaké dhéwé mesthi seneng nèk isa tertib. Salah siji sing isa nggawé ora tertib lan malah nambahi strès yaiku nèk njenengan seneng nunda-nunda. Kuwi nggawé tugas-tugasé njenengan numpuk. Cobanen saran-saran iki:

    1. Gawéa jadwal, terus tindakna.

    2. Golèka penyebabé njenengan seneng nunda-nunda, terus golèka solusiné.

Kudu Seimbang

”Katentreman sagegem iku luwih becik tinimbang karo kangèlan rong gegem lan ngudi mburu angin.”​—KOHÈLÈT 4:6.

Artiné: Wong sing terlalu seneng kerja malah ora isa ngrasakké hasil kerjané merga wis kekeselen utawa wis ora nduwé wektu manèh.

  • Njenengan kudu nduwé pandhangan sing bener soal dhuwit lan gawéan. Nduwé akèh dhuwit kuwi ora jaminan wong isa bahagia lan ora strès. Kohèlèt 5:11 kandha, ”Mubra-mubruning [utawa, bandhané] wong sugih marakaké ora bisa turu.” Dadi, ngupayaa kanggo urip sederhana.

  • Njenengan kudu nduwé wektu kanggo santai. Njenengan isa ngatasi strès nèk njenengan nindakké kegiatan sing njenengan senengi. Ning, hiburan sing nggawé njenengan ora nindakké apa-apa, contoné nonton TV, kuwi ora mbantu njenengan ngatasi strès.

  • Aja kecanduan alat èlèktronik. Aja terus-terusan ngecèk email, SMS, utawa média sosial. Nèk ora kepeksa banget, aja ngecèk email sing ana hubungané karo gawéan wektu njenengan lagi santai.

Jaganen Keséhatané Njenengan

”Latihan jasmani kuwi [ana] paédahé.”​—1 TIMOTIUS 4:8.

Artiné: Olahraga isa nggawé njenengan luwih séhat.

  • Nduwéa kebiasaan sing apik. Olahraga isa nggawé njenengan ngrasa seneng lan nggawé njenengan luwih siap ngadhepi strès. Njenengan kudu mangan teratur lan mangan panganan sing bergizi. Njenengan ya kudu cukup istirahat.

  • Aja ngrokok, nggunakké narkoba, utawa kakèhan ngombé alkohol. Njenengan mungkin ora langsung ngrasakké akibaté. Ning, kuwi malah nambahi masalahé njenengan, misalé njenengan isa dadi lara lan ngetokké luwih akèh dhuwit.

  • Nèk tetep ora isa ngatasi strès, priksaa ing dokter. Njenengan ora perlu ngrasa isin merga njenengan bakal éntuk bantuan sing cocog saka dokter.

Utamakna sing Paling Penting

”Mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting.”​—FILIPI 1:10.

Artiné: Kudu ngerti endi sing paling penting.

  • Gawéa daftar kegiatan sing diurutké saka kegiatan sing paling penting nganti kegiatan sing kurang penting. Njenengan dadi isa ngerti endi kegiatan sing ora kudu cepet ditindakké, endi sing isa dipasrahké wong liya, utawa endi sing ora perlu ditindakké.

  • Catheten kegiatan apa waé sing njenengan tindakké saksuwéné seminggu. Terus, pikirna piyé carané njenengan isa luwih èfèktif nggunakké wektu. Nèk isa ngatur wektu, strèsé njenengan bakal berkurang.

  • Kudu nduwé wektu kanggo istirahat. Senajan mung sedhéla, istirahat isa ngurangi strès.

Golèka Bantuan

”Sumelanging ati ndadèkaké wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadèkaké senengé atiné.”​—WULANG BEBASAN 12:25.

Artiné: Omongan sing nguwatké saka wong liya isa mbantu njenengan wektu ngadhepi strès.

  • Critaa karo kanca sing isa dipercaya. Dhèwèké mungkin isa mbantu njenengan nduwé pandhangan sing positif utawa malah isa mènèhi saran sing durung tau njenengan pikirké. Nèk nyritakké kabèh sing njenengan rasakké, kuwi isa nggawé njenengan ngrasa lega.

  • Njaluka bantuan. Njenengan isa kerja sama utawa masrahké gawéan karo wong liya.

  • Nèk ana kanca kerja sing nggawé jèngkèl, golèka cara kanggo ngatasi kuwi. Contoné, njenengan isa ngomong karo kanca kerjané njenengan soal apa sing njenengan rasakké nganggo cara sing apik. (Wulang Bebasan 17:27) Nèk kuwi ora berhasil, njenengan isa ngupaya bèn ora terlalu akrab karo dhèwèké.

Golèka Tuntunané Gusti Allah

”Bungah wong-wong sing mbutuhké tuntunané Gusti Allah.”​—MATIUS 5:3.

Artiné: Awaké dhéwé ora mung mbutuhké panganan, pakaian, lan omah. Awaké dhéwé ya nduwé kebutuhan rohani. Nèk kuwi dicukupi, awaké dhéwé isa bahagia.

  • Ndonga kuwi pengaruhé gedhé. Alkitab ngomong, ”Pasrahna kabèh kuwatirmu marang Gusti Allah, merga Panjenengané nggatèkké kowé.” (1 Pétrus 5:7) Awaké dhéwé isa ngrasa tenang nèk ndonga lan mikirké apa sing isa nguwatké awaké dhéwé.​—Filipi 4:6, 7.

  • Maca wacan sing isa nggawé njenengan luwih cedhak karo Gusti Allah. Saran-saran sing ana ing majalah iki dhasaré saka Alkitab, sing ditulis kanggo nyukupi kebutuhan rohaniné awaké dhéwé. Kuwi ya isa mbantu awaké dhéwé nduwé ”panglimbang [utawa, pertimbangan] lan kawicaksanan”. (Wulang Bebasan 3:21) Njenengan isa mulai maca Alkitab, mungkin saka buku Wulang Bebasan.