Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

1 DONYA IKI TAMBAH KACAU

1 Kudu Njaga Keséhatan

1 Kudu Njaga Keséhatan

NGAPA PENTING

Nèk ana musibah, awaké dhéwé isa lara.

  • Keadaan sing kacau isa nggawé wong dadi strès. Nèk terus-terusan strès, wong isa gampang lara.

  • Merga keadaané kacau, dadi angèl kanggo éntuk perawatan keséhatan.

  • Bencana alam nggawé wong-wong dadi ora nduwé dhuwit. Meréka dadi ora isa tuku panganan sing bergizi lan obat.

Faktané

  • Nèk lagi lara lan strès tapi ora njaga keséhatan, larané isa tambah parah.

  • Nèk ora berobat, larané ora mari-mari.

  • Nèk séhat, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik meskipun keadaané kacau.

  • Awaké dhéwé isa terus njaga keséhatan meskipun ora nduwé dhuwit.

Sing Kudu Diupayakké

Kudu mikir sik nèk arep nggawé keputusan, termasuk soal keséhatan. Bèn isa tetep séhat lan ora ketularan penyakit, awaké dhéwé kudu resikan.

”Nèk resikan, awaké dhéwé dadi ora gampang lara. Dadi ora perlu ing dokter lan tuku obat.”​—Andreas. *

^ Jeneng-jeneng ing majalah iki dudu jeneng asliné.