Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 8

Ngapa Kok Yésus Kudu Mati?

Ngapa Kok Yésus Kudu Mati?

Yésus mati bèn manungsa isa urip saklawasé. Yohanes 3:16

Telung dina sakwisé Yésus mati, Yéhuwah nguripké Yésus manèh. Pas wong-wong wédok marani kuburané Yésus, kuburané kosong.

Yésus nemoni para rasulé.

Yéhuwah nguripké Yésus manèh ing swarga. Yésus dadi malaékat sing ora isa didelok. Yésus ya ora isa mati manèh. Murid-murid ndelok Yésus munggah swarga.

Gusti Allah nguripké Yésus manèh lan nglantik Yésus dadi raja. Danièl 7:13, 14

Yésus masrahké uripé dadi tebusan kanggo manungsa. (Matius 20:28) Tebusan kuwi sing nggawé manungsa urip saklawasé.

Yéhuwah milih Yésus dadi raja kanggo mréntah bumi. Ana 144.000 sing diuripké manèh bèn isa urip ing swarga bareng Yésus. Pamréntahané Yésus lan 144.000 disebut Kerajaané Gusti Allah.​—Wahyu 14:1-3.

Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé bumi dadi Firdaus. Ora bakal ana manèh perang, kejahatan, kelaparan, lan wong mlarat. Kabèh wong bakal bahagia.​—Mazmur 145:16.