Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 26

Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Ngrumat Balé Ibadahé?

Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Ngrumat Balé Ibadahé?

Estonia

Zimbabwe

Mongolia

Puerto Riko

Saben Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah makili asmané Gusti Allah sing suci. Seksi-Seksi Yéhuwah njaga Balé Ibadahé tetep resik, pantes, lan kerumat. Iku kaurmatan sing gedhé banget lan bagéan saka ibadah kang suci. Mula, kabèh bisa mèlu ngrumat Balé Ibadah.

Mèlu resik-resik sawisé pakumpulan ibadah rampung. Sawisé pakumpulan ibadah rampung, para Seksi Yéhuwah seneng ngresiki lan nata Balé Ibadahé. Ana pinituwa utawa abdiné jemaat sing ngatur gawéan, sing kudu ditindakaké manut apa sing wis diatur lan ditemtokaké. Ana sing lila nyapu, ngepèl, nata kursi, ngresiki WC, ngelapi kaca lan pengilon, ngguwang sampah, utawa ngresiki latar. Kabèh manut karo kabutuhané. Setaun sepisan, ana dina kusus kanggo resik-resik sakabèhé. Bisa ngajak bocah-bocah mèlu ngréwangi. Iku carané mulang bocah-bocah mau ngajèni Balé Ibadahé.Kohèlèt 4:17.

Mèlu ndandani sing rusak. Saben taun, bagéan njaba lan njeroné Balé Ibadah perlu dipriksa. Yèn ana sing rusak, cepet didandani supaya mengkoné ora ngetokaké ragad sing ora perlu. (2 Babad 24:13; 34:10) Balé Ibadah sing resik lan kerumat dadi panggonan sing pantes kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Mèlu ngresiki lan ndandani Balé Ibadah mbuktèkaké yèn Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi nresnani Yéhuwah lan ngajèni Balé Ibadahé. (Jabur 122:1) Kuwi uga mbantu wong-wong liya mèlu ngajèni Balé Ibadah lan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.2 Korinta 6:3.

  • Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah kudu ngrumat Balé Ibadahé?

  • Kepriyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah ngresiki Balé Ibadahé?