Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 1

Piyé Carané Ngrungokké Gusti Allah?

Piyé Carané Ngrungokké Gusti Allah?

Maca Alkitab kuwi padha karo ngrungokké Gusti Allah. 2 Timotius 3:16

Gusti Allah ngongkon manungsa bèn nulis apa sing Dhèwèké karepké supaya dingertèni manungsa. Kuwi ditulis ing buku sing jenengé Alkitab.

Gusti Allah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Nèk ngrungokké Dhèwèké, njenengan bakal dadi wong sing wicaksana.​—Wulang Bebasan 1:5.

Gusti Allah péngin kabèh wong maca Alkitab. Saiki, Alkitab basané macem-macem.

Nèk péngin ngrungokké Gusti Allah, njenengan kudu maca lan ngerti isiné Alkitab.

Saiki ana akèh sing sinau Alkitab. Matius 28:19

Seksi-Seksi Yéhuwah isa mbantu njenengan ngerti isiné Alkitab.

Sak donya, Seksi-Seksi Yéhuwah ngajari wong-wong soal Gusti Allah.

Nèk péngin sinau soal kuwi, ora perlu mbayar. Njenengan ya isa teka ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.