Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 6

Apa Pelajaran saka Banjir Gedhé?

Apa Pelajaran saka Banjir Gedhé?

Gusti Allah ngukum wong jahat, ning nylametké keluargané Nuh. Purwaning Dumadi 7:11, 12, 23

Ana udan deres 40 dina 40 bengi sing marahi banjir sak donya. Kabèh wong jahat mati.

Malaékat-malaékat sing jahat bali ing swarga lan dadi roh-roh jahat.

Kabèh sing ana ing njero kapal slamet. Pancèn saiki Nuh lan keluargané wis mati, ning Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong kuwi bèn isa urip saklawasé.

Gusti Allah bakal ngukum wong jahat, ning nylametké wong apik. Matius 24:37-39

Saiki, Sétan lan roh-roh jahat isih mengaruhi wong-wong.

Kaya jamané Nuh, saiki akèh wong ora gelem manut karo Yéhuwah. Ora suwé manèh Yéhuwah bakal ngukum wong jahat.​—2 Pétrus 2:5, 6.

Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya niru contoné Nuh, yaiku ngrungokké lan manut karo Gusti Allah.