Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 4

Anaké Yéfta Nyenengké Bapaké lan Yéhuwah

Anaké Yéfta Nyenengké Bapaké lan Yéhuwah

Apa janjiné Yéfta karo Yéhuwah?

Anaké Yéfta gelem mbantu mbuktèkké nèk bapaké ora ngapusi, kuwi ora gampang

Deloken gambar cah wédok iki, kowé ngerti ora kuwi sapa?— Kuwi anaké Yéfta. Alkitab ora ngandhani sapa jenengé cah wédok kuwi, ning Alkitab ngandhani nèk cah wédok kuwi nyenengké bapaké lan Yéhuwah. Ayo diwaca critané.

Yéfta kuwi wong sing apik banget. Dhèwèké kerep mulang anaké bab Yéhuwah. Yéfta kuwi wong lanang sing kuwat lan pemimpin sing apik, mulané wong-wong Israèl milih Yéfta dadi pemimpin perang.

Yéfta tau ndonga karo Gusti Allah sakdurungé perang. Yéfta janji, nèk menang perang, wong sing pisanan nemoni Yéfta pas bali nèng omah, wong kuwi bakal manggon lan nyambut gawé nèng kémah suci sakterusé. Kémah suci kuwi panggonan dinggo ngibadah karo Yéhuwah. Ndilalah, Yéfta menang perang! Sapa sing pisanan nemoni Yéfta pas mulih?—

Bener, kuwi anaké Yéfta! Yéfta mung nduwé anak siji, saiki kudu manggon nèng kémah suci sakterusé. Yéfta sedhih banget. Ning, Yéfta wis janji karo Yéhuwah. Anaké wédok ya ngomong, ’Bapak wis janji karo Yéhuwah, Bapak ya kudu ngolèhké aku lunga.’

Saben taun kanca-kancané dolan nèng nggoné anaké Yéfta

Anaké Yéfta ya sedhih, merga nèng kémah suci dhèwèké ora isa nduwé bojo karo nduwé anak. Ning, anaké Yéfta péngin banget mbantu bapaké nyenengké Yéhuwah lan mbuktèkké nèk bapaké ora ngapusi. Kanggoné anaké Yéfta, kuwi luwih penting timbang nduwé bojo lan nduwé anak. Mula, anaké Yéfta lunga saka omah lan urip nèng kémah suci sakterusé.

Apa bener anaké Yéfta nyenengké bapaké lan Yéhuwah?— Ya, bener! Kowé ya isa kaya anaké Yéfta. Nèk kowé manut lan sayang karo Yéhuwah, kowé isa nyenengké wong tuwamu lan Yéhuwah.