Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Bab 17

Apa Waé Tugasé Pinituwa Wilayah?

Apa Waé Tugasé Pinituwa Wilayah?

Malawi

Kelompok nginjil

Nginjil

Rapat pinituwa

Prajanjian Anyar ing Alkitab kerep nulis bab Barnabas lan rasul Paulus. Wong-wong iku pinituwa sing tugasé niliki jemaat-jemaat. Kuwi ditindakaké merga tenanan nggatèkaké kahanané sedulur-sedulur saiman. Paulus kandha yèn dhèwèké kepéngin ”bali niliki para sadulur” kanggo ndelok kahanané. Dhèwèké gelem lunga atusan kilo adohé kanggo nguwataké para anggota jemaat. (Para Rasul 15:36) Ing jaman saiki, ana uga pinituwa sing tugasé niliki jemaat-jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah.

Nguwataké para anggota jemaat. Saben pinituwa wilayah nekani kira-kira 20 jemaat. Tekané ing saben jemaat setaun ping pindho, lan saben teka suwéné seminggu. Anggota jemaat bisa éntuk paédah saka pengalaman para pinituwa iki lan uga bojoné, yèn wis nduwé bojo. Wong-wong iki ngupaya nggatèkaké saben anggota jemaat, sing tuwa karo sing enom, lan seneng ngancani nginjil sarta mulang Alkitab. Sing uga ditindakaké yaiku angon jemaat bareng para pinituwa jemaat. Kejaba kuwi, pinituwa wilayah mènèhi ceramah ing pakumpulan ibadah lan kebaktian kanggo nguwataké anggota jemaat.—Para Rasul 15:35.

Nggatèkaké kabèh wong ing jemaat. Para pinituwa wilayah kepéngin mbantu jemaat-jemaat supaya tetep cedhak karo Gusti Allah. Wong-wong kuwi nganakaké rapat karo para pinituwa lan abdiné jemaat, kanggo mriksa apa waé sing wis ditindakaké lan ngandhani carané nindakaké tanggung jawab ing jemaat. Uga mbantu para perintis supaya éntuk asil sing apik ing gawéan nginjil. Wektu niliki jemaat, mesthi kepéngin kenalan karo anggota jemaat sing anyar, lan seneng yèn wong anyar kuwi lagi ngupaya cedhak karo Gusti Allah. Para pinituwa wilayah seneng dadi ’réwang nyambut-gawé’ kanggo anggota jemaat. (2 Korinta 8:23) Imané lan tumindaké ing sajroné ngabdi marang Gusti Allah pancèn patut ditiru.—Ibrani 13:7.

  • Kanggo apa para pinituwa wilayah niliki jemaat-jemaat?

  • Panjenengan éntuk paédah apa wektu pinituwa wilayah niliki jemaat?