Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 2

Gusti Allah Kuwi Sapa?

Gusti Allah Kuwi Sapa?

Gusti Allah kuwi mung siji lan jenengé Yéhuwah. (Mazmur 83:18) Gusti Allah kuwi ora kétok lan manggoné ing swarga. Gusti Allah sayang karo awaké dhéwé. Gusti Allah ya péngin awaké dhéwé sayang karo Dhèwèké lan sayang karo wong liya. (Matius 22:35-40) Gusti Allah kuwi Mahakuwasa lan sing nggawé sak kabèhé.

Sing diciptakké pertama kali kuwi malaékat sing kuwat, sing saiki disebut Yésus Kristus. Yéhuwah ya nyiptakké malaékat liyané.

Yéhuwah nyiptakké kabèh sing ana ing swarga . . . lan ing bumi. Wahyu 4:11

Yéhuwah nyiptakké langit lan bumi sak isiné.​—Purwaning Dumadi 1:1.

Yéhuwah nyiptakké manungsa sing pertama, yaiku Adam, saka debu.​—Purwaning Dumadi 2:7.