Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Surat saka Pengurus Pusat

Surat saka Pengurus Pusat

Para Penginjil sing tak sayangi,

Coba bayangna njenengan lagi ing Gunung Zaitun karo para rasul, terus Yésus teka. Nah sakdurungé munggah swarga Yésus ngomong ngéné, ”Pas kowé nampa roh suci, kowé bakal nduwé kuwasa. Kowé ya bakal dadi seksiku ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.” (Kis. 1:8) Piyé perasaané njenengan?

Mungkin njenengan wedi merga tugasé ora gampang. Njenengan mungkin mikir, ’Murid-muridé Yésus kan jumlahé ora akèh, apa ya isa nginjil tekan ”panggonan sing paling adoh ing bumi”?’ Terus njenengan ya kèlingan Yésus tau ngomong, ”Budhak ora ngluwihi majikané. Nèk wong-wong nganiaya aku, wong-wong kuwi ya bakal nganiaya kowé. Nèk wong-wong nindakké omonganku, wong-wong kuwi ya bakal nindakké omonganmu. Wong-wong kuwi nentang wong-wong sing dadi muridku, merga wong-wong kuwi ora kenal karo Dhèwèké sing ngutus aku.” (Yoh. 15:20, 21) Bar kuwi mungkin njenengan mikir manèh, ’Piyé bèn aku isa tetep nginjil meskipun dianiaya?’

Saiki Seksi-Seksi Yéhuwah ya nginjil karo ”wong-wong saka kabèh bangsa” nganti tekan ”panggonan sing paling adoh ing bumi”. (Mat. 28:19, 20) Meskipun ana tantangan, piyé carané bèn awaké dhéwé isa tetep nginjil?

Ing buku Kisah Para Rasul dicritakké nèk para rasul lan wong-wong Kristen wektu kuwi isa terus nginjil merga bantuané Yéhuwah. Nèk maca buku iki, njenengan dadi isa mbayangké kisahé wong-wong kuwi. Njenengan mesthi ya seneng ngerti critané wektu murid-muridé Yésus tambah akèh. Kisahé mesthi menarik banget, soalé sing dialami karo wong-wong Kristen wektu kuwi padha kaya sing awaké dhéwé alami saiki. Sing padha ora mung soal nginjilé thok, tapi ya soal carané kuwi diatur. Nèk sinau saka kisah iki, njenengan mesthi bakal tambah yakin nèk Yéhuwah terus mbantu bèn umaté isa terus nginjil.

Kami terus ndongakké bèn imané njenengan saya kuwat sakwisé sinau buku iki. Njenengan mesthi tambah yakin nèk Yéhuwah bakal terus mbantu liwat roh suciné. Nèk ngetrapké sing njenengan pelajari saka buku iki, njenengan bakal semangat kanggo ”mènèhi penjelasan sing lengkap” soal Kerajaané Gusti Allah lan mbantu wong liya dislametké.​—Kis. 28:23; 1 Tim. 4:16.

Sedulur-sedulurmu,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah