Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 24

Kepriyé Carané Gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah Sadonya Diragadi?

Kepriyé Carané Gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah Sadonya Diragadi?

Nepal

Togo

Inggris

Saben taun, pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah nyétak lan ngedum atusan yuta Alkitab lan bahan kanggo sinau Alkitab. Kabèh kuwi ora mbayar. Seksi-Seksi Yéhuwah uga mbangun lan ngrumat akèh Balé Ibadah lan kantor cabangé. Pakumpulan ngragadi Seksi Yéhuwah sing nyambut gawé ing Bètel lan utusan injil, sing cacahé éwon. Wektu ana musibah, pakumpulan uga mèlu nyumbang. Mbokmenawa panjenengan takon, ”Kepriyé carané gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah sadonya diragadi?”

Ora nganggo dhuwit prasepuluhan, pasokan, utawa kolèkte. Seksi-Seksi Yéhuwah ora tau njaluk dhuwit marang wong-wong senajan ragad kanggo martakaké kabar apik sadonya iku gedhé. Luwih saka satus taun kepungkur, cétakan majalah Warta Penting sing kapindho kandha yèn Seksi-Seksi Yéhuwah percaya karo Yéhuwah sing bisa mbantu, lan ”ora bakal ngemis utawa njaluk-njaluk marang manungsa kanggo mbantu”. Ya pancèn ora tau njaluk.Matéus 10:8.

Diragadi nganggo sumbangan saka lilaning ati. Merga ngajèni gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah anggoné mulang Alkitab, wong-wong gelem mènèhi sumbangan. Para Seksi Yéhuwah dhéwé seneng nyumbang wektu, tenaga, dhuwit, lan srana liyané, kanggo nindakaké kersané Yéhuwah ing saindenging donya. (1 Babad 29:9) Wong sing kepéngin mènèhi sumbangan bisa nyemplungaké dhuwité ing kothak sumbangan. Kothak sumbangan kuwi ana ing Balé Ibadah lan ing kebaktian. Sumbangan kuwi akèh-akèhé saka wong sing ora akèh dhuwité. Wong-wong kuwi kaya randha mlarat sing dialem Yésus, merga nyemplungaké dhuwit rècèh loro sing cilik banget ajiné ing kothak sumbangan sing ana ing Padaleman Suci. (Lukas 21:1-4) Dadi, sapa waé bisa ajeg nyisihaké dhuwité kanggo nyumbang saka ”rilaning atiné”.1 Korinta 16:2; 2 Korinta 9:7.

Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Yéhuwah bakal maringi krenteg wong-wong supaya gelem nyumbang. Kuwi tegesé wong-wong mau ’ngluhuraké Yéhuwah kalawan bandhané’, supaya bisa nindakaké kersané Yéhuwah kanggo martakaké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah.Wulang Bebasan 3:9.

  • Apa bédané Seksi-Seksi Yéhuwah karo agama liyané?

  • Sumbangan saka lilaning ati dienggo apa waé?