Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 5

Pas Jamané Nuh, Sapa sing Ngrungokké Gusti Allah?

Pas Jamané Nuh, Sapa sing Ngrungokké Gusti Allah?

Pas jamané Nuh, mèh kabèh wong ora ngrungokké Gusti Allah. Purwaning Dumadi 6:5

Keturunané Adam lan Hawa saya akèh ing bumi. Ana akèh malaékat sing mèlu-mèlu mbrontak kaya Sétan.

Malaékat-malaékat kuwi teka ing bumi lan dadi manungsa bèn isa nikah karo wong-wong wédok. Terus, wong-wong wédok kuwi nglairké anak lanang sing gedhé, kuwat, lan kejem banget.

Bumi kebak wong jahat. Alkitab kandha, ”Kejahatané manungsa akèh banget ing bumi. Pikiran lan atiné manungsa jahat terus.”

Nuh ngrungokké Gusti Allah lan nggawé kapal gedhé. Purwaning Dumadi 6:13, 14, 18, 19, 22

Nuh kuwi wong sing apik. Yéhuwah ngandhani Nuh nèk wong jahat bakal dihukum nganggo banjir gedhé.

Gusti Allah ngongkon Nuh nggawé kapal sing gedhé bèn keluargané Nuh lan kéwan-kéwan isa mlebu ing kono.

Nuh ya ngandhani wong-wong nèk bakal ana Banjir Gedhé, ning wong-wong kuwi ora ngrungokké. Nuh malah diécé lan disengiti.

Bar kapal kuwi rampung, Nuh nggawa kéwan-kéwan mlebu ing kapal kuwi.