Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 7

Yésus Kuwi Sapa?

Yésus Kuwi Sapa?

Yéhuwah ngutus Yésus ing bumi. 1 Yohanes 4:9

Suwé sakdurungé nyiptakké Adam, Yéhuwah nyiptakké malaékat sing kuwat ing swarga. Nèk péngin nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngrungokké malaékat kuwi.

Yéhuwah ngutus malaékat kuwi ing bumi dadi manungsa. Dhèwèké lair ing Bètlehèm saka prawan sing jenengé Maria, terus dhèwèké dijenengi Yésus.​—Yohanes 6:38.

Yésus nduwé sipat-sipat sing padha karo Gusti Allah. Dhèwèké apikan, perduli, lan gampang dicedhaki. Yésus ya kendel ngandhani wong soal Yéhuwah.

Yésus kuwi apikan, ning malah disengiti. 1 Pétrus 2:21-24

Yésus ya marèkké wong lara lan nguripké manèh wong mati.

Yésus ngandhani wong-wong nèk para pemimpin agama kuwi jahat lan ajarané ora bener. Mula, para pemimpin agama sengit karo Yésus.

Para pemimpin agama ngojok-ojoki pamréntah Roma bèn nggebugi lan matèni Yésus.