Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Hubungan karo Wong Liya?

Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Hubungan karo Wong Liya?

Tèknologi kuwi mémang bermanfaat. Merga ana tèknologi kaya SMS, chatting, e-mail, video call, lan média sosial, komunikasi dadi luwih gampang, bahkan awaké dhéwé isa komunikasi karo wong sing manggon ing negara liya.

Tapi, nèk komunikasi utawa bergaulé mung nganggo tèknologi, wong-wong isa dadi . . .

  • kurang perduli karo kancané.

  • kesepian lan ngrasa ora berharga.

  • égois.

SING PERLU DIPIKIRKÉ

PERDULI KARO WONG LIYA

Wong sing perduli seneng mikirké wong liya. Tapi, nèk terlalu sibuk SMS-an, chatting-an, utawa ndeloki média sosial, awaké dhéwé dadi ora nduwé wektu kanggo mikirké wong liya.

Nèk pesan masuké terlalu akèh, mbalesiné dadi mung asal-asalan, dadi ora isa bener-bener ngerti piyé keadaané kancané. Nèk wis ngono, dadi ora ngerti nèk ana kanca sing butuh bantuan.

COBA DIPIKIR: Nèk komunikasiné karo kanca-kanca nganggo perangkat èlèktronik, piyé carané bèn njenengan ”isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya”?​—1 PÉTRUS 3:8.

NGRASA ORA BERHARGA

Menurut penelitian, bar ndelok postingané wong-wong ing média sosial, akèh sing ngrasa nèk uripé nelangsa. Jaréné bar ndeloki postingan ing média sosial, wong-wong kuwi dadi ”ngrasa nèk uripé mung ngono-ngono waé”.

Terus, ndeloki foto-fotoné wong liya sing diposting kuwi isa marahi iri. Mungkin ana sing ngrasa nèk uripé ora nyenengké, merga mbandhingké karo uripé wong liya sing kétoké luwih pénak.

COBA DIPIKIR: Wektu ndeloki postingané wong-wong ing média sosial, piyé carané bèn njenengan ora nganti iri karo wong liya?​—GALATIA 6:4.

MIKIRKÉ KEPENTINGANÉ DHÉWÉ

Ana guru sing crita nèk murid-muridé ana sing égois lan gelem kancanan mung nèk ana untungé thok. Wong sing kaya ngono kuwi mung mikirké kepentingané dhéwé. Kanca-kancané dianggep kaya alat sing digolèki mung nèk pas dibutuhké thok.

COBA DIPIKIR: Nèk njenengan mèh posting sesuatu, apa tujuané mung kanggo pamèr lan saingan?​—GALATIA 5:26.

SING PERLU DIUPAYAKKÉ

PIKIRNA APA PENGARUHÉ TÈKNOLOGI KANGGO NJENENGAN

Nèk nganggoné bener, tèknologi isa mbantu njenengan bèn luwih akrab karo kanca-kancané njenengan.

KANDHANÉ ALKITAB: ”Wong sing nduwé katresnan kuwi . . . ora mung mikirké kepentingané dhéwé.”​—1 KORINTUS 13:4, 5.

Sing endi sing péngin njenengan coba? Njenengan ya isa nambahi dhéwé ing ngisoré.

  • Daripada mung SMS-an, chatting-an, utawa ngirim e-mail, mendhing ketemu langsung

  • Pas lagi ngobrol, HP-né disimpen sik (utawa disetèl mode diam)

  • Aja kerep-kerep ndeloki média sosial

  • Nèk ana sing ngomong, ya dirungokké tenanan

  • Nèk ngerti ana kanca sing lagi susah, ya coba dihubungi