Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 3

Kepriyé Wong-Wong Bisa Ngerti Manèh Wulangan sing Bener saka Alkitab?

Kepriyé Wong-Wong Bisa Ngerti Manèh Wulangan sing Bener saka Alkitab?

Siswa-Siswa Alkitab, 1870-an

Warta Penting édhisi kapisan, 1879

Warta Penting saiki

Alkitab ngramalaké yèn sawisé Yésus séda, ing antarané wong Kristen ing jamané para rasul bakal ana guru-guru palsu sing ngrusak wulangan sing bener saka Alkitab. (Para Rasul 20:29, 30) Kuwi bener-bener kedadéan. Guru-guru palsu nyampur wulangané Yesus karo wulangané agama kapir. Mula, wulangan sing palsu ing agama Kristen saya akèh. (2 Timotéus 4:3, 4) Kepriyé awaké dhéwé bisa yakin yèn saiki pancen wis nampa wulangan sing satenané saka Alkitab?

Yéhuwah nduduhaké wulangan sing bener. Yéhuwah ngramalaké yèn ing ”wekasaning jaman; . . . kawruh bakal saya wuwuh”, utawa saya akèh. (Dhanièl 12:4) Ing taun 1870 ana wong-wong sing kepéngin ngerti wulangan sing bener saka Alkitab. Wong-wong kuwi ngerti yèn akèh wulangané gréja ora cocog karo Alkitab. Mula, wong-wong mau nliti wulangan sing satenané saka Alkitab lan diberkahi pangertèn sing bener saka Yéhuwah.

Wong-wong sing tulus nliti Alkitab. Siswa-Siswa Alkitab, yaiku sebutané Seksi-Seksi Yéhuwah jaman biyèn, sregep sinau Alkitab. Sinauné miturut bab sing dirembug. Yèn salah sijiné bab sing dirembug wis rampung, banjur ganti ngrembug bab liyané. Cara iku isih dienggo nganti saiki. Yèn ana ayat sing angèl dingertèni, wong-wong kuwi nggolèk ayat-ayat liyané sing bisa nerangaké ayat kuwi. Sawisé éntuk katrangan sing cocog karo kabèh isiné Alkitab, banjur katrangan iku dicathet. Dadi, Alkitab dhéwé sing nerangaké ayat-ayaté. Nganggo cara kuwi, wong-wong mau bisa ngerti wulangan sing bener bab asmané lan Kratoné Gusti Allah, kersané Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa, kahanané wong mati, lan pangarep-arep bab wong mati sing bakal diuripaké manèh. Dadi, wong-wong kuwi bisa bébas saka kapracayan lan tradhisi sing salah.Yokanan 8:31, 32.

Ing taun 1879 Siswa-Siswa Alkitab ngerti yèn wong-wong perlu dikandhani bab wulangan sing bener. Mula, wiwit taun iku, majalah Warta Penting Bab Kratoné Yéhuwah dicétak nganti sapréné. Saiki wulangan sing bener saka Alkitab wis diwartakaké ing 240 negara lan nganggo luwih saka 750 basa. Pangertèn sing bener pancèn wis akèh banget.

  • Sawisé Yésus séda, wulangan sing bener saka Alkitab dadi kepriyé?

  • Kepriyé Seksi-Seksi Yéhuwah bisa ngerti manèh wulangan sing bener saka Alkitab?