Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 4

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Nggawé Terjemahan Dunia Baru?

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Nggawé Terjemahan Dunia Baru?

Kongo (Kinshasa)

Rwanda

Terjemahané Simakhus sing nyathet asmané Gusti Allah ing Jabur 69:31, abad katelu utawa kapapat M

Wis puluhan taun lawasé akèh terjemahan sing wis digunakaké, dicétak, lan disebaraké karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Nanging, ana kabutuhan kanggo mbantu wong-wong nduwé pangertèn bab Gusti Allah sing tambah jero, kaya sing dikersakaké Gusti Allah kanggo kabèh manungsa. Mula, perlu ana terjemahan Alkitab sing luwih anyar. (1 Timotéus 2:3, 4) Ing taun 1950 Seksi-Seksi Yéhuwah mulai nggawé Alkitab Terjemahan Dunia Baru nganggo basa sing dingertèni. Alkitab iki wis diterjemahaké mèh kaya asliné ing luwih saka 130 basa.

Butuh Alkitab sing luwih gampang dingertèni. Basa iku terus ngetutaké majuné jaman, nanging isih akèh terjemahan Alkitab sing isih nggunakaké tembung-tembung kuna sing angèl dingertèni. Lan manèh, wis ditemokaké bagéan-bagéan Alkitab kuna sing mèh kaya asliné sing bisa mbantu wong-wong luwih ngerti basa asliné Alkitab, yaiku Ibrani, Aram, lan Yunani.

Butuh terjemahan sing ora ngowahi isiné Alkitab. Wong sing nerjemahaké Alkitab ora éntuk ngowahi isiné Alkitab, lan kudu cocog karo tulisan asliné. Nanging, akèh terjemahan Alkitab sing ngilangi asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah.

Butuh Alkitab sing ngluhuraké sumberé, yaiku Gusti Allah. (2 Samuèl 23:2) Ing Terjemahan Dunia Baru, deloken asmané Yéhuwah dibalèkaké manèh kira-kira ping 7.000, kaya sing ana ing Alkitab asliné. Contoné kaya gambar ing ngisor iki. (Jabur 83:19) Sawisé pirang-pirang taun sinau sing tliti, Seksi-Seksi Yéhuwah bisa ngetokaké terjemahan Alkitab sing kepénak diwaca lan cetha nerangaké pikirané Gusti Allah. Nduwé apa ora Terjemahan Dunia Baru, sing penting panjenengan ajeg maca Alkitab saben dina.Yusak 1:8; Jabur 1:2, 3.

  • Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé terjemahan Alkitab sing luwih anyar?

  • Apa sing perlu ditindakaké wong-wong sing kepéngin sinau kersané Gusti Allah saben dina?