Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 20

Apa sing Ditindakaké Pengurus Pusat ing Jaman Saiki?

Apa sing Ditindakaké Pengurus Pusat ing Jaman Saiki?

Pengurus pusat ing jamané para rasul

Macakaké surat saka pengurus pusat

Ing jamané para rasul, ana sabagéan ”para rasul lan para pinituwa” ing Yerusalem sing dadi pengurus pusat. Yèn ana perkara penting sing perlu diputusi, pengurus pusat iku sing nggawé putusan kanggo jemaat-jemaat. Wektu kuwi, kabèh anggotané jemaat yakuwi wong-wong sing ditetepake roh suci kanggo dadi raja ing swarga. (Para Rasul 15:2) Sadurungé netepaké putusan sing penting, pengurus pusat iku ngrembug saka Alkitab lan ndonga njaluk tuntunan saka roh suci. (Para Rasul 15:25) Semono uga, Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing jaman saiki niru conto kuwi.

Nindakaké gawéan sing cocog karo kersané Gusti Allah. Sing dadi anggotané Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing jaman saiki uga wong Kristen sing ditetepaké roh suci kanggo dadi raja ing swarga. Wong-wong kuwi tenanan anggoné manut karo Alkitab, lan wis nduwé pengalaman nandangi akèh gawéan. Saben minggu, Pengurus Pusat ngrembug apa sing dadi kabutuhané jemaat sadonya. Kaya ing jamané para rasul, tuntunan saka Alkitab dikirim ing jemaat nganggo surat utawa liwat pinituwané wilayah, uga srana cara liyané. Dadi, sing ditindakaké umaté Gusti Allah bisa padha kabèh sadonya. (Para Rasul 16:4, 5) Pengurus Pusat mènèhi conto lan mbantu para sedulur supaya sregep martakaké kabar apik. Pengurus Pusat uga ngawasi pas nggawé bahan kanggo sinau Alkitab, lan pas netepaké para pinituwa utawa abdiné jemaat.

Nindakaké gawéan sing dituntun roh suci. Pengurus Pusat njaluk tuntunané Yéhuwah, Sing Nguwasani Langit lan Bumi, lan Yesus, Sesirahé jemaat. (1 Korinta 11:3; Éfesus 5:23) Para anggotané ora tau rumangsa dadi pemimpiné umaté Gusti Allah. Pengurus Pusat lan kabèh sing ditetepaké kanggo dadi raja ing swarga ”ndhèrèkaké Sang Cempé ing satindak-tindaké”. (Wahyu 14:4) Pengurus Pusat seneng yèn didongakaké para anggota jemaat liyané.

  • Sapa waé anggota pengurus pusat ing jamané para rasul?

  • Kepriyé anggoné Pengurus Pusat ing jaman saiki njaluk tuntunan saka Gusti Allah?