Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 8

Yosia karo Kanca-kancané sing Nyembah Yéhuwah

Yosia karo Kanca-kancané sing Nyembah Yéhuwah

Dadi bocah sing apik kuwi gampang apa ora?— Akèh wong krasa ora gampang. Nèng Alkitab ana critané Yosia, dhèwèké angèl dadi bocah sing apik. Ning, Yosia nduwé kanca-kanca sing seneng mbantu dhèwèké dadi bocah sing apik. Ayo saiki gatèkna critané.

Yosia kuwi anaké Amon raja Yéhuda. Amon kuwi jahat. Dhèwèké nyembah patung. Pas Amon mati, Yosia umuré lagi wolung taun, ning wis dadi raja nggantèni bapaké. Kira-kira Yosia jahat ora ya?— Yosia ora jahat!

Zéfanya ngélingké wong-wong bèn ora nyembah patung

Yosia kuwi bocah sing manut karo Yéhuwah seka cilik. Yosia gelemé nduwé kanca sing apik lan sayang karo Yéhuwah. Kanca-kancané Yosia mbantu dhèwèké dadi bocah sing apik. Sapa waé kancané Yosia kuwi?

Ana kancané Yosia sing jenengé Zéfanya. Dhèwèké kuwi nabi. Zéfanya kerep ngélingké wong-wong Israèl bèn ora nyembah patung. Mulané, Yosia ya ora nyembah patung ning nyembah Yéhuwah. Uripé Yosia lan rakyaté dadi pénak.

Kanca liyané jenengé Yérémia. Umuré Yérémia karo Yosia mèh padha. Merga omahé cedhak, wong loro kuwi akrab banget. Yérémia karo Yosia padha-padha mbantu bèn dadi bocah sing apik lan manut karo Yéhuwah. Pas Yosia mati, Yérémia nggawé lagu nggo ngéling-éling Yosia.

Yosia karo Yérémia padha-padha mbantu bèn dadi wong sing apik

Apa sing kudu kok tiru saka Yosia?— Yosia manut karo Yéhuwah seka cilik. Yosia nggolèk kanca sing nyembah Yéhuwah. Dadi, nggolèka kanca sing nyembah Yéhuwah lan isa mbantu kowé dadi bocah sing apik.