Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 3

Rakhab Percaya karo Yéhuwah

Rakhab Percaya karo Yéhuwah

Bayangna saiki kowé lagi nèng kutha Yérikho. Kutha kuwi ana nèng Kanaan. Wong-wong nèng kutha kuwi ora nyembah Yéhuwah. Ana wong wédok sing manggon nèng kutha kuwi, jenengé Rakhab.

Wektu Rakhab isih cilik, dhèwèké krungu critané bangsa Israèl. Contoné, critané Musa sing mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir, terus nyebrang Laut Merah. Rakhab ya krungu critané Yéhuwah sing nulungi bangsa Israèl menang perang. Saiki, Rakhab krungu nèk wong Israèl padha kémah nèng cedhak Yérikho.

Rakhab ndhelikké wong Israèl sing teka ing omahé merga percaya karo Yéhuwah

Bengi-bengi, ana wong loro saka Israèl mlebu nèng kutha Yérikho ndhelik-ndhelik. Wong-wong kuwi arep ndelok kahanané kutha kuwi. Wong Israèl mau teka nèng omahé Rakhab, terus dikon nginep nèng kono. Pas bengi kuwi, raja Yérikho éntuk kabar nèk ana wong Israèl sing mlebu ndhelik-ndhelik nèng kuthané lan nginep nèng omahé Rakhab. Raja Yérikho ngutus wong kon nyekel wong-wong mau, ning malah wis didhelikké Rakhab nèng ndhuwur omahé. Rakhab terus ngandhani utusané raja, ’Wong Israèl mau mréné, ning saiki wis padha lunga saka kutha iki. Nèk kowé ngoyak wong-wong kuwi saiki, mesthi isa kecekel’. Ngapa Rakhab ndhelikké wong-wong Israèl kuwi?— Merga Rakhab percaya karo Yéhuwah lan yakin nèk Yéhuwah arep maringi tanah Kanaan kanggo wong Israèl.

Sakdurungé lunga saka omahé Rakhab, wong-wong Israèl janji nèk Rakhab karo keluargané isa slamet pas Yérikho diserang karo bangsa Israèl. Ning, wong Israèl njaluk syarat kanggo Rakhab. Kowé ngerti ora apa syaraté?— Wong-wong Israèl ngomong, ’Tali abang iki kudu mbok gantungké nèng jendhélamu. Supaya kowé karo keluargamu isa slamet.’ Rakhab nindakké syarat kuwi. Bar kuwi, critané terus piyé?—

Yéhuwah nylametké Rakhab karo keluargané

Liya dina, wong-wong Israèl ngubengi kutha Yérikho lan dikon meneng kabèh. Wong-wong kuwi ngubengi kuthané sedina ping siji, nganti nem dina. Ning, pas dina sing kepitu, kuthané diubengi ping pitu. Bar kuwi, wong Israèl padha surak-surak banter banget. Ujug-ujug, temboké kutha Yérikho ambruk merga kwasané Yéhuwah. Ning, omah sing ana tali abangé ora mèlu ambruk. Saiki, coba didelok nèng gambar. Sing endi omahé Rakhab?— Rakhab lan keluargané slamet!

Kowé isa sinau apa saka critané Rakhab?— Rakhab percaya karo Yéhuwah merga wis tau krungu kwasané Yéhuwah sing hébat. Kowé saiki ya lagi sinau kwasané Yéhuwah sing hébat. Kowé mesthi ya percaya karo Yéhuwah, ta?— Apik banget jawabanmu!