Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 7

Ana Acara Apa Waé ing Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?

Ana Acara Apa Waé ing Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?

Selandia Baru

Jepang

Uganda

Lithuania

Ing pakumpulan ibadahé wong Kristen ing jamané para rasul, acarané ngidung, ndonga, maca, lan ngrembug Kitab Suci. Ora ana upacara agama. (1 Korinta 14:26) Pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah niru conto kuwi.

Ana wulangan saka Alkitab sing bisa ditindakaké. Ing dina Setu utawa Minggu, ana ceramah Alkitab sing suwéné 30 menit. Ceramahé ngrembug bab gunané Alkitab kanggo urip ing jaman saiki. Sing teka diajak mbukak ayat-ayat sing diwaca. Bar kuwi, acarané Sinau ”Warta Penting”, yaiku ngrembug majalah Warta Penting sing kusus kanggo sinau bareng. Sapa waé éntuk urun rembug. Acara iki mbantu sing teka supaya bisa nindakaké pathokané Alkitab ing urip saben dinané. Ing luwih saka 110.000 jemaat sadonya, sing disinaoni mesthi padha.

Ana wulangan kanggo mulang Alkitab. Liyané dina Setu utawa Minggu, ana acara pakumpulan sing disebut Urip lan Nginjilé Wong Kristen, sing bahané saka Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé Wong Kristen. Acarané ana telu. Sing sepisanan, Sinau saka Alkitab, ngrembug ayat-ayat Alkitab sing sadurungé wis diwaca ing omah. Sawisé kuwi, ing acara Ditrapké Wektu Nginjil, ana sedulur-sedulur sing nduduhaké carané ngrembug Alkitab karo wong liya. Banjur, ana pinituwa sing ngandhani supaya bisa luwih apik anggoné maca lan mulang. (1 Timotéus 4:13) Sing pungkasan, Uripé Wong Kristen. Acara iki ngrembug carané ngetrapaké pathokané Alkitab ing urip saben dina. Sing teka uga éntuk urun rembug supaya luwih ngerti isiné Alkitab.

Piwulang Alkitab ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah iku apik banget. Yèn teka, panjenengan mesthi gumun.Yésaya 54:13.

  • Ana acara apa waé ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?

  • Panjenengan kepéngin teka ing pakumpulan ibadah sing endi?